DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL | Tambah Bahagia Wektu Nginjil
Ndonga Njaluk Bantuané Yéhuwah
Nèk awaké dhéwé wis nandur, utawa mbantu wong liya kenal karo Yéhuwah, Yéhuwah sing bakal nukulké. (1Kor 3:6-9) Dadi, bèn isa mbantu sing sinau Alkitab, awaké dhéwé kudu njaluk bantuané Yéhuwah.
Njaluka karo Yéhuwah bèn sing sinau Alkitab isa berhasil ngadhepi masalahé. (Flp 1:9, 10) Sebutna apa waé masalahé. Ndongaa njaluk roh suci bèn njenengan isa mbantu lan ngekèki saran sing apik. (Luk 11:13) Njenengan isa ngajari carané ndonga, terus sing sinau isa dikon ndonga dhéwé. Ajaken ndonga bareng lan dongakna sing sinau, sebutna jenengé.
DELOKEN VIDÉO BUNGAH WEKTU NDADÈKKÉ MURID—NGGUNAKKÉ PERSEDIAAN SAKA YÉHUWAH—DONGA, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Nita ngadhepi masalah apa wektu mbantu Sari sinau Alkitab?
Merga kèlingan 1 Korintus 3:6, Nita terus ngapa?
Ngapa kok akhiré Nita berhasil mbantu Sari?