PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • gf pelajaran 7 hlm. 12-13
  • Wulangan Saka Jaman Mbiyèn

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wulangan Saka Jaman Mbiyèn
  • Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Pas Jamané Nuh, Sapa sing Ngrungokké Gusti Allah?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
  • Kapalé Nuh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Dhèwèké Mlaku Karo Gusti Allah
    Tirunen Imané
  • Apa Kisahé Nuh lan Banjir Gedhé Kuwi Dongèng?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Delok Kabèh
Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
gf pelajaran 7 hlm. 12-13

BAB 7

Wulangan Saka Jaman Mbiyèn

Yéhuwah ora ngéntukké wong jahat ngrusak Pirdus. Mung kanca-kancané Yéhuwah sing éntuk manggon ing Pirdus. Terus piyé wong-wong sing tumindak jahat? Kanggo ngerti jawabané, gatèkna critané nabi Nuh jaman mbiyèn. Nabi Nuh kuwi wong sing manut karo Yéhuwah, senajan wong-wong ing sakiwa-tengené ora. Mula, Yéhuwah ngendika marang nabi Nuh nèk wong-wong sing ora gelem manut mau bakal disingkirké nganggo banjir gedhé sak donya. Bèn ora katut mati, Yéhuwah ndhawuhi nabi Nuh supaya nggawé prau sing gedhé banget, kanggo nylametké dhèwèké lan kluargané.​—Purwaning Dumadi 6:9-18.

Nuh dan keluarganya memasukkan binatang ke dalam bahtera, orang-orang jahat menolak mendengarkan peringatan

Nabi Nuh lan kluargané nggawé prau sing gedhé banget. Nabi Nuh ngandhani wong-wong nèk banjir gedhé bakal teka. Wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké, malah terus tumindak jahat. Sakwisé prau mau rampung digawé, kéwan-kéwan dilebokké ing kono. Nabi Nuh lan kluargané uga mèlu mlebu. Bar kuwi, Yéhuwah nekakké udan deres banget sing suwéné patang puluh dina patang puluh mbengi. Udan kuwi akhiré dadi banjir gedhé sak donya.​—Purwaning Dumadi 7:7-12.

Wong-wong sing ora manut karo Yéhuwah mati, ning nabi Nuh lan kluargané slamet. Yéhuwah nylametké nabi Nuh lan kluargané saka banjir gedhé sak donya, banjur manggon ing bumi sing wis resik saka wong jahat. (Purwaning Dumadi 7:22, 23) Alkitab kandha nèk Yéhuwah bakal sepisan manèh nyingkirké wong-wong sing ora manut karo kersané. Wong-wong sing manut karo kersané ora bakal disingkirké, malah bakal urip saklawasé ing bumi Pirdus.​—2 Pétrus 2:5, 6, 9.

Saiki akèh wong tumindak jahat. Donya iki kebak masalah. Yéhuwah bola-bali ngutus para Seksiné kanggo ngélingké wong-wong, ning akèh-akèhé ora gelem ngrungokké. Wong-wong kuwi ora gelem nampa pathokané Gusti Allah bab sing bener lan sing salah, lan ora gelem ngowahi tumindaké. Arep nemoni apa wong-wong kaya ngono? Apa wong-wong kuwi bakal ngowahi tumindaké? Akèh sing ora. Mula, mengko wong-wong kuwi bakal disingkirké lan ora isa urip saklawasé.​—Jabur 92:8.

Bumi ora bakal sirna, ning arep digawé dadi Pirdus. Wong-wong sing dadi kancané Yéhuwah bakal urip saklawasé ing bumi Pirdus.​—Jabur 37:29.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim