PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwex artikel 14
  • Mutuské kanggo Urip Sederhana

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Mutuské kanggo Urip Sederhana
  • Pengalaman
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sing Isa Dipelajari saka Wong Nazir
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Urip Sedherhana Isa Ngluhurké Gusti Allah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • ”Rasakna Nèk Yéhuwah Kuwi Apikan”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
Pengalaman
ijwex artikel 14
Gambar motor sing lagi diedol.

Mutuské kanggo Urip Sederhana

Madián lan Marcela manggon ing kutha Medellín ing Kolombia. Uripé wong loro kuwi nyenengké banget. Madián nduwé gaji sing gedhé lan nduwé apartemèn sing apik. Ning, ana sing nggawé Madián lan bojoné gelem urip sederhana bèn isa ngutamakké Yéhuwah. Madián lan Marcela ngomong, ”Ing taun 2006, aku lan bojoku teka ing kebaktian wilayah sing témané ’Jagalah Mata Saudara Tetap Sederhana.’ Ing kebaktian iki ana akèh ceramah sing ngrembug soal pentingé urip sederhana bèn isa terus ngabdi marang Yéhuwah. Aku lan bojoku dadi ngerti nèk keluargaku durung nindakké pathokané Alkitab merga isih seneng blanja senajan ora nduwé dhuwit sing akhiré nggawé nduwé akèh utang.”

Terus, Madián lan Marcela mulai ngupaya urip sederhana. Madián lan Marcela ngomong, ”Aku lan bojoku ngedol mobil, terus tuku motor, lan pindhah ing apartemèn sing luwih cilik.” Sakliyané kuwi, Madián lan Marcela ora lunga ing mall manèh bèn ora kegodha kanggo blanja. Saiki, Madián lan Marcela luwih akèh nggunakké wektuné kanggo nginjil lan bergaul karo para perintis istiméwa sing semangat.a

Marcela lan Madián.

Ora suwi bar kuwi, Madián lan Marcela pindhah ing dhaérah pedésaan kanggo mbantu jemaat sing cilik. Bèn isa pindhah ing kana, Madián kudu metu saka gawéané. Sakwisé ngomong nèk arep metu, manajeré mikir nèk Madián kuwi wis édan. Terus, Madián njelaské ing manajeré, ”Gajiné njenengan kan gedhé, ning apa kuwi nggawé njenengan bahagia?” Manajeré njawab, ”Ora. Aku nduwé akèh masalah, dadi kuwi nggawé aku strès.” Terus, Madián ngomong karo manajeré, ”Sing paling penting kuwi dudu sepira akèhé dhuwit sing njenengan duwèni. Ning, sing penting awaké dhéwé isa bahagia. Aku lan bojoku bahagia wektu mulang wong-wong soal Gusti Allah. Aku lan bojoku péngin nggunakké luwih akèh wektu kanggo nindakké kuwi bèn isa luwih bahagia manèh.”

Madián lan Marcela wis 13 taun nglayani ing jemaat-jemaat sing mbutuhké luwih akèh penginjil ing Kolombia bagéan barat laut. Saiki Madián lan Marcela nglayani dadi perintis istiméwa. Madián lan Marcela bener-bener ngrasa puas lan bahagia.

Marcela lan Madián lagi nginjil ing désa lan nduduhké buku ’Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan’

a Perintis istiméwa kuwi para penginjil sepenuh waktu sing dipilih kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo nginjil ing panggonan sing mbutuhké. Kantor cabang ya mbantu nyukupi kebutuhané para perintis kuwi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim