PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w24 September hlm. 19
  • Pertanyaan saka Pembaca

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pertanyaan saka Pembaca
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yésus Ngutus 70 Murid kanggo Nginjil
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Sinau Sipat-sipaté Raja Kratoné Allah saka Perjamuan sing Sederhana
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Paskah Terakhiré Yésus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Yésus Ngwijiki Sikilé Para Rasulé
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
w24 September hlm. 19
Yésus nggawé perayaan Perjamuan Dalu Gusti karo para rasulé sing setya.

Pertanyaan saka Pembaca

Wektu Perjamuan Dalu Gusti, 70 murid sing dikon Yésus nginjil padha ing endi? Apa meréka wis ninggalké Yésus?

Mung merga 70 murid kuwi ora ana pas Perjamuan Dalu Gusti, awaké dhéwé ora isa nyimpulké nèk meréka wis ninggalké Yésus utawa wis ora ditampa manèh dadi muridé Yésus. Wektu kuwi, Yésus mung lagi péngin bareng karo para rasulé.

Rolas rasul lan 70 murid kuwi muridé Yésus kabèh. Saka akèh banget muridé Yésus, sing pertama-tama dipilih kuwi 12 wong lanang sing disebut para rasul. (Luk. 6:​12-16) Wektu ing Galiléa, Yésus ngongkon 12 rasulé ”ngumumké soal Kerajaané Gusti Allah lan marèkké wong lara”. (Luk. 9:​1-6) Terus pas ing Yudéa, Yésus ”milih murid 70 liyané lan ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro”. (Luk. 9:51; 10:1) Hasilé, Yésus nduwé akèh pengikut ing endi-endi.

Wektu kuwi, wong Yahudi sing dadi muridé Yésus isih ngrayakké Paskah saben taun, mungkin bareng karo keluargané. (Pa. 12:​6-11, 17-20) Ora suwé sakdurungé mati, Yésus karo para rasulé lunga ing Yérusalèm. Tapi, dhèwèké ora ngongkon kabèh muridé saka Yudéa, Galiléa, lan Péréa kanggo teka ing Yérusalèm lan ngrayakké Paskah bareng-bareng. Jelas nèk wektu kuwi Yésus mung péngin bareng karo para rasulé. Dhèwèké ngomong, ”Aku wis nunggu-nunggu Paskah iki bèn isa mangan bareng karo kowé sakdurungé aku ngalami sengsara.”—Luk. 22:15.

Ngapa kok Yésus ngomong kaya ngono? Sedhéla manèh, Yésus bakal mati dadi ”Anak Dombané Gusti Allah sing ngilangi dosané donya”. (Yoh. 1:29) Yésus bakal mati ing Yérusalèm. Yérusalèm kuwi panggonan sing biasané dienggo ngekèkké korban persembahan kanggo Gusti Allah. Domba sing dikorbanké pas Paskah kuwi ngélingké bangsa Israèl nèk meréka wis dibébaské saka Mesir. Tapi nèk kematiané Yésus, kuwi manfaaté luwih gedhé. Meréka bakal dibébaské saka dosa lan kematian. (1 Kor. 5:​7, 8) Merga kematiané Yésus, 12 rasul isa dadi bagéan saka pondhasiné jemaat Kristen. (Éf. 2:​20-22) Sing menarik, kutha suci Yérusalèm ”nduwé watu pondhasi 12” lan ing kono ”ditulis jeneng-jenengé 12 rasulé Anak Domba”. (Why. 21:​10-14) Dadi, para rasul sing setya kuwi nduwé peran sing penting kanggo nggawé karepé Yéhuwah kelakon. Makané, kanggo Paskah sing terakhir lan acara bar kuwi, yaiku Perjamuan Dalu Gusti, Yésus péngin ngrayakkéné bareng karo para rasulé.

Mémang, 70 murid karo murid-murid sing liyané ora mèlu acara kuwi bareng karo Yésus. Tapi, kabèh muridé Yésus sing terbukti setya bakal éntuk manfaat saka Perjamuan Dalu Gusti. Terus, kabèh muridé Yésus sing akhiré dipilih munggah swarga ya bakal mèlu ing perjanjian Kerajaan sing disebutké Yésus pas acara kuwi.—Luk. 22:​29, 30.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim