19-25 AGUSTUS
MAZMUR 75-77
Lagu 120 lan Donga | Pembuka (1 men.)
1. Ngapa Kok Ora Éntuk Sombong?
(10 men.)
Gusti Allah ora seneng karo wong sing sombong (Mzm 75:4; 1Tim 3:6; w18.01 28 ¶4-5)
Nèk éntuk tugas ing organisasi, kuwi merga Yéhuwah apikan, dudu merga awaké dhéwé trampil utawa pinter (Mzm 75:5-7; w23.04 5 ¶11-12)
Wong sing sombong, misalé para pemimpin sing angkuh, bakal direndhahké Yéhuwah (Mzm 76:12)
2. Wulangan Penting
(10 men.)
Mzm 76:10—Apa maksudé ”wektu manungsa nesu” Yéhuwah dipuji? (w06-IN 15/7 11 ¶4)
Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?
3. Maca Alkitab
(4 men.) Mzm 75:1–76:12 (th Pelajaran 11)
4. Mulai Omong-omongan
(3 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Duduhna lan rembugen vidéo saka jw.org ing basa sing dipilih wong kuwi, tapi vidéoné aja disetèl tenan. (lmd Pelajaran 1 nomer 4)
5. Mulai Omong-omongan
(4 men.) ING OMAH-OMAH. Wongé ngomong nèk ora percaya Gusti Allah, dadi topik lan omong-omongané kudu disesuaikké. (lmd Pelajaran 2 nomer 5)
6. Ndadèkké Murid
(5 men.) lff Pelajaran 15 nomer 4 (lmd Pelajaran 11 nomer 3)
Lagu 127
7. Rendah Hati Wektu Dipuji
(7 men.) Rembugan.
Setèlen VIDÉO Dadia Setya Kaya Yésus—Wektu Dialem. Terus takona:
Apa sing isa dipelajari saka sikapé Sergei wektu dipuji?
8. Kegiatan Khusus kanggo Mulai Pelajaran Alkitab Nganggo Brosur utawa Buku Bahagia Saklawasé ing Sasi September
(8 men.) Ceramah sing disampèkké pengawas penginjilan. Para sedulur disemangati bèn mèlu kegiatan khusus iki. Sebutna apa waé petunjuk saka para pinituwa kanggo kegiatan khusus iki.
9. Sinau Alkitab Jemaat
(30 men.) bt Bab 14 ¶7-10, kothak ing hlm. 110