PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb23 Januari hlm. 7
  • Kudu Siap Nèk Ana Keadaan Darurat Mèdis

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kudu Siap Nèk Ana Keadaan Darurat Mèdis
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Pandhangané Gusti Allah soal Getih
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Urip Kuwi Hadiah sing Berharga saka Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Niru Pandhangané Yéhuwah soal Urip
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
mwb23 Januari hlm. 7

URIPÉ WONG KRISTEN

Kudu Siap Nèk Ana Keadaan Darurat Mèdis

Ngapa kok kudu siap-siap? Isa waé ujug-ujug ana keadaan darurat mèdis lan kudu dirawat ing rumah sakit. Mula bèn isa éntuk perawatan sing paling apik lan éntuk luwih akèh manfaat saka persediaan sing wis disiapké organisasiné Yéhuwah, kèt saiki kudu siap-siap sakdurungé ana keadaan darurat mèdis. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé menghargai kehidupan lan manut hukumé Yéhuwah soal getih.​—Kis 15:28, 29.

Apa sing kudu disiapké?

  • Isinen Surat Kuasa Khusus Perawatan Kesehatan (kartu DPA).a Sakdurungé ngisi, diwaca sing tliti lan ndonga sik. Kartu DPA kuwi kanggo penginjil sing wis dibaptis lan Kartu Identitas (ic) kuwi kanggo anak-anaké sing isih cilik. Njaluké kartu kuwi ing hamba lèktur

  • Nèk njenengan lagi meteng, njaluka dokumèn Informasi bagi Ibu Hamil (S-401). Nèk maca dokumèn iki, njenengan dadi isa nggawé keputusan sing apik nèk misalé ana masalah mèdis selama kehamilan utawa pas arep nglairké

  • Nèk njenengan kudu dirawat ing rumah sakit utawa nglakoni prosedur mèdis sing mungkin nganggo getih, kudu ndang ngandhani pinituwa. Ngomonga karo pihak rumah sakit nèk njenengan bakal dikunjungi rohaniwan Seksi-Seksi Yéhuwah

Piyé carané pinituwa mbantu? Pinituwa isa mbantu njenengan wektu ngisi kartu DPA, tapi dudu kanggo nggawèkké keputusan utawa nyampèkké pendapaté soal hal-hal sing kuduné njenengan putuské dhéwé. (Rm 14:12; Gal 6:5) Nèk wis ngandhani pinituwa wektu ana darurat mèdis sing mungkin kudu nganggo getih, pinituwa bakal langsung menghubungi Panitia Penghubung Rumah Sakit (PPRS).

Piyé carané PPRS mbantu? Para sedulur ing PPRS wis dilatih bèn isa njelaské karo wong-wong ing bidang mèdis lan hukum soal kepercayaané Seksi-Seksi Yéhuwah soal getih. Meréka isa rembugan karo dokteré njenengan soal perawatan mèdis tanpa transfusi darah. Meréka ya isa nggolèkké dokter sing gelem ngekèki perawatan mèdis tanpa transfusi darah.

DELOKEN VIDÉO MILIH PERAWATAN KESÉHATAN SING ORA NGANGGO GETIH, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

  • Saka vidéo mau, njenengan kudu piyé bèn isa siap wektu ana keadaan darurat mèdis sing kudu nganggo getih?

a Ing buku Bahagia Saklawasé Pelajaran 39 ana keterangan soal carané nggawé keputusan soal perawatan mèdis sing nganggo getih.

PIYÉ BÈN ISA SIAP?

Nèk kudu milih perawatan mèdis sing mungkin kudu nganggo getih,

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim