PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g18 No. 3 hlm. 14-15
  • Harapan saka Gusti Allah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Harapan saka Gusti Allah
  • Gatèkna!—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KETERANGAN LUWIH AKÈH SOAL HARAPAN KANGGO WONG MATI
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2018
  • Saran kanggo sing Bar Ditinggal Mati
    Gatèkna!—2018
  • ”Nangisa karo Wong sing Lagi Nangis”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Wong Mati Isa Urip Manèh
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Gatèkna!—2018
g18 No. 3 hlm. 14-15
Nyambut wong-wong sing diuripké manèh ing Firdaus

SARAN KANGGO SING BAR DITINGGAL MATI

Harapan Saka Gusti Allah

ANA AKÈH SARAN SAKA PARA AHLI DIENGGO WONG-WONG SING DITINGGAL MATI. Nah ternyata, saran-sarané para ahli kuwi ya ana ing Alkitab. Kuwi bukti nèk Alkitab mémang isih bermanfaat nganti saiki. Tapi ora mung kuwi thok. Ing Alkitab ya ana keterangan sing luwih lengkap lan janji saka Gusti Allah.

  • Wong mati ora disiksa

    Menurut Pengkhotbah 9:5, ”Wong mati ora ngerti apa-apa.” Terus, wong mati ya ”wis ora mikir apa-apa manèh”. (Mazmur 146:4) Makané, ing Alkitab wong mati digambarké kaya wong sing lagi turu angler.​—Yohanes 11:11.

  • Gusti Allah mesthi menghibur awaké dhéwé

    Menurut Mazmur 34:15, ”Yéhuwaha nggatèkké wong sing bener, lan Dhèwèké ngrungokké wektu wong kuwi njaluk tulung.” Awaké dhéwé ndonga, crita karo Gusti Allah kuwi ora mung bèn lega utawa bèn plong. Tapi bèn awaké dhéwé isa luwih akrab karo Gusti Allah, merga Dhèwèké isa menghibur lan nguwatké awaké dhéwé.

  • Harapan ing masa depan

    Sukmbèn, wong-wong sing wis mati bakal diuripké manèh ing bumi. Menurut Alkitab, ”Gusti Allah bakal ngusapi air matané [awaké dhéwé]. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh.”​—Wahyu 21:3, 4.

Nèk percaya karo Gusti Allah lan janjiné nèk sukmbèn isa ketemu manèh karo wong-wong sing wis mati, awaké dhéwé isa tetep tabah. Misalé Ana. Dhèwèké wis nikah selama 65 taun, tapi terus bojoné mati. Ana crita, ”Saka Alkitab aku ngerti nèk wong mati ora disiksa, lan sukmbèn bakal diuripké manèh karo Gusti Allah. Nèk aku sedhih, kuwi sing tak éling-éling. Hasilé, aku isa tetep tabah.”

Tina, sing disebutké sakdurungé, crita, ”Kèt bojoku ora ana, Gusti Allah terus nguwatké aku. Pas aku sedhih banget, Yéhuwah ya menghibur aku. Aku isa tetep semangat merga ngerti nèk Gusti Allah janji sukmbèn aku isa ketemu manèh karo bojoku.”

Selain wong-wong kuwi, sakjané isih ana akèh conto liyané. Nah, nèk njenengan ngrasa janji ing Alkitab kuwi kétoké ora mungkin kelakon, coba golèkana bukti-buktiné. Mengko njenengan isa ngrasakké nèk isiné Alkitab mémang bener lan bermanfaat kanggo njenengan.

KETERANGAN LUWIH AKÈH SOAL HARAPAN KANGGO WONG MATI

Deloken vidéo iki ing situs wèbé Seksi-Seksi Yéhuwah, jw.org

Nyambut wong-wong sing diuripké manèh ing Firdaus

Menurut Alkitab, sukmbèn awaké dhéwé isa ketemu manèh karo wong sing wis mati

PIYÉ KEADAANÉ WONG MATI?

Piyé Keadaané Wong Mati?

Ing Alkitab ana jawabané.

Deloken bagéan PERPUSTAKAAN > VIDÉO (Kategori Vidéo: Alkitab)

ING ALKITAB ANA KABAR APIK

Ing Alkitab Ana Kabar Apik

Meskipun ing berita isiné èlèk kabèh, tapi ing Alkitab ana kabar sing apik.

Deloken bagéan AJARANÉ ALKITAB > DAMAI & BAHAGIA

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim