PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w17 Januari hlm. 32
  • Apa Panjenengan Ngerti?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Panjenengan Ngerti?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Abraham Nduwé Iman sing Kuwat?
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Yéhuwah Ngundang Abraham ’Mitraku’
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
w17 Januari hlm. 32
Iskak nggawa kayu lan Abraham nyangking kendhil sing isiné mawa

Apa Panjenengan Ngerti?

Piyé wong-wong jaman mbiyèn nggawé geni wektu lunga adoh?

ING Purwaning Dumadi bab 22, Gusti Allah ndhawuhi Abraham kanggo lunga menyang panggonan sing adoh saka omahé kanggo mènèhké kurban. Alkitab kandha, ”Abraham tumuli mundhut kayuné kurban obaran diemotaké marang kang putra Iskak, sarta ngasta geni lan lading. Mangkono sakaroné padha tindak sesarengan.”​—Pd. 22:6.

Alkitab ora nerangké piyé carané wong-wong ing jaman mbiyèn nguripké geni. Dadi, apa Abraham lan Iskak nggawé geni banjur digawa lunga? Salah siji komentator Alkitab kandha nèk geni kuwi ”mesthi mati nèk digawa lunga adoh”. Isa waé Abraham lan anaké nggawa barang-barang sing dibutuhké kanggo nggawé geni.

Ning, wong liya kandha nèk jaman semana nguripké geni kuwi ora gampang. Dadi, biyasané wong-wong nggawé geni saka areng sing wis ana mawané, mbokmenawa njaluk karo tanggané. Akèh ahli percaya nèk Abraham njupuk areng sing ana mawané kuwi terus digawa lunga. Mawané kuwi dilebokké ing wadhah, kétoké kaya kendhil sing isa dicangking nganggo ranté. (Yé. 30:14) Terus, Abraham nggawé geni nggunakké mawa kuwi mau karo kayu garing cilik-cilik.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim