PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bt bab 15 hlm. 117-123
  • ”Nguwatké Jemaat-Jemaat”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Nguwatké Jemaat-Jemaat”
  • ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Ayo Awaké Dhéwé Marani Manèh Para Sedulur” (Kis. 15:36)
  • ”Paulus karo Barnabas Padu” (Kis. 15:37-41)
  • ’Sedulur-Sedulur Ngomong Nèk Timotius Kuwi Wong sing Apik’ (Kis. 16:1-3)
  • ”Dadi Saya Kuwat Imané” (Kis. 16:4, 5)
  • ”Nganggo Wewenang saka Yéhuwah, Paulus lan Barnabas Terus Kendel Mènèhi Kesaksian”
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Cah-Cah Lanang, Tirunen Markus lan Timotius
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • ”Dituntun Roh Suci lan Ngrasa Bahagia”
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Paulus lan Timotius
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
bt bab 15 hlm. 117-123

BAB 15

”Nguwatké Jemaat-Jemaat”

Sedulur-sedulur sing diutus marani lan nguwatké jemaat-jemaat

Kisah 15:36–16:5

1-3. (a) Pas perjalanan utusan injilé sing keloro, Paulus dikancani sapa, lan wongé piyé? (b) Apa sing bakal dibahas ing bab iki?

PAULUS lagi mlaku bareng karo Timotius ngliwati dalan sing digawé saka watu. Timotius kuwi cah enom sing semangat. Wektu kuwi umuré kira-kira 18-23 taun. Suwé-suwé meréka mlaku saya adoh saka omahé Timotius. Pas wis soré, meréka wis adoh saka kutha Listra lan Ikonium. Lha meréka arep ing endi? Paulus wis nggawé rencana kanggo perjalanan utusan injilé sing keloro. Paulus ngerti nèk pas perjalanan utusan injil, meréka bakal ngadhepi bahaya. Paulus mungkin mikir, ’Apa Timotius sanggup?’

2 Timotius kuwi cah enom sing rendah hati. Mungkin awalé Timotius ngrasa ora sanggup mèlu perjalanan utusan injil, tapi Paulus ora mikir kaya ngono. Saka pengalamané Paulus sakdurungé, dhèwèké yakin nèk butuh kanca kanggo ngancani ing perjalanan utusan injilé sing keloro. Sakliyané kuwi, Paulus ya ngerti nèk pas marani sedulur-sedulur ing jemaat lan nguwatké meréka, Paulus kudu tetep setya lan rukun karo sing ngancani dhèwèké. Mungkin Paulus mikirké kuwi merga Paulus tau padu karo Barnabas nganti meréka ora nglayani bareng manèh.

3 Ing bab iki, awaké dhéwé bakal sinau piyé carané isa rukun manèh karo sedulur liya. Awaké dhéwé bakal ngerti kenapa kok Paulus milih Timotius kanggo ngancani dhèwèké ing perjalanan utusan injilé sing keloro. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngerti apa waé tugasé pinituwa wilayah.

”Ayo Awaké Dhéwé Marani Manèh Para Sedulur” (Kis. 15:36)

4. Ing perjalanan utusan injilé sing keloro, apa tujuané Paulus?

4 Ing bab sakdurungé, awaké dhéwé wis mbahas nèk Paulus, Barnabas, Yudas, lan Silas nguwatké sedulur-sedulur ing Antiokhia lan ngandhani meréka keputusané pengurus pusat soal sunat. Terus, Paulus ngandhani Barnabas soal rencana perjalanan utusan injilé sing keloro. Paulus ngomong, ”Ayo awaké dhéwé marani manèh para sedulur ing saben kutha sing wis awaké dhéwé kabari soal omongané Yéhuwah bèn awaké dhéwé ngerti piyé keadaané para sedulur kuwi.” (Kis. 15:36) Paulus ora mung arep marani sedulur-sedulur sing lagi waé dadi wong Kristen. Tapi saka buku Kisah, awaké dhéwé isa ngerti apa waé tujuané Paulus ing perjalanan utusan injilé sing keloro. Tujuan sing pertama, Paulus péngin nyampèkké keputusan-keputusané pengurus pusat. (Kis. 16:4) Tujuan sing keloro, Paulus péngin nguwatké sedulur-sedulur ing jemaat-jemaat lan mbantu bèn meréka nduwé iman sing kuwat. (Rm. 1:11, 12) Apa buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah niru contoné para rasul jaman mbiyèn?

5. Piyé carané Pengurus Pusat jaman saiki mènèhi petunjuk lan nggatèkké jemaat-jemaat?

5 Saiki, Yésus ngarahké jemaat-jemaat liwat Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah. Pengurus Pusat mènèhi petunjuk liwat surat, wacan tercétak utawa èlèktronik, pertemuan ibadah, lan cara-cara liyané. Pengurus Pusat ngupaya nggatèkké sedulur-sedulur liwat para pinituwa wilayah sing teka ing jemaat-jemaat. Pengurus Pusat ya wis nglantik akèh banget pinituwa sing memenuhi syarat kanggo dadi pinituwa wilayah.

6, 7. Apa waé tugasé pinituwa wilayah?

6 Tugas utamané para pinituwa wilayah jaman saiki kuwi nggatèkké lan nguwatké sedulur-sedulur ing jemaat nggunakké ayat-ayat Alkitab. Meréka niru contoné Paulus lan wong-wong Kristen liyané ing jamané para rasul. Misalé, Paulus tau ngomong ngéné karo Timotius sing wektu kuwi ditugasi marani jemaat-jemaat, ’Kowé kudu semangat martakké omongané Gusti Allah, wektu keadaané apik utawa èlèk. Kowé kudu ngandhani, ngélikké, lan sabar wektu mènèhi naséhat lan trampil wektu mulang. Kowé kudu nindakké tugas dadi penginjil.’​—2 Tim. 4:2, 5.

7 Kaya sing disebutké ing ayat kuwi, pinituwa wilayah lan bojoné bakal nginjil bareng karo sedulur-sedulur ing jemaat. Meréka semangat nginjil lan trampil mulang. Sedulur-sedulur ing jemaat mesthi ya dadi semangat nèk niru meréka. (Rm. 12:11; 2 Tim. 2:15) Pinituwa wilayah karo bojoné ya réla berkorban. Misalé, meréka tetep gelem teka ing jemaat-jemaat meskipun ing perjalanan cuacané ora apik lan isa waé ngadhepi bahaya. (Flp. 2:3, 4) Pinituwa wilayah ya nguwatké, mulang, lan mènèhi naséhat sedulur-sedulur ing jemaat liwat ceramah-ceramah sing dhasaré Alkitab. Sedulur-sedulur ing jemaat mesthi isa éntuk akèh manfaat nèk niru sipat-sipat apiké pinituwa wilayah lan imané sing kuwat.​—Ibr. 13:7.

”Paulus karo Barnabas Padu” (Kis. 15:37-41)

8. Piyé tanggepané Barnabas pas dijak Paulus marani manèh para sedulur?

8 Barnabas gelem dijak Paulus ”marani manèh” para sedulur. (Kis. 15:36) Meréka wis berhasil kerja sama pas perjalanan utusan injil sing pertama. Meréka ya wis ngerti dhaérahé lan wis kenal karo sedulur-sedulur sing arep diparani. (Kis. 13:2–14:28) Dadi, cocog nèk Barnabas ngancani Paulus ing perjalanan utusan injilé sing keloro, tapi sayangé ana masalah. Ing Kisah 15:37 disebutké, ”Barnabas péngin banget ngejak Yohanes, sing ya disebut Markus.” Kuwi ora mung usul, tapi Barnabas ”péngin banget” ngejak Markus sepupuné ing perjalanan utusan injil iki.

9. Ngapa kok Paulus ora setuju nèk Markus mèlu?

9 Paulus ora setuju. Lha ngapa? Ing Alkitab disebutké, ”Paulus ora seneng nèk Markus dijak merga Markus wis tau ninggalké Paulus lan Barnabas ing Pamfilia lan ora mèlu nginjil bareng karo sedulur loro kuwi.” (Kis. 15:38) Markus mémang wis tau mèlu Paulus lan Barnabas ing perjalanan utusan injil sing pertama, tapi Markus ora mèlu nganti rampung. (Kis. 12:25; 13:13) Pas isih ing Pamfilia, Markus malah bali ing Yérusalèm. Ing Alkitab ora dicritakké ngapa kok dhèwèké kaya ngono. Tapi, kétoké Paulus nganggep nèk sikapé Markus kuwi ora bener. Paulus mungkin ya mikir nèk Markus kuwi ora isa diendelké.

10. Merga Paulus lan Barnabas ora isa sepakat, apa akibaté?

10 Paulus lan Barnabas tetep ora isa sepakat. Ing Kisah 15:39 disebutké, ”Kuwi marahi Paulus karo Barnabas padu nganti wong loro kuwi pisah.” Terus, Barnabas ngejak Markus numpak kapal menyang Siprus. Lha nèk Paulus piyé? Ing Alkitab disebutké, ”Paulus ngejak Silas lan mangkat sakwisé sedulur-sedulur ndongakké bèn Paulus dilindhungi karo Yéhuwah.” (Kis. 15:40) Meréka lunga ing ”Siria lan Kilikia kanggo nguwatké jemaat-jemaat ing kana”.​—Kis. 15:41.

11. Nèk awaké dhéwé jèngkèl utawa padu karo sedulur liya, awaké dhéwé kudu nduwé sipat apa?

11 Kisahé Paulus lan Barnabas nduduhké nèk manungsa kuwi ora sampurna. Paulus lan Barnabas kuwi wong-wong sing dadi wakilé pengurus pusat jaman mbiyèn. Paulus dhéwé kétoké ya dadi anggota pengurus pusat. Tapi Paulus lan Barnabas tetep waé isa padu merga meréka ora sampurna. Apa meréka ora isa rukun manèh? Isa. Merga Paulus lan Barnabas niru Yésus sing rendah hati, dadi mesthiné meréka ngupaya bèn isa rukun manèh. (Éf. 4:1-3) Beberapa taun bar kuwi, Paulus lan Markus wis gelem kerja sama ing tugas liyané.a—Kol. 4:10.

12. Bèn isa niru Paulus lan Barnabas, para pinituwa jaman saiki kudu nduwé sipat apa?

12 Ing kisah iki mémang Paulus lan Barnabas nesu nganti padu. Tapi sakjané meréka wongé ora gampang nesu. Apa buktiné? Barnabas kuwi jeneng asliné Yusuf. Tapi para rasul nyebut dhèwèké Barnabas sing artiné ”Wong sing Nyemangati Wong Liya”. Kuwi nduduhké nèk Barnabas kuwi wongé nyenengké lan apikan. (Kis. 4:36) Paulus ya nduduhké nèk dhèwèké wongé apikan lan sayang karo wong liya. (1 Tés. 2:7, 8) Para pinituwa jaman saiki, termasuk pinituwa wilayah, ya niru Paulus lan Barnabas sing rendah hati. Meréka ya apikan karo pinituwa liyané lan kabèh sedulur.​—1 Ptr. 5:2, 3.

’Sedulur-Sedulur Ngomong Nèk Timotius Kuwi Wong sing Apik’ (Kis. 16:1-3)

13, 14. (a) Timotius kuwi sapa, lan piyé critané kok dhèwèké isa ketemu Paulus? (b) Ngapa kok Paulus nggatèkké Timotius? (c) Timotius diwènèhi tugas apa?

13 Pas perjalanan utusan injil sing keloro, Paulus lunga ing salah siji provinsi Romawi, yaiku Galatia. Ing Galatia wis ana beberapa jemaat. Terus, ”Paulus tekan ing Dèrbé lan Listra. Ing kono, ana murid sing jenengé Timotius. Ibuné Timotius kuwi wong Yahudi sing wis dadi muridé Yésus, ning bapaké wong Yunani”.​—Kis. 16:1.b

14 Kétoké, kira-kira taun 47 M pas perjalanan utusan injilé sing pertama, Paulus ketemu karo keluargané Timotius. Terus kira-kira rong taun utawa telung taun bar kuwi, Paulus luwih nggatèkké Timotius pas perjalanan utusan injilé sing keloro. Lha ngapa? Merga sedulur-sedulur ngomong nèk Timotius kuwi ”wong sing apik”. Sing ngomong nèk Timotius kuwi wongé apik, ora mung sedulur-sedulur ing kutha Listra thok. Tapi ing Alkitab disebutké nèk sedulur-sedulur ing Ikonium sing adohé kita-kira 30 kilomèter saka Listra, ya ngomong nèk Timotius kuwi wong sing apik. (Kis. 16:2) Merga dituntun roh suci, para pinituwa mènèhi Timotius tugas sing penting yaiku ngancani Paulus lan Silas marani jemaat-jemaat.​—Kis. 16:3.

15, 16. Meskipun Timotius isih enom, ngapa kok akèh sing ngomong nèk dhèwèké kuwi wong sing apik?

15 Meskipun Timotius isih enom, ngapa kok akèh sing ngomong nèk dhèwèké kuwi wong sing apik? Apa merga dhèwèké pinter, nggantheng, lan trampil apa waé? Wong-wong biasané kagum nèk ana sing kaya ngono. Mbiyèn Nabi Samuèl ya tau ndelok wong saka njabané waé. Tapi Yéhuwah ngomong, ”Gusti Allah kuwi ora kaya manungsa, merga manungsa mung ndelok apa sing kétok, ning Yéhuwah ndelok piyé atiné.” (1 Sam. 16:7) Timotius isa disebut wong sing apik dudu merga penampilané, tapi merga dhèwèké nduwé sipat-sipat sing apik.

16 Beberapa taun sakwisé Timotius ngancani Paulus ing perjalanan utusan injil, Paulus crita nèk Timotius nduwé sipat-sipat sing apik. Misalé réla berkorban, tulus nggatèkké wong liya, lan gelem kerja keras. (Flp. 2:20-22) Imané Timotius ya ”ora munafik”.​—2 Tim. 1:5.

17. Piyé carané cah-cah enom saiki niru Timotius?

17 Jaman saiki ya ana akèh cah enom sing nduwé sipat-sipat sing apik kaya Timotius. Meskipun isih enom, meréka nduwé réputasi sing apik. (WB. 22:1; 1 Tim. 4:15) Cah-cah enom kuwi nduwé iman sing ora munafik, meréka semangat nglayani Yéhuwah lan ngetrapké isiné Alkitab. (Mzm. 26:4) Makané ana akèh cah enom sing nduwé tugas-tugas ing jemaat kaya Timotius. Sedulur-sedulur ing jemaat mesthi seneng banget nèk ana cah enom sing memenuhi syarat dadi penginjil terus gelem janji ngabdi karo Yéhuwah lan akhiré dibaptis.

”Dadi Saya Kuwat Imané” (Kis. 16:4, 5)

18. (a) Paulus lan Timotius nampa tugas apa saka pengurus pusat? (b) Hasil apa waé sing dirasakké sedulur-sedulur ing jemaat?

18 Paulus kerja bareng karo Timotius nganti beberapa taun. Meréka marani jemaat-jemaat lan gelem nampa tugas saka pengurus pusat. Ing Alkitab disebutké, ”Ing saben kutha sing diparani, Paulus lan kanca-kancané nyampèkké keputusané para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm marang sedulur-sedulur.” (Kis. 16:4) Sedulur-sedulur ing jemaat gelem manut karo arahané pengurus pusat ing Yérusalèm. Hasilé, ”jemaat-jemaat dadi saya kuwat imané, lan saben dina jumlahé wong-wong sing percaya dadi saya akèh”.​—Kis. 16:5

19, 20. Ngapa kok awaké dhéwé kudu manut karo ”wong-wong sing mimpin”?

19 Seksi-Seksi Yéhuwah saiki ya ngrasakké akèh berkah merga manut arahané ”wong-wong sing mimpin”. (Ibr. 13:17) Merga donya iki wis arep berakhir, mula awaké dhéwé kudu manut arahan lan petunjuké ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45; 1 Kor. 7:29-31) Nèk manut, awaké dhéwé isa nduwé iman sing kuwat lan ora bakal nglanggar pathokané Alkitab.​—Yak. 1:27.

20 Mémang, kaya Paulus, Barnabas, Markus, lan para pinituwa liyané jaman mbiyèn, para pinituwa jaman saiki lan Pengurus Pusat ya ora sampurna. (Rm. 5:12; Yak. 3:2) Tapi, Pengurus Pusat saiki tetep isa dipercaya merga terus manut karo pathokané Alkitab lan niru contoné para rasul jaman mbiyèn. (2 Tim. 1:13, 14) Hasilé, sedulur-sedulur ing jemaat isa luwih semangat nglayani Yéhuwah lan kuwat imané.

TIMOTIUS ”KERJA KERAS DEMI KABAR APIK”

Paulus bener-bener menghargai Timotius sing gelem ngancani lan mbantu dhèwèké. Sakwisé kerja bareng kira-kira 11 taun, Paulus ngomong ngéné soal Timotius, ”Ora ana wong liya sing isa tak utus sing sikapé kaya dhèwèké, sing bakal tulus nggatèkké kebutuhanmu. . . . Kowé ngerti nèk Timotius wis mbuktèkké dhèwèké kerja keras demi kabar apik bareng karo aku, kaya anak karo bapaké.” (Flp. 2:20, 22) Merga Timotius gelem kerja keras kanggo ndhukung gawéan nginjil, Paulus seneng karo Timotius. Timotius ya dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé.

Timotius.

Bapaké Timotius kuwi wong Yunani lan ibuné wong Yahudi. Kétoké, kèt cilik Timotius manggon ing Listra. Kèt isih bayi Timotius wis diajari isiné Kitab Suci karo ibuné sing jenengé Éunike lan simbahé sing jenengé Lois. (Kis. 16:1, 3; 2 Tim. 1:5; 3:14, 15) Kemungkinan Timotius, Éunike, lan Lois dadi wong Kristen pas Paulus pertama kali ing Listra.

Kira-kira rong taun utawa telung taun bar kuwi, Paulus teka manèh ing Listra pas perjalanan utusan injilé sing keloro. Meskipun wektu kuwi umuré Timotius kira-kira 18-23 taun, tapi ing Alkitab disebutké, ”Sedulur-sedulur ing Listra lan Ikonium ngomong nèk Timotius kuwi wong sing apik.” (Kis. 16:2) Terus merga arahané roh suci, Paulus lan para pinituwa éntuk ”ramalan-ramalan” soal Timotius, makané meréka mènèhi Timotius tugas-tugas sing penting. (1 Tim. 1:18; 4:14; 2 Tim. 1:6) Misalé, Paulus ngongkon Timotius ngancani pas perjalanan utusan injilé. Timotius kudu ninggalké keluargané, terus dhèwèké ya kudu disunat bèn mengko ora dadi masalah pas ngunjungi wong-wong Yahudi.​—Kis. 16:3.

Timotius kerep lunga adoh. Misalé dhèwèké lunga ing Filipi karo Paulus lan Silas, lunga ing Béréa karo Silas, lan lunga ing Tésalonika dhèwèkan. Pas ketemu manèh karo Paulus ing Korintus, Timotius crita pengalamané sedulur-sedulur ing Tésalonika sing tetep setya meskipun lagi susah. (Kis. 16:6–17:14; 1 Tés. 3:2-6) Terus beberapa taun bar kuwi, pas Paulus sing lagi ing Éfésus krungu kabar nèk jemaat Korintus ana masalah, dhèwèké ngutus Timotius ing Korintus. (1 Kor. 4:17) Paulus ya tau ngutus Timotius lan Érastus saka Éfésus ing Makédonia. Tapi, pas Paulus nulis surat kanggo wong-wong ing Roma, Timotius wis ing Korintus manèh karo Paulus. (Kis. 19:22; Rm. 16:21) Kuwi mung beberapa perjalanané Timotius kanggo ndhukung gawéan nginjil.

Mungkin Timotius tau ragu-ragu pas éntuk tugas, makané Paulus nguwatké Timotius. Paulus ngomong, ”Aja nganti ana sing ngrèmèhké kowé merga kowé isih enom.” (1 Tim. 4:12) Malah Paulus ngutus Timotius lunga ing jemaat sing lagi ana masalah lan ”ngélikké wong-wong bèn ora nyebarké ajaran palsu”. (1 Tim. 1:3) Paulus ya mènèhi Timotius wewenang kanggo nglantik pinituwa utawa abdiné jemaat.​—1 Tim. 5:22.

Paulus sayang karo Timotius merga Timotius nduwé sipat-sipat sing apik. Ing Alkitab disebutké nèk Paulus nganggep Timotius kuwi kaya anaké dhéwé. Meréka akrab lan saling menyayangi. Paulus tau nulis nèk dhèwèké kèlingan wektu Timotius nangis, péngin banget ketemu Timotius, lan ndongakké Timotius. Kaya bapak sing sayang karo anaké, Paulus ya nggatèkké Timotius merga ”kerep lara”, mungkin Timotius kerep lara weteng.​—1 Tim. 5:23; 2 Tim. 1:3, 4.

Pas pertama kali Paulus dipenjara ing Roma, Timotius ngancani Paulus. Timotius ya tau dipenjara. (Flm. 1; Ibr. 13:23) Awaké dhéwé ngerti nèk Paulus akrab banget karo Timotius merga pas Paulus arep dipatèni, dhèwèké ngomong karo Timotius, ”Kowé kudu ngupaya tenanan bèn isa ndang nemoni aku.” (2 Tim. 4:6-9) Tapi ing Alkitab ora disebutké apa Timotius sempet nemoni Paulus sakdurungé Paulus dipatèni.

MARKUS ÉNTUK AKÈH TUGAS TAMBAHAN

Ing Injil Markus dicritakké nèk pas Yésus ditangkep, ana ”cah lanang” sing ya arep ditangkep, tapi dhèwèké langsung ”mlayu karo wuda”. (Mrk. 14:51, 52, cathetan ngisor) Markus ya disebut Yohanes Markus. Mung dhèwèké sing nyathet kisah soal cah lanang kuwi, dadi kétoké cah lanang sing dicritakké kuwi ya Markus dhéwé. Nèk kenyataané ngono, berarti Markus wis tau ketemu langsung karo Yésus.

Markus ngrungokké sedulur liya sing lagi ngomong lan nggawé cathetan.

Kira-kira 11 taun bar kuwi, pas Hérodès Agripa nganiaya wong Kristen, ”ana sedulur-sedulur” ing Yérusalèm sing ngumpul lan ndonga ing omahé Maria, ibuné Markus. Bar metu saka penjara Pétrus mara ing omahé Maria. (Kis. 12:12) Merga omahé Markus dadi panggonan pertemuan ibadah, Markus mesthiné kenal karo murid-muridé Yésus. Conto-conto saka muridé Yésus mesthi nggawé Markus dadi semangat nglayani Yéhuwah.

Markus tau nglayani bareng karo pinituwa-pinituwa pas jamané para rasul. Misalé, dhèwèké kerja sama karo sepupuné sing jenengé Barnabas lan Rasul Paulus pas ing Antiokhia Siria. (Kis. 12:25) Markus ya tau ngancani Paulus lan Barnabas ing perjalanan utusan injil sing pertama. Awalé meréka ing Siprus terus ing Asia Kecil. Tapi bar kuwi, embuh kenapa Markus bali manèh ing Yérusalèm. (Kis. 13:4, 13) Terus ing Kisah bab 15 dicritakké nèk Paulus padu karo Barnabas merga Markus. Akhiré Markus lan Barnabas nglanjutké nginjil ing Siprus.​—Kis. 15:36-39.

Tapi, kira-kira pas taun 60 M utawa 61 M, Markus kerja bareng karo Paulus ing Roma, mesthiné pas kuwi Paulus wis ora nesu manèh. Paulus sing wektu kuwi lagi dipenjara ing Roma nulis surat kanggo jemaat ing Kolose, ”Aristarkhus, sing dipenjara bareng aku, ngirim salam kanggo kowé. Markus sepupuné Barnabas ya ngirim salam (soal Markus, kowé wis nampa petunjuk nèk kowé kudu ramah lan apikan wektu dhèwèké teka).” (Kol. 4:10) Merga ora isa teka langsung ing Kolose, Paulus ngutus Yohanes Markus.

Sekitar taun 62-64 M, Markus kerja bareng karo Pétrus ing Babilon. Kaya sing disebutké ing Bab 10 buku iki, meréka akrab banget bahkan Pétrus nyebut Markus, ”Anakku dhéwé”.​—1 Ptr. 5:13.

Terus sekitar taun 65 M pas Paulus dipenjara manèh ing Roma, dhèwèké nulis surat kanggo Timotius sing ana ing Éfésus. Paulus nyebutké, ”Tulung Markus dijak mréné, merga dhèwèké bakal mbantu aku wektu aku nindakké tugasku.” (2 Tim. 4:11) Markus mesthi gelem mangkat saka Éfésus ing Roma. Saka kisah-kisah kuwi awaké dhéwé ngerti nèk Barnabas, Paulus, lan Pétrus mesthi nganggep Markus kuwi berharga.

Yéhuwah mènèhi Markus tugas sing penting yaiku nulis salah siji Kitab Injil. Jaréné wong-wong, sing ditulis Markus kuwi akèh-akèhé saka sing dicritakké Pétrus. Kenyataané ya mungkin kaya ngono, soalé Markus nyathet akèh informasi sing mung didelok langsung karo Pétrus. Kemungkinan Markus ya nyathet informasi-informasi saka wong-wong liyané. Kétoké, Markus nulis Kitab Injil kuwi pas Markus ing Roma, dudu pas karo Pétrus ing Babilon. Terus, Markus ya nggunakké akèh istilah Latin lan nerjemahké kata-kata Ibrani sing angèl dipahami karo wong sing dudu Yahudi. Dadi, kemungkinan Injil Markus kuwi dienggo wong-wong sing dudu Yahudi.

a Deloken kothak ”Markus Éntuk Akèh Tugas Tambahan”.

b Deloken kothak ”Timotius ’Kerja Keras demi Kabar Apik’”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim