URIPÉ WONG KRISTEN
Isa Berhasil Merga Bantuané Roh Suci
Kèt mbiyèn, umaté Gusti Allah isa nglakoni hal-hal sing luar biasa, ora merga kemampuané dhéwé tapi merga bantuané Yéhuwah. Organisasiné Yéhuwah tau nggawé film sing judhulé Masyarakat Dunia Baru Sedang Beraksi, sing dirilis taun 1954. Sedulur-sedulur anggota Bètel sing mèlu nggawé film iki sakjané ora nduwé pengalaman nggawé film. Tapi, proyèk kuwi isa berhasil merga bantuan roh suciné Yéhuwah. Dadi nèk ngendelké Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa berhasil nglakoni tugas apa waé.—Za 4:6.
DELOKEN VIDÉO NGGAWÉ FILM ”MASYARAKAT DUNIA BARU SEDANG BERAKSI”, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Ngapa kok organisasi nggawé film soal kantor pusat?
Menurut film kuwi, ngapa kok Bètel isa dipadhakké kaya badané manungsa?—1Kor 12:14-20
Masalah apa waé sing dialami sedulur-sedulur wektu nggawé film, lan piyé carané ngatasi?
Saka pengalaman iki apa sing isa dipelajari soal roh suciné Yéhuwah?