PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb25 Maret hlm. 2-16
  • 3-9 Maret

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 3-9 Maret
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2025
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2025
mwb25 Maret hlm. 2-16

3-9 MARET

WULANG BEBASAN 3

Lagu 8 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. Buktèkna Nèk Percaya karo Yéhuwah

(10 men.)

Percayaa karo Yéhuwah, aja ngendelké pikirané njenengan dhéwé (WB 3:5; ijwbv artikel 14 ¶4-5)

Nggolèka tuntunané Yéhuwah lan manuta kuwi (WB 3:6; ijwbv artikel 14 ¶6-7)

Aja terlalu percaya diri (WB 3:7; be-IN 77 ¶1)

Sedulur wédok lagi riset nganggo tablèté. Ing sebelah kiwané ana brosur soal kuliah. Ing sebelah tengené ana formulir kanggo nglayani Yéhuwah luwih akèh lan ana selebaran soal Bètel.

PIKIRNA: ’Apa aku selalu nggolèk tuntunané Yéhuwah?’

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • WB 3:3—Apa maksudé kesetiaan lan katresnan kudu dadi kaya kalung ing gulu lan kudu ditulis ing ati? (w06-IN 15/9 17 ¶7)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

(4 men.) WB 3:​1-18 (th Pelajaran 12)

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(3 men.) ING OMAH-OMAH. Duduhna carané nanggepi wong sing awalé ora gelem dijak omong-omongan. (lmd Pelajaran 1 nomer 5)

5. Mulai Omong-omongan

(4 men.) ING PANGGONAN UMUM. Jelasna soal situs wèb jw.org, terus wongé dikèki kartu kontak. (lmd Pelajaran 3 nomer 3)

6. Ceramah

(5 men.) w11-IN 15/3 14 ¶7-10—Judhul: Percaya karo Yéhuwah Wektu Wong-Wong Ora Gelem Nampa Kabar Apik. (th Pelajaran 20)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 124

7. Buktèkna Nèk Percaya karo Organisasiné Yéhuwah

(15 men.) Rembugan.

Awaké dhéwé mesthi luwih gampang percaya lan manut arahané Yéhuwah sing dicathet ing Alkitab. Tapi nèk arahané disampèkké liwat manungsa sing ora sempurna sing dipilih Yéhuwah kanggo mimpin organisasiné, isa waé awaké dhéwé ora langsung percaya lan angèl manut, apamanèh nèk ora paham utawa ora setuju karo arahan kuwi.

Wacanen Maléakhi 2:7. Terus takona:

  • Ngapa kok awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah nyampèkké arahané liwat manungsa sing ora sempurna?

Wacanen Matius 24:45. Terus takona:

  • Ngapa kok awaké dhéwé isa percaya arahan saka organisasiné Yéhuwah?

Wacanen Ibrani 13:17. Terus takona:

  • Ngapa kok awaké dhéwé kudu manut arahané wong-wong sing dipilih Yéhuwah kanggo mimpin umaté?

Sedulur lanang ngeterké panganan kanggo salah siji keluarga. Kabèh nganggo masker lan dadah-dadah.
Sedulur wédok njawab ing pertemuan ibadah. Ana sedulur lanang sing ngédarké mikrofon. Kabèh nganggo masker.

Setèlen VIDÉO Laporan Pengurus Pusat 2021 (Bagéan 9)—Cuplikan. Terus takona:

  • Ngapa kok arahan saka organisasi selama pandemi isa nggawé njenengan tambah percaya karo organisasiné Yéhuwah?

8. Sinau Alkitab Jemaat

(30 men.) bt Bab 23 ¶9-15, kothak ing hlm. 184, 186

Penutup (3 men.) | Lagu 57 lan Donga

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim