PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb24 Maret hlm. 10-11
  • 8-14 April

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 8-14 April
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2024
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2024
mwb24 Maret hlm. 10-11

8-14 APRIL

MAZMUR 26-28

Lagu 34 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

Raja Daud ndonga tenanan.

1. Bèn Tetep Setya karo Yéhuwah, Daud Piyé?

(10 men.)

Daud njaluk dibantu Yéhuwah bèn dadi wong sing luwih apik (Mzm 26:​1, 2; w04-IN 1/12 14 ¶8-9)

Daud ora bergaul karo wong sing ora sayang Yéhuwah (Mzm 26:​4, 5; w04-IN 1/12 15 ¶12-13)

Daud seneng ngibadah karo Yéhuwah (Mzm 26:8; w04-IN 1/12 16 ¶17-18)


Meskipun tau nggawé kesalahan, Daud ”saktulusé ati” nglayani Yéhuwah. (1Raj 9:4) Daud bener-bener manut lan sayang Yéhuwah. Kuwi bukti dhèwèké setya.

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Mzm 27:10—Saka ayat iki, ngapa kok awaké dhéwé isa dikuwatké nèk ngrasa ora disayangi manèh karo kanca utawa keluarga? (w06-IN 15/7 28 ¶15)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

(4 men.) Mzm 27:​1-14 (th Pelajaran 2)

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(2 men.) ING OMAH-OMAH. Gunakna selebaran saka Alat-Alat kanggo Mulang. (th Pelajaran 3)

5. Mupuk Minat

(4 men.) ING OMAH-OMAH. Rembugen pertanyaan ing halaman mburi saka selebaran sing diwènèhké sakdurungé. Kandhanana soal jw.org, lan duduhna artikel utawa vidéo sing ana ing situs wèb kuwi. (lmd Pelajaran 9 nomer 3)

6. Ceramah

(5 men.) lmd Lampiran A nomer 3—Ceramah: Bumi sing Rusak Bakal Dadi Apik Manèh. (th Pelajaran 13)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 128

7. Remaja sing Berupaya Tetep Setya lan Murni

(15 men.) Rembugan.

Cah lanang ngrenungké ayat sing lagi waé diwaca. Ing sampingé ana tablèt sing gambaré vidéo ”Pas Aku Remaja—Carané Nolak Nèk Dijak Hubungan Sèks”. Vidéoné pas adegan Yusuf mlayu wektu digodha bojoné Potifar.

Cah-cah enom sing nyembah Yéhuwah kudu berjuang bèn tetep setya merga isih durung sampurna. Apamanèh pas remaja, kepénginan kanggo hubungan sèks lagi kuwat-kuwaté. Mula, meréka kudu berusaha tenanan bèn tetep murni. (Rm 7:21; 1Kor 7:36) Meréka ya kudu nolak nèk dijak hubungan sèks karo lawan jenis utawa sesama jenis. (Éf 2:2) Awaké dhéwé mesthi bangga banget karo cah-cah enom sing berjuang bèn tetep setya.

Setèlen VIDÉO Pas Aku Remaja—Carané Nolak Nèk Dijak Hubungan Sèks. Terus takona:

  • Cory lan Kamryn digodha kanca-kancané kanggo ngapa?

  • Apa sing marakké meréka isa tetep setya?

  • Bèn isa tetep setya pas ngadhepi situasi sing padha karo Cory lan Kamryn, ayat Alkitab endi sing isa mbok éling-éling?

8. Sinau Alkitab Jemaat

(30 men.) bt Bab 8 ¶5-12

Penutup (3 men.) | Lagu 38 lan Donga

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim