Isiné Majalah Iki
MINGGU MULAI 26 FEBRUARI 2018–4 MARET 2018
3 ”Panjenengané Paring Kakuwatan marang kang Sayah”
Apa sing kuduné ditindakké wektu kita ngrasa kangèlan ngadhepi masalah? Ing artikel iki, kita bakal ngrembug ayat taunan 2018. Kita bakal sinau apa sebabé kita mbutuhké kekuwatan saka Yéhuwah lan piyé Yéhuwah maringi kekuwatan.
MINGGU MULAI 5-11 MARET 2018
9 Acara Pèngetan Nggawé Jemaat Rukun Dadi Siji
Taun iki, Pèngetan sédané Yésus bakal dianakké ing dina Setu, 31 Maret 2018. Piyé kita isa nggawé persiapan kanggo acara kuwi? Piyé kita isa éntuk paédah wektu teka ing acara kuwi? Lan piyé acara Pèngetan isa nggawé jemaat ing endi waé rukun dadi siji? Kita bakal ngrembug jawabané ing artikel iki.
MINGGU MULAI 12-18 MARET 2018
15 Apa Sebabé Mènèhi marang Sing Nduwé Jagad Sak Isiné?
Kabèh sing kita duwèni asalé saka Yéhuwah. Ning, kita isa mènèhi marang Yéhuwah kanthi cara ndhukung gawéan ing pakumpulané. Apa sebabé? Piyé kita isa éntuk paédah nèk ngluhurké Yéhuwah nganggo bandha kita? Kita bakal ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi ing artikel iki.
MINGGU MULAI 19-25 MARET 2018
21 Katresnan sing Nggawé Kita Bungah Tenan
MINGGU MULAI 26 MARET 2018–1 APRIL 2018
27 Bédané Wong-Wong sing Nyembah Yéhuwah lan sing Ora
Ing artikel sing kapisan, kita bakal ngrembug piyé kita isa bungah tenan nèk nresnani Gusti Allah lan ora nduwèni katresnan sing ngutamakké kepentingané dhéwé, sing wis lumrah ing ”dina-dina pungkasan”. (2 Tm. 3:1) Ing artikel sing kapindho, kita bakal sinau bédané umaté Yéhuwah karo akèh-akèhé wong ing jaman saiki.