COBANEN IKI
Mbayangké Kisah ing Alkitab
Ing Alkitab ana akèh kisah sing bener-bener kelakon sing bermanfaat nèk dipelajari. Nah, bèn isa luwih memahami kisahé lan éntuk luwih akèh manfaat, kudu mbayangké peristiwané. Apa waé sing isa dilakukan?
Maca nganggo swara. Nèk maca nganggo swara, mengko gambaran saka peristiwané isa dadi luwih jelas. Nah, nèk macané sak keluarga, macané isa dibagi per tokoh.
Mbayangké adegané. Coba bayangna apa sing dipikirké lan dirasakké tokoh-tokoh sing lagi diwaca. Misalé pikirna, ’Ngapa ya kok dhèwèké ngomong utawa melakukan kuwi? Nèk aku sing dadi dhèwèké, aku bakal piyé?’
Nggambar adegané. Meskipun gambaré ora patia apik, nèk critané digambar, mengko dadi luwih gampang mbayangké lan éling kisahé.