PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb24 Mei hlm. 6-7
  • 27 Mei–2 Juni

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 27 Mei–2 Juni
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2024
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2024
mwb24 Mei hlm. 6-7

27 MEI–2 JUNI

MAZMUR 42-44

Lagu 86 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. Piyé Bèn Éntuk Manfaat saka sing Diwulangké Yéhuwah?

(10 men.)

Ngibadah bareng karo sedulur liyané, nèk isa teka langsung ing acara pertemuan ibadah (Mzm 42:​4, 5; w06-IN 1/6 9 ¶4)

Ndonga sakdurungé sinau Alkitab (Mzm 42:8; w12-IN 15/1 15 ¶2)

Manut karo tuntunan ing Alkitab (Mzm 43:3)

Para sedulur wédok ngrungokké tenanan lan nggawé cathetan pas pertemuan gabungan wilayah.

Merga diwulang Gusti Allah, awaké dhéwé isa tetep kuwat ngadhepi masalah lan setya nglayani Yéhuwah.—1Ptr 5:10; w16.09 6 ¶11-12.

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Mzm 44:19—Apa maksudé ”panggonané asu liar ngumpul”? (it-1-IN 151 ¶5)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

(4 men.) Mzm 44:​1-26 (th Pelajaran 11)

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(4 men.) ING OMAH-OMAH. Tawakna pelajaran Alkitab. (lmd Pelajaran 5 nomer 5)

5. Mupuk Minat

(5 men.) ING OMAH-OMAH. Undangen wongé ngrungokké ceramah umum ing pertemuan ibadah. Duduhna vidéo Ana Acara Apa Waé ing Balai Ibadah? (lmd Pelajaran 7 nomer 5)

6. Ceramah

(3 men.) lmd Lampiran A nomer 4—Judhul: Wong-Wong Bakal Séhat Kabèh. (th Pelajaran 2)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 21

7. Nggawé Keputusan sing Apik soal Pendidikan lan Gawéan

(15 men.) Rembugan.

Gambar: Sedulur lanang enom maca Alkitab lan mikirké nèk wis lulus sekolah arep ngapa. 1. Dhèwèké omong-omongan karo guruné. 2. Dhèwèké mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah. 3. Dhèwèké nglayani ing negara liya.

Cah-cah enom, mengko nèk wis lulus sekolah kowé arep ngapa? Mungkin kowé wis mikirké arep kerja apa bèn isa merintis. Mungkin kowé ya mikirké arep milih kursus apa bèn nduwé ketrampilan utawa sèrtifikat bèn isa éntuk gawéan kuwi. Kowé mesthi semangat banget nggawé rencana kaya ngono. Tapi, isa waé kowé ya strès merga bingung arep milih sing endi utawa tertekan merga péngin nyenengké wong liya. Nah, piyé bèn isa nggawé keputusan sing apik?

Wacanen Matius 6:​32, 33. Terus takona:

  • Ngapa kok kudu mikirké rencana kanggo nglayani luwih akèh wektu arep nggawé keputusan soal gawéan lan pendidikan?

  • Bèn anak-anak isa ngetrapké Matius 6:​32, 33, wong tuwa kudu piyé?—Mzm 78:​4-7

Aja nganti nggawé keputusan merga péngin urip mapan utawa diajèni wong liya. (1Yoh 2:​15, 17) Nèk nduwé harta akèh, biasané wong dadi ora ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. (Luk 18:​24-27) Nèk ngupaya tenanan bèn dadi sugih, ora mungkin isa nduwé iman sing kuwat lan fokus nglayani Yéhuwah.—Mat 6:24; Mrk 8:36.

Setèlen VIDÉO Aja Ngendelké Bab sing Ora Bakal Ana Sakterusé!—Bandha. Terus takona:

  • Apa manfaaté nèk mikirké Wulang Bebasan 23:​4, 5 wektu arep nggawé keputusan?

SARAN

  • Gawéa rencana sing isa langsung dicapai lan sing butuh wektu luwih suwé kanggo mencapai kuwi

  • Wektu arep nggawé keputusan soal pendidikan lan gawéan, pikirna apa kuwi isa ndhukung rencanamu kanggo nglayani luwih akèh

  • Pikirna beberapa pilihan, lan miliha sing bener-bener berguna kanggo kowé. Wektu arep mutuské soal kursus utawa pendidikan, pastèkna kuwi isa kanggo nggolèk gawéan sing penghasilané cukup kanggo kebutuhanmu

8. Sinau Alkitab Jemaat

(30 men.) bt Bab 10 ¶5-12

Penutup (3 men.) | Lagu 47 lan Donga

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim