19-25 MEI
WULANG BEBASAN 14
Lagu 89 lan Donga | Pembuka (1 men.)
1. Pas Ana Bencana, Kudu Piyé?
(10 men.)
Aja langsung percaya karo ”kabèh omongané wong” (WB 14:15; w23.02 23 ¶10-12)
Aja mung nuruti perasaan utawa ngendelké pengalaman (WB 14:12)
Aja ngrungokké wong sing ora manut arahané organisasiné Yéhuwah (WB 14:7)
KANGGO DIPIKIRKÉ: Para pinituwa, apa njenengan gelem manut arahan lan ngendelké Yéhuwah pas ana bencana?—w24.07 5 ¶11.
2. Wulangan Penting
(10 men.)
WB 14:17—Kemungkinan, apa maksudé ”wong sing mikirké dhisik kabèh tumindaké” malah disengiti? (it-2-IN 556 ¶2)
Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?
3. Maca Alkitab
(4 men.) WB 14:1-21 (th Pelajaran 11)
4. Mulai Omong-omongan
(3 men.) ING PANGGONAN UMUM. Wongé crita nèk angèl nggolèk dhuwit, bar kuwi kandhanana ayat Alkitab sing cocog. (lmd Pelajaran 3 nomer 3)
5. Mupuk Minat
(4 men.) ING OMAH-OMAH. Pas ngobrol sakdurungé, wongé berminat karo salah siji topik. Tawakna majalah sing topiké cocog karo minaté. (lmd Pelajaran 9 nomer 4)
6. Ndadèkké Murid
(5 men.) Sing sinau disemangati bèn maca Alkitab saben dina lan kandhanana carané. (th Pelajaran 19)
Lagu 126
7. Siap Wektu Ana Bencana
(15 men.) Rembugan sing dipandhu pinituwa.
Nèk ana, wacakna arahan saka kantor cabang utawa badan pinituwa.
Merga urip ing ”akhir jaman”, awaké dhéwé saiki ngadhepi akèh bencana. (2Tim 3:1) Sakdurungé utawa selama bencana, awaké dhéwé biasané nampa arahan saka organisasi bèn isa tetep aman. Nèk kèt saiki berupaya nduwé iman sing kuwat lan nyiapké sing dibutuhké nèk misalé ana bencana, awaké dhéwé isa siap ngadhepi bencana.—WB 14:6, 8.
Berupaya nduwé iman sing luwih kuwat: Terusa maca Alkitab saben dina lan pelajaran pribadi. Nyobaa akèh cara kanggo nginjil. Tetepa tenang nèk misalé terpisah karo sedulur-sedulur wektu ana bencana. (WB 14:30) Percayaa nèk Yéhuwah karo Yésus selalu ngancani njenengan.—od-IN 176 ¶15-17
Nyiapké sing dibutuhké: Sakliyané nyiapké tas darurat, saben keluarga kudu nyiapké panganan, minuman, obat-obatan, lan kebutuhan liyané nèk misalé ana keadaan darurat lan ora isa ing endi-endi.—WB 22:3; g17.5-IN 4
Setèlen VIDÉO Piyé Bèn Isa Siap Wektu Ana Bencana? Terus takona:
Piyé carané Yéhuwah mbantu pas ana bencana?
Apa waé sing isa disiapké kèt saiki?
Piyé carané mbantu wong liya sing kena bencana?
8. Sinau Alkitab Jemaat
(30 men.) bt Bab 26 ¶18-22, kothak ing hlm. 209