PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w16 Oktober hlm. 32
  • Apa Panjenengan Ngerti?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Panjenengan Ngerti?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Perumpamaan bab Gandum lan Alang-Alang
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Ana sing Péngin Bèn Wong Ora Nduwé Iman marang Gusti Allah
    Carané Bèn Isa Urip Ayem Tentrem
  • Umpama-Umpama bab Kratoné Allah
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
w16 Oktober hlm. 32
Wong lanang nandur alang-alang ing ladhangé wong liya

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa mungkin nèk ing jaman mbiyèn ana wong sing nandur alang-alang ing ladhangé wong liya?

Salinan saka buku Digest taun 1468 sing digawé Kaisar Yustinianus

Salinan saka buku Digest taun 1468 sing digawé Kaisar Yustinianus. Salinan iki dadi salah siji dhokumèn sing nyedhiyakké katrangan bab hukum ing jaman mbiyèn

YÉSUS kandha ing Matéus 13:24-26, ”Kratoning Swarga iku umpamané kaya wong kang nyebar wiji becik ing pategalané. Nanging nalika wong-wong padha turu kabèh, satruné teka nyebar wiji alang-alang ing tengahé gandum banjur lunga. Bareng gandumé thukul lan wiwit metu wewulèné, alang-alangé iya katon.” Ana penulis sing ora yakin nèk gambaran iki bener-bener nyata, ning miturut cathetan kuna wong Roma, kedadéan kaya ngono kuwi ana tenan.

Salah siji kamus Alkitab kandha, nèk nurut hukum Roma nandur alang-alang ing ladhangé wong liya kanggo mbales dendam kuwi tumindak sing salah. Nèk nganti ana hukum kuwi tegesé kahanan kaya ngono wis tau kelakon. Ahli hukum sing jenengé Alastair Kerr kandha nèk ing taun 533 M, Kaisar Roma Yustinianus ngetokké buku Digest. Buku kuwi isiné ringkesan hukum Roma lan cuplikan saka para ahli hukum taun 100-250 M. Nurut buku Digest, salah siji ahli hukum sing jenengé Ulpian nerangké kahanan sing ana ing abad kepindho. Alang-alang sing ditandur nèng ladhangé wong liya marahi panènan rusak. Wong tani sing dadi kurban tumindak jahat kuwi isa éntuk ganti rugi sing wujudé dhuwit kanggo ngijoli panènan sing rusak.

Dadi, kahanan sing disebutké Yésus mau bener-bener nyata, merga kedadéan kaya ngono wis tau ana ing Kraton Roma kuna.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim