PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g23 No. 1 hlm. 6-8
  • Laut

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Laut
  • Gatèkna!—2023
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kenapa Laut Kudu Dirawat?
  • Bukti-Bukti Nèk Bumi Ora Bakal Rusak
  • Sing Wis Diupayakké Manungsa
  • Ing Alkitab Ana Harapan Apa?
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2023
  • Ing Terbitan Majalah Iki
    Gatèkna!—2023
  • Pengantar
    Gatèkna!—2023
Gatèkna!—2023
g23 No. 1 hlm. 6-8
Wong lagi nyelem ing laut karo ndeloki iwak, terumbu karang, lan makhluk hidup liyané.

Georgette Douwma/Stone via Getty Images

BUMI IKI TAMBAH RUSAK

LAUT

KABÈH sing ana ing laut ora mung isa dadi sumber panganan, tapi ya isa dadi bahan kanggo nggawé obat. Laut isa ngasilké oksigén sing akèh banget lan nyerep gas karbon berbahaya ing bumi. Laut ya isa nggawé iklim tetep stabil.

Kenapa Laut Kudu Dirawat?

Perubahan iklim berbahaya kanggo terumbu karang, kerang, lan makhluk hidup laut liyané. Para ilmuwan ngomong nèk 30 taun manèh mèh kabèh terumbu karang mati, padahal kuwi bermanfaat kanggo makhluk hidup ing laut.

Para ahli ngomong nèk kira-kira 90 persèn manuk sing nggolèk mangan ing laut wis mangan plastik. Saben taun jutaan kéwan laut mati merga sampah plastik.

Taun 2022, Sekretaris-Jéndral PBB sing jenengé António Guterres ngomong, ”Merga ora dirawat, lauté dadi rusak. Saiki awaké dhéwé ngadhepi ’Darurat Laut.’”

Bukti-Bukti Nèk Bumi Ora Bakal Rusak

Sakjané laut wis dirancang bèn isa resik dhéwé. Terus ya ana makhluk hidup ing kono sing isa nggawé laut tetep resik. Tapi, kuwi isa kelakon nèk manungsa ora mencemari laut. Buku Regeneration: Ending the Climate Crisis in One Generation nyebutké nèk manungsa ora mencemari laut, ”lauté isa resik dhéwé”. Buktiné:

  • Fitoplankton nyerep karbon dioksida sing nyebabké pemanasan global. Jumlah gas karbon dioksida sing diserap fitoplankton mèh padha kaya sing diserap wit, suket, lan tanduran liyané.

  • Baktèri mangan iwak sing wis mati, termasuk balung-balungé. Kuwi nggawé laut ora tercemar karo bangkai iwak. Terus, baktèri kuwi dadi panganan kanggo makhluk hidup liyané ing laut. Menurut situs wèb Smithsonian Institution Ocean Portal, prosès kuwi ”nggawé laut tetep resik lan jernih”.

  • Akèh makhluk hidup laut sing sistem pencernaané isa ngurangi tingkat keasaman banyu laut. Dadi banyuné ora berbahaya kanggo terumbu karang, kerang, lan makhluk hidup liyané.

    FAKTA MENARIK

    Lamun Bermanfaat kanggo Laut

    Gambar ombak sing tekan pantai. Dhasar laut, lamun, lan kéwan lauté kétok. Lamun nggawé ombak sing tekan pantai ora terlalu gedhé lan nggawé pasir karo watu-watu ora hanyut. Iwak lan kéwan laut liyané isa nggolèk panganan ing sekitar lamun. Banyu sing tekan pinggir pantai luwih resik lan ombaké ora gedhé.

    Lamun kuwi sejenis rumput laut sing ana ing pesisir pantai. Lamun isa nggawé terumbu karang tetep séhat. Kuwi ya nggawé ombak sing tekan pantai ora terlalu gedhé, dadi pantainé ora érosi.

Sing Wis Diupayakké Manungsa

Gambar: 1. Wong lanang ngetokké blanjaan saka tas blanja. 2. Wong wédok ngisi botol sing isa dienggo bola-bali.

Nèk nganggo tas blanja utawa botol sing isa dienggo bola-bali, kuwi isa ngurangi sampah plastik sing dibuwang ing laut

Nèk ora ana sampah sing dibuwang ing laut, lauté bakal tetep resik. Makané para ahli ngandhani, daripada nganggo barang saka plastik sing sekali pakai, mendhing nggunakké tas, barang-barang, lan wadhah sing isa dienggo bola-bali.

Tapi cara kuwi durung berhasil kanggo ngurangi sampah. Buktiné selama setaun, ana organisasi perduli lingkungan sing wis nglumpukké kira-kira 8.300 ton sampah saka pantai ing 112 negara. Jumlah kuwi sithik banget nèk dibandhingké karo jumlah sampah sing dibuwang ing laut saben taun.

Ana laporan saka National Geographic, ”Merga saking akèhé polusi, tingkat keasaman [banyu laut] dadi bertambah.” Akibaté kéwan-kéwan ing laut wis ora sanggup ngubah tingkat keasaman kuwi lan ora isa nggawé banyu laut tetep resik.

Ing Alkitab Ana Harapan Apa?

”Kabèh hasil karya-Mu ngebaki bumi. Laut kuwi gedhé banget lan amba. Ing kono ana akèh banget makhluk hidup sing cilik lan gedhé.”—Mazmur 104:​24, 25.

Gusti Allah wis nggawé laut lan ngrancang bèn laut isa resik dhéwé tanpa bantuané manungsa. Nèk Gusti Allah sanggup nyiptakké laut lan kabèh makhluk hidup sing ana ing kono, berarti Gusti Allah sanggup nggawé laut sing tercemar dadi resik manèh. Deloken artikel ”Gusti Allah Janji Nèk Bumi Ora Bakal Tambah Rusak” ing halaman 15.

KETERANGAN LIYANÉ

Paus pilot ing laut.

Blue Planet Archive/Doug Perrine

Para ilmuwan ngerti carané ngresiki teritip saka kapal sing gedhé tanpa nganggo cairan sing berbahaya. Meréka ngerti cara kuwi sakwisé nliti salah siji kéwan laut. Wacanen artikel ”Kulit Paus Pilot yang Bisa Membersihkan Diri” ing jw.org/id.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim