PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w24 Februari hlm. 31
  • Apa Njenengan Ngerti?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Njenengan Ngerti?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Terus Njaga ”Tamèng” Imané Awaké Dhéwé
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Niru Pandhangané Yéhuwah soal Urip
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Ajènana Urip saka Gusti Allah
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Gampang Dingertèni
    Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
w24 Februari hlm. 31
Ézra nggawa gulungan lan muji Yéhuwah ing ngarepé wong akèh.

Apa Njenengan Ngerti?

Ngapa kok ing Alkitab ana kata-kata sing dibolan-balèni?

ING Alkitab kadhang-kadhang ana kata-kata utawa kalimat sing dibolan-balèni. Lha ngapa? Alesané ana telu.

Kapan kuwi ditulis. Ing jamané bangsa Israèl mbiyèn, akèh wong ora nduwé salinan Hukum Musa. Meréka ngerti isiné Hukum Musa kuwi merga diwacakké ing tabernakel. (PT. 31:​10-12) Tapi pas ngumpul kuwi, mungkin ana akèh gangguan lan meréka ya kudu ngadeg beberapa jam. (Néh. 8:​2, 3, 7) Dadi pas kuwi, nèk kata-kata kunciné dibolan-balèni, wong-wong dadi luwih gampang éling isiné lan isa ngetrapké. Terus, nèk sing diwacakké kuwi soal hukum lan peraturané Gusti Allah, kata-kata sing dibolan-balèni kuwi bakal luwih gampang diéling-éling.—Km. 18:​4-22; PT. 5:1.

Gaya penulisan. Kira-kira 10 persèn isiné Alkitab kuwi lagu. Misalé, buku Mazmur, Kidung Agung, lan Kidung Pangadhuh. Nah ing beberapa lagu biasané ana refrein, sing kata-katané dibolan-balèni bèn gampang diéling-éling. Contoné, kata-kata ing Mazmur 115:​9-11, ”Hé bangsa Israèl, kowé kudu percaya marang Yéhuwah, merga Dhèwèké sing dadi tamèngmu lan sing nulungi kowé. Hé keturunané Harun, kowé kudu percaya marang Yéhuwah, merga dhèwèké sing dadi tamèngmu lan sing nulungi kowé. Hé kowé sing wedi marang Yéhuwah, kowé kudu percaya marang Yéhuwah, merga Dhèwèké sing dadi tamèngmu lan sing nulungi kowé.” Merga kata-katané dibolan-balèni, makna liriké isa luwih gampang mlebu ing pikiran lan atiné sing nyanyi.

Dienggo nandheské sing penting-penting. Kadhang-kadhang, penulis Alkitab mbolan-mbalèni kata-kata tertentu sing penting. Misalé, pas ngandhani nèk bangsa Israèl ora éntuk mangan getih, Yéhuwah ya ngandhani alesané ping bola-bali. Yéhuwah péngin nandheské nèk getih kuwi nglambangké nyawa utawa urip. (Km. 17:​11, 14) Terus, pas ngandhani piyé carané bèn isa nyenengké Gusti Allah, para rasul lan pinituwa ing Yérusalèm ya nandheské manèh nèk kudu ”nyingkir . . . saka getih”.—Kis. 15:​20, 29.

Meskipun ing Alkitab ana kata-kata lan kalimat sing dibolan-balèni, Yéhuwah ora péngin nèk wektu ndonga kata-katané kuwi dibolan-balèni. Yésus tau ngomong, ”Wektu ndonga, aja ngucapké kata-kata sing padha lan dibolan-balèni.” (Mat. 6:7) Bar kuwi Yésus ya nyebutké hal-hal sing isa didongakké, sing sesuai karo karepé Gusti Allah. (Mat. 6:​9-13) Dadi meskipun ora éntuk mbolan-mbalèni kata-katané, topiké éntuk didongakké ping bola-bali.—Mat. 7:​7-11.

Dadi, nèk ing Alkitab ana kata-kata utawa kalimat sing dibolan-balèni, kuwi ana tujuané. Kuwi salah siji carané Yéhuwah mulang awaké dhéwé.—Yés. 48:​17, 18.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim