Isiné Majalah Iki
MINGGU MULAI 25-31 DESEMBER 2017
Kanggo umaté Yéhuwah, nyanyi kuwi bagéan sing penting saka ibadah. Ning, ana sing nganggep nèk nyanyi ing ngarepé wong akèh kuwi ora lumrah. Piyé carané isa nyanyi kanggo ngluhurké Yéhuwah tanpa ragu-ragu? Ing artikel iki, kita bakal ngrembug apa sebabé kita perlu nyanyi kanthi bungah lan piyé carané bèn isa nyanyi luwih apik manèh.
MINGGU MULAI 1-7 JANUARI 2018
9 Apa Panjenengan Nggolèk Pangayomané Yéhuwah?
MINGGU MULAI 8-14 JANUARI 2018
15 Tirunen Kaadilan lan Welas Asihé Yéhuwah
Kita bakal ngrembug piwulang-piwulang sing isa disinaoni saka pengaturan kutha perlindhungan ing jamané bangsa Israèl. Ing artikel sing kapisan, gatèkna piyé wong sing nindakké dosa isa nggolèk pangayomané Yéhuwah saiki. Ing artikel sing kapindho, gatèkna piyé tuladhané Yéhuwah isa mbantu kita kanggo ngapurani wong liya, ngajèni urip, lan tumindak sing adil.
MINGGU MULAI 15-21 JANUARI 2018
MINGGU MULAI 22-28 JANUARI 2018
27 Terusa Ngupaya Bèn Isa Nampa Hadiah
Rong artikel iki bakal ngrembug suraté rasul Paulus kanggo wong-wong Kristen ing Kolosé. Artikel sing kapisan nerangké carané bèn ora kena pengaruh saka cara mikiré donya sing kétoké masuk akal. Artikel sing kapindho nerangké carané kita isa nolak tumindak apa waé sing isa nggawé kita ora nampa berkah saka Yéhuwah.