Isiné Majalah Iki
MINGGU MULAI 27 JUNI 2016–3 JULI 2016
3 Ngrampungi Masalah nganggo Katresnan
Merga ora sampurna, kadhang kala awaké dhéwé nduwé masalah karo sedulur seiman. Wulangan iki arep ngrembug pathokan-pathokané Alkitab sing isa mbantu ngrampungi masalah, lan carané tetep rukun karo sedulur liyané.
MINGGU MULAI 4-10 JULI 2016
9 ”Padha Lungaa, Sakabèhing Bangsa Dadèkna SiswaKu”
Wulangan iki mbantu awaké dhéwé ngerti apa sebabé mung Seksi-Seksi Yéhuwah sing saiki nindakké ramalané Yésus ing Matéus 24:14. Lan, ngrembug maksudé ”njala wong”.—Mt. 4:19, Basa Jawi Padintenan.
MINGGU MULAI 11-17 JULI 2016
15 Carané Nggawé Keputusan Dhéwé
Wektu nggawé keputusan, apa panjenengan mung nindakké sing dianggep bener? Utawa, takon karo liyané apa sing kudu ditindakké? Wulangan iki ngrembug apa sebabé awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener nèk ngerti pikirané Yéhuwah.
MINGGU MULAI 18-24 JULI 2016
21 Apa Alkitab Isih Terus Ndandani Urip Panjenengan?
Mbokmenawa panjenengan wis ngowahi urip sakdurungé dibaptis. Ning, apa panjenengan rumangsa angèl ndandani urip, bèn isa luwih apik niru Yéhuwah lan Yésus? Wulangan iki ngrembug apa sebabé kuwi angèl ditindakké, lan piyé Alkitab isa mbantu awaké dhéwé.
MINGGU MULAI 25-31 JULI 2016
27 Gunakna Kabèh sing Disedhiyakké Yéhuwah
Wulangan iki bakal ngrembug aja nganti awaké dhéwé nduwé pikiran sing salah, lan carané nggunakké kabèh sing disedhiyakké Yéhuwah.