PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 10
  • Sapa sing Ngedegaké Pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sapa sing Ngedegaké Pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kratoné Allah Madeg ing Swarga
    Kratoné Allah Wis Mréntah
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 10
Yésus mulang murid-muridé

Sapa sing Ngedegaké Pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah?

Sejarah pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah jaman saiki diwiwiti kira-kira taun 1870. Wektu kuwi, ana sakelompok siswa Alkitab sing omahé cedhak Pittsburgh, Pennsylvania, ing Amerika Serikat, mulai sinau Alkitab sing tliti lan urut. Wong-wong kuwi mbandhingaké ajarané gréja karo ajarané Alkitab. Terus, asil saka sinauné dicétak ing buku, koran, lan majalah sing saiki disebut Warta Penting Bab Kratoné Yéhuwah.

Ing antarané siswa-siswa Alkitab sing tulus kuwi, ana wong lanang sing jenengé Charles Taze Russell. Senajan Russell sing mimpin pendhidhikan Alkitab wektu kuwi lan sing sepisanan ngrancang lan nyiapaké wacan Warta Penting, dhèwèké ora ngedegaké agama anyar. Tujuané Russell lan Siswa-Siswa Alkitab, sebutané wektu kuwi, yaiku ngumumaké ajarané Yésus lan niru contoné wong-wong Kristen abad kapisan. Merga Yésus sing ngedegaké agama Kristen, Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Yésus sing ngedegaké pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah.—Kolosé 1:18-20.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim