PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwex artikel 13
  • Tandha Pengenal Segitiga Ungu

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Tandha Pengenal Segitiga Ungu
  • Pengalaman
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Piyé Carané Aku Isa Nduwé Hubungan sing Apik karo Guruku?
    Pitakonané Cah Enom
  • Apa sing Dialami Seksi-Seksi Yéhuwah pas Peristiwa Holocaust?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
Pengalaman
ijwex artikel 13
Seragam penjara sing ana tandha segitiga ungu lan nomer tahanan. Segitiga ungu kuwi dadi tandha kanggo Seksi Yéhuwah ing kamp konsèntrasi Nazi.

Tandha Pengenal Segitiga Ungu

Maud manggon ing Prancis lan gawéané dadi pendamping ing kelas kanggo bocah-bocah sing cacad. Durung suwé iki, murid-murid ing salah siji kelas sinau soal kamp konsèntrasi lan pembantaian sing ditindakké Nazi. Para tahanan kuwi kudu nganggo tandha pengenal berwarna sing dijahit ing seragamé. Werna lan bentuk tandha pengenal kuwi nduduhké apa alesané wong kuwi dipenjara.

Wektu njelaské, guruné nganggep nèk tandha pengenal segitiga ungu dadi tandha kanggo para tahanan sing homosèks. Sakwisé pelajarané rampung, Maud njelaské karo guru kuwi nèk Nazi nggunakké tandha segitiga ungu kanggo nduduhké nèk wong-wong kuwi Seksi Yéhuwah.a Maud péngin nduduhké katrangan soal kuwi. Terus, guruné setuju lan ngongkon Maud njelaské katrangan kuwi kanggo murid-murid ing kelas.

Ing kelas liyané, ana guru sing nggunakké tabèl kanggo njelaské tandha-tandha sing digunakké para tahanan. Tabèl kuwi nduduhké nèk segitiga ungu dadi tandha kanggo Seksi Yéhuwah. Sakwisé pelajarané rampung, Maud péngin njelaské katrangan luwih akèh soal kuwi. Guruné setuju lan ngatur kapan wektu sing cocog bèn Maud isa njelaské katrangan kuwi karo murid-muridé.

Maud nyekel telung majalah.

Buku sing dienggo Maud kanggo njelaské

Maud wis nyiapké 15 menit kanggo prèsentasi ing kelas sing pertama. Ning wektu arep mulai prèsentasi, guruné malah ngongkon Maud nggunakké kabèh jam pelajarané. Maud mulai prèsentasiné nggunakké vidéo soal penganiayaan sing ditindakké Nazi marang Seksi-Seksi Yéhuwah. Wektu vidéoné nduduhké soal pamréntah Nazi sing nyulik 800 anaké Seksi-Seksi Yéhuwah, Maud ngendhegké vidéoné terus macakké pengalamané telung cah cilik sing dadi korban. Kanggo penutup prèsentasiné, Maud macakké surat terakhir saka Gerhard Steinacher, yaiku Seksi Yéhuwah saka Austria sing umuré 19 taun. Surat kuwi ditulis kanggo wong tuwané ing taun 1940 sakdurungé dhèwèké dihukum mati karo pamréntah Nazi.b

Maud ya nggunakké prèsentasi sing padha ing kelas sing keloro. Merga Maud kendel, guru-guru kuwi saiki dadi nyebutké Seksi-Seksi Yéhuwah wektu mulangké soal korban kamp kosentrasi Nazi.

a Wektu Perang Dunia II, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Jerman sing biasa disebut Siswa-Siswa Alkitab dipenjara merga nolak kanggo ndhukung Nazi.

b Gerhard Steinacher dihukum mati merga ora gelem dadi tentara Jerman. Ing surat terakhiré, dhèwèké nulis, ”Aku isih enom. Aku isa kuwat merga Gusti Allah mènèhi aku kekuwatan, lan mung kuwi sing tak jaluk.” Sésuk isuké Gerhard diukum mati. Ing batu nisané ditulisi, ”Dhèwèké mati kanggo ngajèni Allah.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim