9-15 JUNI
WULANG BEBASAN 17
Lagu 157 lan Donga | Pembuka (1 men.)
Wong lanang Israèl karo bojoné lagi mangan lan kétok seneng
1. Piyé Carané Suami Istri Isa Rukun lan Bahagia?
(10 men.)
Suami istri kudu berupaya bèn isa rukun. Kuwi mémang ora gampang, tapi ana manfaaté (WB 17:1; deloken gambar)
Aja gampang nesu merga masalah sing sepélé (WB 17:9; g-IN 9/14 11 ¶2)
Kudu isa ngendhalèni émosi (WB 17:14; w08-IN 1/5 10 ¶6–11 ¶1)
2. Wulangan Penting
(10 men.)
WB 17:19, cathetan ngisor—Apa maksudé ”wong sing mbangun gerbang sing dhuwur bakal kena bencana”? (w93-IN 15/5 30 ¶1-3)
Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?
3. Maca Alkitab
(4 men.) WB 17:1-17 (th Pelajaran 10)
4. Mulai Omong-omongan
(3 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. (lmd Pelajaran 3 nomer 5)
5. Mulai Omong-omongan
(4 men.) ING PANGGONAN UMUM. Tawakna pelajaran Alkitab. (lmd Pelajaran 6 nomer 4)
6. Ceramah
(5 men.) ijwbv artikel 60—Judhul: Apa Artiné Kata-Kata ing Wulang Bebasan 17:17? (th Pelajaran 13)
Lagu 113
7. Terus Upayakna Ngobrol karo Keluarga
(15 men.) Rembugan.
Kerep ngobrol kuwi penting. Nèk saben anggota keluarga leluasa kanggo crita, keluargané isa kompak lan saling ndhukung apamanèh pas ana masalah. (WB 15:22) Piyé bèn isa kerep ngobrol?
Nglakoni kegiatan bareng-bareng. (PT 6:6, 7) Nèk kerep kerja sama, ngibadah lan nginjil bareng, utawa dolan bareng, keluarga isa tambah akrab lan tambah sayang. Sakliyané kuwi, ya isa dadi leluasa kanggo ngobrol. Kadhang, mungkin njenengan kudu ngalah karo anggota keluarga liyané, tapi kuwi mesthi ana manfaaté. (Flp 2:3, 4) Njenengan arep nglakoni kegiatan apa bareng keluarga?—Éf 5:15, 16.
Setèlen VIDÉO Carané Bèn Keluarga Isa Damai—Kerep Ngobrol. Terus takona:
Apa akibaté nèk anggota keluarga sibuk dhéwé-dhéwé karo HP-né?
Apa sing isa dipelajari saka vidéo kuwi?
Ngrungokké tenanan. (Yak 1:19) Anak-anak bakal leluasa crita nèk wong tuwané ora langsung nyenèni utawa nyalahké. Mula pas anaké crita, wong tuwa aja langsung nesu. (WB 17:27) Nèk ngrungokké tenanan lan mikirké perasaané anak, wong tuwa isa mbantu lan ngekèki naséhat nganggo cara sing alus.
8. Sinau Alkitab Jemaat
(30 men.) bt Bab 27 ¶19-22, kothak ing hlm. 212