PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 1 hlm. 5-7
  • Strès Kuwi Apa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Strès Kuwi Apa?
  • Gatèkna!—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MANFAAT LAN BAHAYANÉ STRÈS
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2020
  • Apa Njenengan Lagi Strès?
    Gatèkna!—2020
  • Sing Isa Ditindakké Wektu Lagi Strès
    Gatèkna!—2020
Gatèkna!—2020
g20 No. 1 hlm. 5-7
Wong lanang sing kesusu mangkat kantor.

CARANÉ BÈN ORA STRÈS

Strès Kuwi Apa?

Strès kuwi rèspon badané njenengan wektu ngalami keadaan sing angèl. Otak ngasilké hormon sing isa ningkatké detak jantung, ningkatké tekanan darah, nggawé otot dadi tegang, lan nggawé ambegan dadi saya cepet. Kuwi kabèh nggawé njenengan dadi luwih tanggap kanggo ngadhepi keadaan sing angèl. Nèk wis ora strès, badané njenengan bakal normal manèh.

MANFAAT LAN BAHAYANÉ STRÈS

Strès kuwi rèspon badané njenengan sing isa mbantu njenengan ngadhepi keadaan sing angèl utawa bahaya. Kuwi dimulai saka otaké njenengan. Strès kuwi ana manfaaté. Kuwi isa nggawé njenengan dadi luwih tanggap. Strès ya isa mbantu njenengan nindakké sing luwih apik, misalé wektu ulangan, wektu wawancara kerja, utawa wektu mèlu pertandingan olahraga.

Ning, terus-terusan ngalami strès kuwi bahaya. Kuwi nggawé njenengan gampang panik, ora isa fokus, perasaané dadi ora stabil, lan lara. Sikap lan tumindaké njenengan ya isa berubah. Njenengan mungkin ya dadi seneng ngombé alkohol, nggunakké narkoba, ngrokok, lan nindakké kebiasaan èlèk liyané. Strès ya isa nggawé njenengan dadi déprèsi, kekeselen, utawa malah péngin bunuh diri.

Wektu strès, akibat sing dirasakké saben wong kuwi béda-béda. Ning, kuwi pengaruhé gedhé kanggo keséhatan.

PENGARUHÉ STRÈS KANGGO KESÉHATAN

Sistem saraf.

Wong lanang sing nyekeli bathuké merga strès.

Strès nggawé sistem saraf ngasilké hormon adrénalin lan kortisol. Hormon-hormon kuwi isa ningkatké detak jantung, tekanan darah, lan kadar gula darah. Kabèh kuwi isa nggawé njenengan tanggap wektu ana bahaya. Ning, nèk terus-terusan strès, njenengan isa

  • gampang nesu, kuwatir, déprèsi, mumet, ora isa turu

Sistem otot rangka.

Strès nggawé ototé njenengan dadi tegang. Kuwi isa nglindhungi njenengan saka cedera. Ning, nèk terus-terusan strès, njenengan isa

  • pegel-pegel, mumet, kram

Sistem pernapasan.

Strès nggawé njenengan ambegan luwih cepet. Ning, nèk terus-terusan strès, njenengan isa

  • sesak napas, ambegané dadi ngos-ngosan, kena serangan panik nèk njenengan pancèn gampang panik

Sistem perédaran darah.

Strès nggawé jantung mompa getih luwih cepet. Getih kuwi dialirké liwat pembuluh darah kanggo bagéan tubuh sing paling mbutuhké, salah sijiné yaiku otot. Ning, nèk terus-terusan strès, njenengan isa

  • kena tekanan darah tinggi, serangan jantung, stroke

Sistem éndokrin.

Strès nggawé kelenjar-kelenjar ing badané njenengan ngasilké hormon adrénalin lan kortisol. Hormon-hormon kuwi sing mbantu badané njenengan dadi luwih tanggap wektu ngadhepi strès. Hati ningkatké kadar gula darah bèn njenengan nduwé luwih akèh tenaga. Ning, nèk terus-terusan strès, njenengan isa

  • gampang lara, kena diabetes, perasaané berubah-ubah, berat badané nambah

Sistem pencernaan.

Strès isa ngganggu sistem pencernaané njenengan. Dadi, nèk terus-terusan strès, njenengan isa

  • mual, muntah, diaré, sembelit

Sistem réproduksi.

Strès ana pengaruhé kanggo hubungan sèks lan alat-alat réproduksi. Dadi, nèk terus-terusan strès, njenengan isa

  • impotènsi, ménstruasiné dadi ora teratur

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim