PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g18 No. 2 hlm. 9
  • 6 Ndhidhik Anak

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 6 Ndhidhik Anak
  • Gatèkna!—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MAKSUDÉ
  • NGAPA KOK PENTING
  • KUDU PIYÉ
  • ”Rungokna Naséhat lan Dadia Wicaksana”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Yéhuwah Mènèhi Naséhat Merga Sayang
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
Gatèkna!—2018
g18 No. 2 hlm. 9
Sak keluarga numpak kapal

Kaya kapal sing kudu diarahké, anak-anak ya kudu didhidhik wong tuwané

KANGGO WONG TUWA

6 Ndhidhik Anak

MAKSUDÉ

Anak-anak kudu diajari sing bener bèn isa nggawé keputusan sing bener. Terus, nèk salah ya kudu dikandhani.

NGAPA KOK PENTING

Jaman saiki ana akèh wong tuwa sing anaké disayang banget, malah nganti ora tau dihukum utawa ora tau disenèni. Padahal kuduné wong tuwa tetep ngandhani lan ndhidhik anaké bèn manut.

”Bèn dadi wong sing bertanggung jawab, anak-anak kudu diatur. Nèk ora ngono, anak-anak isa dadi kaya kapal sing ora disetiri, mengko kapalé isa nabrak-nabrak.”​—Pamela.

KUDU PIYÉ

Kudu tegas. Nèk anak-anak ora gelem diatur, kudu dihukum. Tapi nèk gelem manut, kudu dipuji.

”Jaman saiki akèh anak-anak ora gelem diatur. Dadi nèk anakku manut, ya mesthi tak puji. Nèk kerep dipuji, anak-anak dadi luwih gampang dikandhani wong tuwané.”​—Christine.

AYAT: ”Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.”​—Galatia 6:7.

Hukumané sing sesuai. Nèk kesalahané sepélé, ya aja digedhèk-gedhèkké. Nèk ngekèki hukuman, kudu sesuai karo umuré anaké. Terus hukumané ya kudu ana hubungané karo kesalahané. Misalé, nèk anaké kakèhan dolanan HP, ya HP-né disita sik.

”Nèk anak-anak salah, wong tuwa kudu ngerti sik dhèwèké sengaja apa ora. Dadi wong tuwa isa ngerti, dhèwèké kudu dikandhani thok apa kudu dihukum.”​—Wendell.

AYAT: ”Aja nggawé anak-anakmu lara ati, bèn anak-anakmu ora cilik ati.”​—Kolose 3:21.

Kudu sayang. Nèk anak-anak ngrasa disayang, mesthi luwih gampang manut karo wong tuwané.

”Pas anakku nggawé kesalahan, aku ngomong karo dhèwèké, ’Bapak karo ibu tetep sayang karo kowé.’”​—Daniel.

AYAT: ”Wong sing nduwé katresnan kuwi sabar lan apikan.”​—1 Korintus 13:4.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim