Isiné Majalah Iki
29 OKTOBER 2018–4 NOVEMBER 2018
3 ”Bungah Nèk Kowé Nindakké Kuwi”
Akèh banget manfaaté nèk kita ngetrapké pengetahuan. Ning, kuwi mbutuhké sipat andhap asor. Artikel iki nyritakké tuladhané para abdiné Yéhuwah sing ora mbédak-mbédakké wong wektu nginjil, ndonga kanggo liyané, lan sabar ngentèni Yéhuwah tumindak. Kuwi bakal mbantu kita bèn tetep andhap asor.
5-11 NOVEMBER 2018
8 Terusa Nguwatké Liyané Nganggo Katresnan
Kita urip ing jaman sing susah, lan isa dadi gampang cilik ati lan nglokro. Yéhuwah lan Yésus bakal mbantu kita. Ning kita uga nduwé kewajiban kanggo nguwatké liyané. Artikel iki mulang kita carané nguwatké liyané nganggo katresnan.
14 Apa Panjenengan Ngerti bab Wektu?
12-18 NOVEMBER 2018
15 Bungaha sing Dadi Abdiné ”Gusti Allah sing Bungah”
Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing bungah” lan péngin kita uga bungah. Ning, piyé carané kita isa tetep bungah senajan ngadhepi masalah lan kesusahan ing jaman saiki? Wektu Ceramah ing Gunung, Yésus nduduhké carané isa urip bungah saiki lan sukmbèn.
19-25 NOVEMBER 2018
21 Mahakuwasa Ning Uga Perduli
26 NOVEMBER 2018–2 DESEMBER 2018
27 Tirunen Yéhuwah sing Gatèkan lan Apikan
Jaman saiki, wong-wong dadi sombong lan mentingké kepentingané dhéwé. Ning, wong Kristen sejati nresnani siji lan sijiné. Salah siji carané yaiku nggatèkké liyané. Ing rong artikel iki, kita bakal ngrembug carané Yéhuwah nggatèkké kabèh umaté lan piyé carané kita isa niru sipaté Yéhuwah.