PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 1 hlm. 14-15
  • Njenengan Ora Bakal Strès Manèh

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Njenengan Ora Bakal Strès Manèh
  • Gatèkna!—2020
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2020
  • Nèk Kerajaané Gusti Allah Wis Mréntah, Kabèh ”Bakal Ayem”
    Gatèkna!—2019
  • Sing Isa Ditindakké Wektu Lagi Strès
    Gatèkna!—2020
  • Apa Njenengan Lagi Strès?
    Gatèkna!—2020
Gatèkna!—2020
g20 No. 1 hlm. 14-15
Bapak karo anaké lanang dolanan ombak ing laut, ibuné lan anaké wédok loro ndeloki saka pantai.

CARANÉ BÈN ORA STRÈS

Njenengan Ora Bakal Strès Manèh

Saran-saran ing Alkitab isa mbantu awaké dhéwé bèn ora terus-terusan strès. Awaké dhéwé ora mungkin isa ngilangi penyebabé strès, ning Gusti Allah isa. Dhèwèké wis nglantik Yésus kanggo mbantu awaké dhéwé. Ora suwé manèh, Yésus bakal nindakké sing luwih apik ketimbang apa sing wis tau dhèwèké tindakké wektu ing bumi. Contoné:

KABÈH WONG BAKAL SÉHAT.

”Wong-wong nggawa marang Yésus kabèh sing sengsara merga werna-werna penyakit. . . . Yésus marèkké kabèh wong kuwi.”​—MATIUS 4:24.

KABÈH WONG BAKAL NDUWÉ OMAH LAN PANGANAN SING CUKUP.

”[Rakyaté Kristus] bakal padha ngadegaké omah lan iya banjur dienggoni; bakal padha nandur anggur ana ing kebon lan iya banjur padha mangan wohé. Ora bakal padha ngedegaké apa-apa, kang banjur dienggoni ing wong liya, lan ora bakal padha nenandur, kang wohé banjur dipangan wong liya.”​—YÉSAYA 65:21, 22.

KEADAANÉ BAKAL DADI AMAN LAN DAMAI.

”Ing jaman sugengipun kaadilan mugi saged mekar, sarta tentrem rahayu sageda lubèr, ngantos rembulan sampun boten wonten malih. Panjenenganipun mugi ngastaa pangwaos wiwit saking saganten dumugi saganten, tuwin saking bengawan Éfrat ngantos dumugi ing pungkasanipun bumi. . .  Sarta para mengsahipun sami ndilata lebu.”​—JABUR 72:7-9.

TUMINDAK ORA ADIL BAKAL ORA ANA MANÈH.

”Panjenenganipun badhé ngéman dhateng tiyang ingkang ringkih saha tiyang mlarat, badhé ngentas nyawanipun tiyang mlarat. Panjenenganipun badhé nebus nyawanipun saking panindhes tuwin panganiaya.”​—JABUR 72:13, 14.

KESUSAHAN LAN KEMATIAN BAKAL ORA ANA MANÈH.

”Pati ora bakal ana manèh. Kasusahan, tangisan, lan rasa lara uga ora bakal ana manèh.”​—WAHYU 21:4.

”KAHANANÉ BAKAL ANGÈL DIADHEPI LAN MBEBAYANI”

”Saiki akèh wong tambah strès, kuwatir, lan sedhih ketimbang sakdurungé.”​—Mohamed S. Younis, éditor ing perusahaan Gallup.

Apa sebabé akèh wong ing jaman saiki ngalami strès? Alkitab mènèhi jawabané ing 2 Timotius 3:1. Ayat kuwi ngomong ”nèk ing dina-dina pungkasan, kahanané bakal angèl diadhepi lan mbebayani”. Terus, Alkitab mènèhi alesan kenapa kok keadaané angèl diadhepi. Kuwi merga sipaté wong-wong, misalé mikirké kepentingané dhéwé, srakah, munafik, kejem, ora sayang karo keluarga, lan ora isa ngendhalèni dhiri. (2 Timotius 3:2-5) Ning, Yésus bakal ngubah keadaan kuwi wektu dhèwèké dadi Raja Kratoné Allah.​—Dhanièl 2:44.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim