PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb22 Juli hlm. 13
  • Kegiatan Khusus kanggo Mulai Pelajaran Alkitab ing Sasi September

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kegiatan Khusus kanggo Mulai Pelajaran Alkitab ing Sasi September
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kegiatan Khusus kanggo Ngandhani Wong-Wong soal Kerajaané Gusti Allah ing Sasi September
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Mulang Nganggo Buku Kabar Apik
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
mwb22 Juli hlm. 13
Gambar: Keluarga ing artikel ”Nggawé Rencana kanggo Taun Dinas sing Anyar—Dadi Perintis”. Keluarga kuwi lagi nginjil. 1. Anak wédok karo ibuné lagi ngrembug brosur ”Bahagia Saklawasé” ing ngarep lawang. 2. Simbahé lagi mulang sinau Alkitab liwat télpon nganggo brosur ”Bahagia Saklawasé”. 3. Bapak ibuné ngadeg ing samping rak beroda. Ing rak beroda kuwi ana brosur ”Bahagia Saklawasé” lan ana tawaran kanggo mèlu pelajaran Alkitab.

URIPÉ WONG KRISTEN

Kegiatan Khusus kanggo Mulai Pelajaran Alkitab ing Sasi September

Selama sasi September, awaké dhéwé fokusé nawakké pelajaran Alkitab nganggo brosur Bahagia Saklawasé. Para penginjil isa ndaftar merintis ékstra 30 jam. Iki saran-saran sing isa dipraktèkké pas mèlu kegiatan khusus iki.

  • Pas Ngabar: Bèn wong-wong tertarik, gunakna brosur Bahagia Saklawasé halaman mburi kanggo mulai omong-omongan. Terus, wongé dijak rembugan nganggo brosur kuwi. Njenengan ya isa nawakké pelajaran Alkitab karo sapa waé sing tau berminat, termasuk sing gelem diparani manèh. Wong-wong sing tau ngomong nèk ora gelem sinau Alkitab isa waé saiki gelem merga cara sinau lan bukuné béda. Aja ninggalké brosur iki ing omah sing ora ana wongé lan aja ngirim brosur iki nèk durung ngerti wongé berminat apa ora. Panitia Dinas Sidang ya isa ngatur bèn luwih kerep ana pertemuan sakdurungé nginjil selama sasi September.

  • Cara Liyané: Pajangen brosur Bahagia Saklawasé ing rak beroda. Wong sing berminat isa dikèki brosur kuwi lan dijak mèlu pelajaran Alkitab. Wongé isa langsung dijak rembugan singkat utawa isa dijak janjian sik. Pengawas penginjilan isa ngatur bèn dhaérah bisnis digarap karo penginjil sing memenuhi syarat. Njenengan ya isa nawakké pelajaran Alkitab karo kanca kerja utawa karo sapa waé sing ditemoni.

Nèk mèlu kegiatan khusus nawakké pelajaran Alkitab nganggo brosur Bahagia Saklawasé, berarti awaké dhéwé manut préntahé Yésus kanggo ndadèkké wong-wong muridé Yésus lan mulang wong-wong kuwi.​—Mat 28:19, 20.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim