PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • hdu artikel 11
  • Manfaaté Saluran Satelit JW

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Manfaaté Saluran Satelit JW
  • Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kothak Cilik sing Mbantu Wong-Wong Nduwé Iman sing Kuwat
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Cobanen Iki
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Bebas saka Kelaparan
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Bantuan kanggo Njenengan
    Gatèkna!—2020
Delok Kabèh
Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
hdu artikel 11
Para sedulur ngeterké parabola numpak pit.

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Manfaaté Saluran Satelit JW

1 APRIL 2021

Saben sasi, awaké dhéwé seneng banget nonton acara JW Broadcasting. Tapi, akèh sedulur ing Afrika ora isa nonton acara kuwi. Lha ngapa?

Akèh dhaérah ing Afrika kuwi Internèté angèl, nèk ora sinyalé lambat, ya regané larang. Misalé, ana pinituwa wilayah ing Madagaskar sing tau download siji vidéo JW Broadcasting ing warnèt. Dhèwèké dikongkon mbayar kira-kira 230.000 rupiah. Biasané, gajiné wong seminggu waé ora nganti semono.

Tapi saiki akèh sedulur ing Afrika wis isa nonton JW Broadcasting ora nganggo Internèt. Piyé carané?

Kèt taun 2017, wong-wong ing dhaérah bagéan selatan Sahara (sub-Sahara) Afrika isa nonton JW Broadcasting liwat saluran TV satelit. Acarané disiarké gratis, saben dina tanpa mandheg. Terus, kuwi ya ana ing 16 basa.

Para sedulur lagi mbenakké parabola ing Balai Ibadah ing Mozambik, 2018

Seksi-Seksi Yéhuwah nyéwa saluran TV satelit sing regané luwih saka 172 juta rupiah saben sasi. Dadi, acarané isa ditonton wong-wong ing 35 negara ing bagéan selatan Sahara Afrika. Terus, nèk pas acara pertemuan gabungan wilayah utawa ana acara khusus pas kunjungané wakil kantor pusat, Seksi Yéhuwah nyéwa saluran liyané manèh.

Tim Rancang/Bangun Setempat ing Malawi lagi nonton saluran satelit JW, 2018

Akèh wong, termasuk sing dudu Seksi Yéhuwah, isa nonton acarané ing saluran satelit JW saka omahé dhéwé-dhéwé. Tapi ana akèh sedulur sing ora isa tuku peralatan dienggo nonton. Dadi, organisasi tuku peralatané bèn dipasang ing luwih saka 3.670 Balai Ibadah. Regané peralatané kuwi, termasuk ongkos kirimé, kira-kira sak juta rupiah. Kuwi durung termasuk TV utawa proyèktoré. Nèk peralatan lengkapé, regané kira-kira 7,6 juta rupiah.

Para sedulur seneng banget karo saluran iki. Ana pinituwa ing Kamerun sing ngomong, ”Iki kaya manna ing tengah-tengah padhang gurun kanggo keluargaku.” Sedulur Odebode ing Nigeria ngomong, ”Aku sak keluarga nonton acara iki seminggu ping telu. Anak-anakku seneng banget acarané. Malah, kadhang nèk lagi nonton acara liyané, anak-anakku njaluk bèn ganti ing saluran JW waé.” Sedulur Rose ing Nigeria ya ngomong, ”Mbiyèn aku seneng banget nonton berita. Tapi aku dadi strès, terus tènsiku mundhak. Ning, nèk nonton acara JW Broadcasting, aku dadi seneng lan ngrasa dikuwatké. Tontonanku saiki JW Broadcasting. Iki bener-bener hadiah saka Yéhuwah.”

Sak keluarga ing Malawi lagi nonton vidéo bocah-bocah liwat saluran satelit JW

Ana pinituwa wilayah ing Mozambik sing ngomong nèk ing Balai Ibadah ing wilayahé wis dipasangi peralatan bèn isa nonton saluran satelit JW. Para sedulur biasané teka kira-kira sak jam sakdurungé acara pertemuan ibadah bèn isa nonton acara JW Broadcasting.

Para sedulur lagi omong-omongan ing halamané Balai Ibadah.

Para sedulur ing Etiopia isa nonton acara JW Broadcasting tanpa Internèt, 2018

Pas pertemuan internasional 2019 ing Johannesburg, Afrika Selatan, ana beberapa ceramah, termasuk ceramahé Pengurus Pusat, sing disiarké bèn isa ditonton saka sanga panggonan liyané. Sphumelele, sing nglayani ing Departemèn Siaran Setempat ing kantor cabang Afrika Selatan, ngomong, ”Mbiyèn nèk mèh nyiarké ceramah ya kudu liwat Internèt. Tapi mbayaré larang, terus sinyalé kudu sing kuwat. Ning nèk saluran satelit JW iki, biayané luwih murah, terus sinyalé luwih apik.”

Para sedulur ing Afrika isa nonton JW Broadcasting liwat satelit merga njenengan wis nyumbang kanggo gawéan sak donya nganggo cara-cara sing ana ing donate.jw.org. Maturnuwun merga njenengan murah hati.

Saluran Satelit JW lan JW Box

Nèk nganggo saluran satelit JW, para sedulur isa nonton vidéo liwat TV sing disambungké parabola. Nèk nganggo JW Box, para sedulur isa download bacaan lan vidéo ing perangkat èlèktroniké.

Nèk isa download vidéo nganggo JW Box, ngapa kok isih butuh saluran satelit? Ing akèh dhaérah, Internèté kuwi angèl utawa mbayaré larang. Padahal bèn isa ana bacaan lan vidéo sing anyar ing JW Box kuwi butuh Internèt. Makané, kantor cabang ngirimké flash disk sing isiné bacaan lan vidéo sing anyar ing Balai Ibadah. Tapi, kuwi suwé banget. Nèk nganggo saluran satelit JW, para sedulur isa nonton acara JW Broadcasting sedina sakwisé kuwi rilis. Terus nèk ana acara khusus, para sedulur ya isa nonton langsung.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim