PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w18 Juli hlm. 32
  • Pitakonané sing Maca

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pitakonané sing Maca
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
w18 Juli hlm. 32

Pitakonané Sing Maca

Nèk ana wong lanang sing turu sak omah karo wong wédok sing dudu bojoné tanpa alesan sing jelas, apa kuwi tegesé wong loro kuwi wis dosa lan para pinituwa kudu nggawé panitia pengadilan?

Mobil loro parkir ing ngarep omah bengi-bengi

Ya, turu sak omah tanpa alesan sing jelas kuwi isa dadi bukti sing kuwat nèk wong loro kuwi nindakké hubungan sèks sing ora sah. Dadi, para pinituwa kudu nggawé panitia pengadilan kecuali nèk ana alesan sing jelas.​—1 Kor. 6:18.

Para pinituwa perlu nliti keadaané kanthi tenanan kanggo nemtokké apa perlu nggawé panitia pengadilan. Contoné: Apa wong loro kuwi lagi pacaran? Apa mbiyèné wong loro kuwi wis tau dinaséhati karo para pinituwa bab sikapé marang lawan jenis? Apa sebabé kok isa nganti turu sak omah? Apa pancèn wis direncanakké? Apa sakjané isih ana pilihan liya? Utawa apa pancèn ora ana pilihan liya, contoné ana kedadéan sing ora dinyana-nyana utawa darurat? (Ko. 9:11) Turuné ing ngendi? Saben kasus béda-béda kahanané, dadi mesthi ana katrangan liya sing isa dipikirké karo para pinituwa.

Sakwisé mikirké kabèh buktiné, para pinituwa isa mutuské apa perlu nggawé panitia pengadilan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim