PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb23 Mei hlm. 5
  • Piyé Bèn Isa Siap Wektu Ana Krisis Ékonomi?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Bèn Isa Siap Wektu Ana Krisis Ékonomi?
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Njenengan Wis Siap?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Carané Isa Siap Wektu Ana Bencana
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Piyé Bèn Isa Siap Wektu Ana Kerusuhan?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
Delok Kabèh
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
mwb23 Mei hlm. 5

URIPÉ WONG KRISTEN

Piyé Bèn Isa Siap Wektu Ana Krisis Ékonomi?

Akèh peristiwa saiki marakké perékonomian sak donya dadi ora stabil. Tapi awaké dhéwé ora perlu héran soalé saiki mémang wis bagéan paling akhir saka akhir jaman. Ing Alkitab ya wis disebutké bèn aja ngendelké ’harta sing isa ilang’. (1Tim 6:17; 2Tim 3:1) Bèn isa siap ngadhepi krisis ékonomi, apa sing isa dipelajari saka contoné Raja Yéhosyafat?

Pas diancam mungsuh, Yéhosyafat ngendelké Yéhuwah. (2Bb 20:9-12) Dhèwèké ya wis siap-siap sik sakdurungé. Dhèwèké mbangun bèntèng lan pos-pos pasukan kanggo njaga kutha. (2Bb 17:1, 2, 12, 13) Kaya Yéhosyafat, awaké dhéwé kudu ngendelké Yéhuwah lan siap-siap sik sakdurungé ngalami kesusahan.

PIYÉ BÈN ISA SIAP NGADHEPI KRISIS ÉKONOMI?

Kèt saiki kudu luwih akrab karo Yéhuwah: Kudu puas karo sing wis diduwèni lan kudu percaya nèk Yéhuwah mesthi isa nyedhiakké sing awaké dhéwé butuhké saben dina. (Mat 6:26; 1Tim 6:8) Kudu nduwé tékad ora bakal nglanggar pathokan ing Alkitab bèn isa nyukupi kebutuhan. (Rm 2:21) Pikirna carané bèn isa tetep maca Alkitab lan publikasi liyané nèk misalé ora ana listrik utawa internèt. Kudu nduwé beberapa publikasi tercétak. Nèk isa, wis download sik publikasi èlèktronik.

Nyiapké sing dibutuhké: Sakdurungé ana krisis ékonomi, kèt saiki aja kakèhan utang. Terus, aja tuku barang sing ora dibutuhké banget. (WB 22:7) Nèk isa, simpenen cukup persediaan panganan lan kebutuhan liyané. Njenengan ya isa nandur sayur-sayuran bèn isa luwih hémat.

DELOKEN VIDÉO PIYÉ BÈN ISA SIAP WEKTU ANA BENCANA?, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

Gambar saka vidéo ”Piyé Bèn Isa Siap Wektu Ana Bencana?” Ana gambar Alkitab, tas darurat, HP, lan rélawan pembangunan.
  • Apa sing isa disiapké saben wong sakdurungé ana bencana?

Gambar saka vidéo ”Piyé Bèn Isa Siap Wektu Ana Bencana?” Para sedulur mbantu dadi rélawan pembangunan lan ngedhunké barang-barang saka truk.
  • Bèn isa siap mbantu liyané pas ana bencana, njenengan kudu piyé?

RENCANA

Pas ibadah keluarga, rembugen majalah Gatèkna! No. 1 2022. Rembugen apa manèh sing kudu diupayakké bèn isa siap wektu ana bencana.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim