17-23 MARET
WULANG BEBASAN 5
Lagu 122 lan Donga | Pembuka (1 men.)
1. Aja Kegodha Nglakoni Hubungan Sèks sing Ora Pantes
(10 men.)
Godhaan kanggo hubungan sèks sing ora pantes kuwi kétoké nyenengké (WB 5:3; w00-IN 15/7 29 ¶1)
Kenyataané kuwi nggawé sedhih lan menyesal (WB 5:4, 5; w00-IN 15/7 29 ¶2)
Aja sekali-kali kepikiran kanggo hubungan sèks sing ora pantes (WB 5:8; w00-IN 15/7 29 ¶5)
Sedulur wédok ora gelem ngekèki nomer HP-né karo kancané lanang
2. Wulangan Penting
(10 men.)
WB 5:9—Apa akibaté nèk nglakoni hubungan sèks sing ora pantes? (w00-IN 15/7 29 ¶7)
Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?
3. Maca Alkitab
(4 men.) WB 5:1-23 (th Pelajaran 5)
4. Mulai Omong-omongan
(3 men.) ING PANGGONAN UMUM. Ngundang wong sing dudu Kristen teka ing acara Peringatan, lan duduhna saka jw.org panggonan acara Peringatan sing paling cedhak. (lmd Pelajaran 6 nomer 4)
5. Mupuk Minat
(4 men.) ING OMAH-OMAH. Pas ketemu sakdurungé, wongé nampa undangan Peringatan lan kétok berminat. (lmd Pelajaran 9 nomer 5)
6. Ndadèkké Murid
(5 men.) lff Pelajaran 16 bagian ”Kesimpulan”, ”Jawaben”, lan ”Rencana”. Sing sinau takon apa Yésus nikah. Ajarana carané nggolèki jawabané. (lmd Pelajaran 11 nomer 4)
Lagu 121
7. Ngati-ati Pas Pacaran Bèn Tetep Suci lan Terhormat
(15 men.) Rembugan.
Pacaran kuwi maksudé wektu wong lanang lan wong wédok sing saling mencintai nggunakké wektu bareng-bareng bèn isa saling mengenal. Biasané wong-wong pacaran ora mung pas ketemu langsung, tapi ya isa liwat télpon utawa chat. Terus biasané pas pacaran isa ngumpul bareng liyané utawa mung wong loro thok. Ana sing crita-crita karo wong liya nèk lagi pacaran, tapi ya ana sing ora. Awaké dhéwé nganggep nèk pacaran kuwi ora mung kanggo seneng-seneng thok, tapi tujuané kanggo nikah. Embuh tuwa utawa enom, piyé wong sing pacaran isa menghindari hubungan sèks sing ora pantes?—WB 22:3.
Setèlen VIDÉO Persiapan Nikah—Bagian 1: Apa Aku Wis Siap Pacaran?—Cuplikan. Terus takona:
Ngapa kok nèk durung siap nikah aja pacaran sik? (WB 13:12; Luk 14:28-30)
Ing vidéo kuwi, ngapa kok carané wong tuwa ngandhani anaké wédok kuwi apik?
Wacanen Wulang Bebasan 28:26. Terus takona:
Wong sing pacaran kudu piyé bèn aja nganti berduaan ing situasi sing isa marahi kegodha nglakoni sing ora bener?
Ngapa kok luwih apik wong sing pacaran mbahas batesan-batesan kanggo nduduhké rasa sayang, misalé gandhèngan tangan lan ciuman?
Wacanen Éfésus 5:3, 4. Terus takona:
Pas télpon, video call, utawa chat, wong sing pacaran aja nganti ngobrolké apa?
8. Sinau Alkitab Jemaat
(30 men.) bt Bab 24 ¶1-6