PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwwd artikel 16
  • Ékolokasi Kelelawar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ékolokasi Kelelawar
  • Apa Iki Dirancang?
Apa Iki Dirancang?
ijwwd artikel 16
Kelelawar sing mabur ing guwa.

APA IKI DIRANCANG?

Ékolokasi Kelelawar

Senajan isa ndelok, ning akèh kelelawar nggunakké ékolokasi bèn isa ngerti keadaan sekitaré ing wektu bengi. Ékolokasi yaiku kemampuan kanggo ngerti jarak benda liwat pantulan suara. Contoné, beberapa kelelawar isa mbédakké nyamuk lan kumbang liwat kecepatan maburé serangga kuwi.

Pikirna: Akèh kelelawar nggawé getaran suara ing laringé lan ditokké liwat muluté utawa irungé. Kelelawar nggunakké kupingé kanggo ngrungokké pantulan suara saka benda. Pantulan suara kuwi nggawé kelelawar isa ngerti keadaan sekitaré. Kelelawar isa ngerti panggonané, dhuwuré, lan jaraké benda kuwi, senajan ana akèh suara saka kelelawar liyané.

Ékolokasi kelelawar kudu pas, merga nèk kuwi klèru sak milidetik waé kelelawar isa ngedoh 17 sèntimèter saka benda sing dituju. Nurut beberapa peneliti, ”ora ana” pantulan suara sing luwih akurat ketimbang sak milidetik. Ning, penelitian nduduhké nèk pantulan suara saka kelelawar isa akurat nganti sepuluh nanodetik. Kuwi nggawé kelelawar ngerti tenan jarak benda sing ana ing sekitaré.

Para peneliti niru kemampuan ékolokasi kelelawar kanggo nggawé tongkat èlèktronik. Kuwi isa nggawé wong wuta isa ngerti keadaan ing sekitaré lan ora kena bahaya, misalé ketatap wit. Perancang Batcane sing jenengé Brian Hoyle lan Dean Waters kandha, ”Alat iki digawé merga niru ékolokasi kelelawar sing luar biasa.”

Wong lanang wuta lagi mlaku nggunakké tongkat èlèktronik. Tongkaté mènèhi tandha nèk ing ngarepé ana alat pemadam kebakaran.

Piyé nurut njenengan? Apa kemampuan ékolokasi kelelawar ana merga hasil évolusi? Utawa, apa iki dirancang?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim