PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb24 Januari hlm. 12-13
  • 19-25 Februari

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 19-25 Februari
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2024
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2024
mwb24 Januari hlm. 12-13

19-25 FEBRUARI

MAZMUR 8-10

Lagu 2 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. ”Oh Yéhuwah, Aku Bakal Muji Njenengan”

(10 men.)

Yéhuwah apikan banget karo awaké dhéwé (Mzm 8:​3-6; w21.08 3 ¶6)

Awaké dhéwé muji Yéhuwah wektu crita karo wong liya soal perbuatané (Mzm 9:1; w20.05 23 ¶10)

Awaké dhéwé ya muji Yéhuwah wektu saktulusé ati nyanyi kanggo Dhèwèké (Mzm 9:2; w22.04 7 ¶13)

Gambar: Carané muji Yéhuwah. 1. Sedulur lansia ngekèki kesaksian perawat. 2. Para sedulur nyanyi ing pertemuan ibadah. 3. Cah lanang ngacung pas pertemuan ibadah. 4. Cah lanang ngéwangi ngresiki Balai Ibadah. 5. Cah wédok ngekèki kesaksian kanca sekolahé.

PIKIRNA: ’Apa manèh carané muji Yéhuwah?’

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Mzm 8:3—Apa sing dipelajari Daud wektu ngrenungké soal ciptaané Gusti Allah? (w23.03 19 ¶14)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

(4 men.) Mzm 10:​1-18 (th Pelajaran 11)

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(3 men.) ING OMAH-OMAH. Wong sing ditemoni ngomong nèk kesusahan kuwi cobaan saka Gusti Allah. (lmd Pelajaran 5 nomer 4)

5. Mupuk Minat

(4 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Pas ketemu sakdurungé, wongé ngomong nèk kesusahan kuwi cobaan saka Gusti Allah. Tapi dhèwèké gelem dijak rembugan soal ngapa kok manungsa uripé susah. (th Pelajaran 7)

6. Ceramah

(5 men.) w21.06 6-7 ¶15-18—Judhul: Piyé Bèn Sing Sinau Alkitab Gelem Nglayani lan Muji Yéhuwah? (th Pelajaran 10)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 10

7. Piyé Bèn Isa Luwes Ngekèki Kesaksian Pas Ketemu Sapa Waé?

(10 men.) Rembugan.

Awaké dhéwé isa muji Yéhuwah nèk crita soal Dhèwèké pas ketemu sapa waé. (Mzm 35:28) Awalé, awaké dhéwé mungkin ngrasa dheg-dhegan. Tapi nèk gelem berupaya bèn isa luwes wektu ngejak omong-omongan, mesthi isa dadi luwih trampil lan luwih menikmati.

Gambar saka vidéo ”Siap Martakké Kabar Apik sing Nggawé Ayem”—Ngejak Omong-omongan.” Sedulur wédok ngejak omong-omongan wong wédok sing lungguh ing cedhaké ing rumah makan.

Setèlen VIDÉO ”Siap Martakké Kabar Apik sing Nggawé Ayem”—Ngejak Omong-omongan. Terus takona:

Saka vidéo kuwi, piyé carané bèn isa luwih trampil ngekèki kesaksian pas ketemu sapa waé?

Saran-saran bèn isa ngejak omong-omongan:

  • Nèk mèh lunga, kudu siap ngejak omong-omongan wong liya wektu ana kesempatan. Ndongaa karo Yéhuwah bèn isa ketemu wong sing gelem dijak omong-omongan

  • Kudu ramah lan perduli karo wong sing ditemoni. Gatèkna wongé bèn ngerti topik Alkitab apa sing kira-kira cocog kanggo wong kuwi

  • Nèk isa, njaluka nomer télpon utawa alamaté

  • Aja ngrasa gagal nèk durung isa langsung ngekèki kesaksian

  • Pikirna carané mupuk minaté wong kuwi. Kirimana ayat Alkitab utawa artikel saka jw.org

Cobanen: Nèk ana sing takon, ’Minggu wingi kowé lunga ing endi?,’ critakna soal pertemuan ibadah wingi utawa kegiatan nginjilé njenengan.

8. Kebutuhané Jemaat

(5 men.)

9. Sinau Alkitab Jemaat

(30 men.) bt Bab 6 ¶1-8 lan pengantar Bagéan 2

Penutup (3 men.) | Lagu 65 lan Donga

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim