PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g24 No. 1 hlm. 4-6
  • Menghargai Wong Liya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Menghargai Wong Liya
  • Gatèkna!—2024
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KENAPA KUWI PENTING?
  • SING ISA DIUPAYAKKÉ
  • SING DILAKUKAN SEKSI-SEKSI YÉHUWAH
  • Apa Saling Menghargai Kuwi Isih Penting?
    Gatèkna!—2024
  • Meskipun Ana Perbédaan, Kenapa Kudu Tetep Ngajèni Wong Liya?
    Topik Liyané
  • Manut karo Sing Nduwé Wewenang
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Menghargai Anggota Keluarga
    Gatèkna!—2024
Delok Kabèh
Gatèkna!—2024
g24 No. 1 hlm. 4-6
Wong lanang nesu-nesu karo pelayan rèstoran, padahal pelayan kuwi wis njaluk ngapura. Wong-wong sing sak méja dadi ngrasa ora nyaman.

Menghargai Wong Liya

KENAPA KUWI PENTING?

Nèk menghargai wong liya, pas ana masalah awaké dhéwé isa tetep tenang lan sabar.

  • Ing Kitab Suci disebutké, ”Jawaban sing alus nggawé wong dadi ora nesu manèh, ning omongan sing kasar nggawé wong dadi nesu.” (Wulang Bebasan 15:1) Omongan sing kasar lan sikap sing ora sopan malah marakké masalahé dadi tambah parah. Kuwi dipadhakké kaya ngesokké bènsin ing geni sing isa marahi kebakaran.

  • Ing Kitab Suci disebutké, ”Apa sing diomongké ing cangkem kuwi asalé saka ati.” (Matius 12:34) Nèk seneng ngèlèk-èlèk wong sing suku, bangsa, basa, utawa latar belakangé béda, berarti awaké dhéwé seneng mbédak-mbédakké lan kuwi bahaya.

    Taun 2023, ana survéi saka Edelman Trust Barometer. Sing mèlu survéi kuwi ana 32.000 wong saka 28 negara lan luwih saka setengahé ngomong nèk saiki saya akèh wong sing ora menghargai wong liya.

SING ISA DIUPAYAKKÉ

Menghargai kabèh wong meskipun ora setuju karo pandhangané. Wektu ngobrol, coba pikirna kira-kira apa ana pendapaté wong kuwi sing padha karo njenengan. Nèk ngono, njenengan ora bakal langsung ngritik utawa mikir èlèk soal wong kuwi.

”Aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili.”—Matius 7:1.

Nèk péngin diperlakukan apik karo wong liya, njenengan ya kudu apikan sik. Nèk njenengan apikan lan adil wektu urusan karo wong liya, wong liya mungkin ya bakal kaya ngono karo njenengan.

”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.”—Lukas 6:31.

Gelem ngampuni. Nèk ana sing nggawé jèngkèl, njenengan isa berupaya kanggo ora ngéling-éling kesalahané lan tetep mikir sing apik soal wong kuwi.

”Pemahaman nggawé wong ora gampang nesu. Lan dhèwèké bakal diajèni nèk gelem ngapura kesalahan.”—Wulang Bebasan 19:11.

Situasi ing Balai Ibadah sakdurungé acarané dimulai. Wong-wong sing umur lan latar belakangé béda-béda padha ngobrol lan seneng nyambut.
Situasi ing Balai Ibadah sakdurungé acarané dimulai. Wong-wong sing umur lan latar belakangé béda-béda padha ngobrol lan seneng nyambut.

SING DILAKUKAN SEKSI-SEKSI YÉHUWAH

Seksi-Seksi Yéhuwah berupaya kanggo terus menghargai kabèh wong lan mbantu wong liya kanggo menghargai liyané.

Kami seneng mbagèkké keterangan saka Alkitab kanggo kabèh wong. Tapi, kami ora meksa wong liya bèn nduwé kepercayaan utawa pandhangan sing padha karo kami. Wektu nyampèkké kabar apik saka Alkitab, kami berupaya kanggo tetep ”alus lan ngajèni”.—1 Pétrus 3:15; 2 Timotius 2:24.

Kami ora mbédak-mbédakké. Kami seneng nyambut sapa waé sing teka ing pertemuan ibadah kanggo sinau Alkitab. Meskipun nduwé pandhangan sing béda, kami berupaya kanggo ”ngajèni kabèh wong”.—1 Pétrus 2:17.

Kami tetep ngajèni pamréntah. (Roma 13:1) Kami manut hukum sing digawé pamréntah lan mbayar pajeg. Meskipun ora mèlu-mèlu urusan politik, tapi kami tetep menghargai keputusané wong liya soal politik.

Gambar: Cuplikan saka vidéo ”Kapan Katresnan Isa Ngalahké Rasa Sengit?” 1. Wong Arab. 2. Wong Yahudi.

KETERANGAN LIYANÉ

Nèk nduwé rasa sengit, dadi angèl kanggo menghargai wong liya. Gatèkna pengalamané loro wong lanang saka bangsa sing béda sing akhiré isa ngilangké rasa sengit. Deloken vidéo sing judhulé Kapan Katresnan Isa Ngalahké Rasa Sengit? ing jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim