PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • gf pelajaran 11 hlm. 18-19
  • Singkirana Ibadah Sing Ora Bener!

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Singkirana Ibadah Sing Ora Bener!
  • Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Wong-Wong sing Agamané Palsu Nggawé Èlèk Jenengé Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Kepriyé Dadiné Agama-Agama Mbésuk?
    Kabar Apik saka Gusti Allah!
  • Carané Nitèni Ibadah Sing Bener
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
gf pelajaran 11 hlm. 18-19

BAB 11

Singkirana Ibadah Sing Ora Bener!

Iblis lan para dhemité ora péngin panjenengan ngabdi marang Gusti Allah. Iblis péngin, nèk isa kabèh wong ora ngabdi marang Gusti Allah. Piyé carané? Salah sijiné cara yaiku nggunakké ibadah sing ora bener. (2 Korinta 11:13-15) Ibadah sing ora bener béda karo sing bener. Ibadah sing bener mulang sing bener saka Alkitab. Ning ibadah sing ora bener kuwi kaya dhuwit palsu, kétoké asli ning ora payu. Ibadah sing ora bener nggawé urip panjenengan tambah susah.

Sepasang suami istri berdoa di gereja

Ibadah sing ora bener ora bakal isa nyenengké Yéhuwah, sumberé kabèh sing bener. Wektu Yésus ing bumi, para anggota salah sijiné agama péngin matèni Yésus. Wong-wong iki ngira nèk sing ditindakké bener. Wong-wong iki ngakoni nèk Gusti Allah kuwi bapakné. Apa Yésus setuju karo omongan kuwi? Babar blas ora. Yésus ngendika, ”Bapakmu iku Iblis.” (Yokanan 8:41, 44) Saiki akèh-akèhé wong ya ngira nèk dhèwèké lagi ngabdi marang Gusti Allah, ning jan-jané lagi ngabdi marang Iblis lan para dhemité.​—1 Korinta 10:20.

Kaya wit sing bosok ngasilké woh sing bosok, ibadah sing ora bener ya ngasilké wong-wong sing tumindaké ala. Donya iki kebak masalah, merga wong-wong padha tumindak ala. Ana wong turu bareng karo sing dudu bojoné, seneng padu, seneng nyolong-njupuk, matèni wong liya, lan merkosa wong liya. Akèh sing tumindak ala mau ngaku nèk nduwé agama, ning agamané ora isa nggawé dhèwèké tumindak bener. Wong-wong kaya ngono lagi isa dadi kancané Gusti Allah, nèk wis mandheg nindakké sing ala.​—Matéus 7:17, 18.

Ibadah sing ora bener ngajari wong-wong ndonga karo patung. Gusti Allah ngendika nèk awaké dhéwé ora éntuk ndonga karo patung. Coba dipikir. Apa panjenengan seneng nèk ana wong ora tau omongan karo panjenengan ning gelemé omongan mung karo foto panjenengan? Apa wong kuwi isa dijak kekancan? Mesthiné ora isa, ta? Yéhuwah péngin awaké dhéwé omong-omongan karo Yéhuwah, ora karo patung utawa gambar sing ora nduwé nyawa.​—Pangentasan 20:4, 5.

Tentara bersenjata

Ibadah sing ora bener mulang nèk matèni wong pas perang kuwi ora salah. Yésus ngendika nèk kanca-kancané Gusti Allah padha nresnani siji lan sijiné. Awaké dhéwé ora bakal matèni wong sing ditresnani. (Yokanan 13:35) Senajan sing dipatèni kuwi wong jahat, tetep waé matèni wong kuwi salah. Pas mungsuh-mungsuhé teka kanggo nyekel Yésus, murid-muridé ora diéntukké gelut kanggo mbélani Yésus.​—Matéus 26:51, 52.

Ibadah sing ora bener mulang nèk wong jahat bakal disiksa ing nraka. Alkitab mulang nèk dosa kuwi sing marakké wong dadi mati. (Rum 6:23) Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing nresnani manungsa. Apa Gusti Allah sing nresnani manungsa téga nyiksa wong saklawasé? Mesthiné ora, ta? Ing bumi Pirdus, cacahé ibadah mung siji, yaiku ibadah sing cocog karo kersané Yéhuwah. (Wahyu 15:4) Kabèh ibadah sing asalé saka Iblis bakal disirnakké.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim