PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w22 Desember hlm. 14
  • Pitakonané Sing Maca

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pitakonané Sing Maca
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Wong sing Nggolèk Tuntunané Yéhuwah Ora Bakal Kekurangan Apa-Apa”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Dosané Raja Daud
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
w22 Desember hlm. 14

Pitakonané Sing Maca

Ing Mazmur 145:2, Daud ngomong nèk bakal muji jenengé Yéhuwah ”saklawasé”. Apa kuwi berarti Daud mikir nèk ora bakal mati?

Raja Daud nyanyi karo main harpa.

Ora. Dudu kuwi maksudé.

Ing ayat kuwi, Daud ngomong, ”Aku bakal muji jeneng-Mu saklawasé.” (Mzm. 145:1, 2) Terus ing ayat liyané Daud ya tau kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahku, aku bakal muji Njenengan saktulusé atiku, lan aku bakal ngluhurké jeneng-Mu saklawasé.” (Mzm. 86:12) Sakliyané kuwi, Daud ya tau ngomong, ”Aku bakal nyanyi lagu pujian kanggo jeneng-Mu. Saben dina, aku bakal terus nepati janjiku.”​—Mzm. 61:8.

Pas nulis ayat-ayat mau, Daud ora mikir nèk dhèwèké ora bakal mati. Dhèwèké ngerti nèk manungsa kuwi nduwé dosa lan akhiré mati. Daud dhéwé ya ngomong nèk nduwé dosa lan bakal mati. (PD. 3:3, 17-19; Mzm. 37:25; 39:4; 51:4, 5) Terus, dhèwèké ya ngerti nèk abdiné Yéhuwah sing liyané, kaya Abraham, Ishak, Yakub, kuwi wis mati. Dadi, kata-katané Daud ing Mazmur 145:2 kuwi dudu maksudé nèk Daud ora bakal mati. Tapi, kuwi maksudé Daud péngin muji Yéhuwah sakjegé dhèwèké urip.​—2 Sam. 7:12.

Ing mazmur-mazmur liyané, Daud ya kerep nulis soal pengalamané dhéwé. Misalé, Daud kuwi kan gembala. Ing Mazmur 23, Daud nggambarké Yéhuwah kaya gembala sing nuntun, nggawé ayem, lan nglindhungi Daud. Terus, Daud ngomong nèk péngin nglayani Yéhuwah ’sakjegé uripé’. (Mzm. 23:6) Sakliyané kuwi, nèk nggatèkké keterangan ing awal Mazmur 18, 51, lan 52, awaké dhéwé isa ngerti nèk isiné mazmur-mazmur kuwi ya soal Daud dhéwé.

Terus, Daud nulis kata-kata ing buku Mazmur kuwi dudu merga karepé Daud dhéwé tapi merga dituntun Yéhuwah. Daud ya tau nulis soal ramalan sing bakal kelakon sukmbèn. Misalé ing Mazmur 110, Daud ngomong nèk ’Gustiné bakal lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah’ lan éntuk kuwasa kanggo ngalahké mungsuh-mungsuhé Gusti Allah lan ”ngukum bangsa-bangsa”. Ramalan kuwi kelakon tenan merga Daud dadi nènèk moyangé Yésus, yaiku Mésias sing bakal mréntah saka swarga lan bakal dadi ”imam kanggo saklawasé”. (Mzm. 110:1-6) Yésus dhéwé ya kandha nèk ramalan ing Mazmur 110 mémang nyebutké soal dhèwèké lan kuwi bakal kelakon ing masa depan.​—Mat. 22:41-45.

Dadi kesimpulané, Daud kuwi dituntun Yéhuwah bèn nulis sing kelakon ing jamané lan sing bakal kelakon sukmbèn. Ing masa depan, Daud bakal diuripké manèh bèn isa muji Yéhuwah saklawasé. Terus, kata-katané sing ana ing Mazmur liyané piyé? Kata-katané Daud ing Mazmur 37:10, 11, lan 29 kuwi ya bakal kelakon ping pindho. Sing pertama kelakon pas jamané bangsa Israèl mbiyèn lan sing keloro bakal kelakon sukmbèn pas donya anyar.​—Deloken paragraf 8 ing artikel ”Kowé Bakal Bareng karo Aku ing Firdaus” ing majalah iki.

Saka kata-katané Daud ing Mazmur 145:2 lan ayat-ayat liyané, Daud ngomong nèk péngin muji Yéhuwah selama dhèwèké urip. Terus saka ayat-ayat kuwi, awaké dhéwé ya ngerti nèk Daud bakal diuripké manèh bèn isa terus muji Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim