PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bt bab 16 hlm. 124-132
  • ”Maraa ing Makédonia”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Maraa ing Makédonia”
  • ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Gusti Allah Wis Ngundang Aku lan Sedulur-Sedulur” (Kis. 16:6-15)
  • ”Kumpulan Wong ing Kono . . . Nglawan Paulus lan Silas” (Kis. 16:16-24)
  • ”Tanpa Mbuwang-Mbuwang Wektu, Penjaga Penjara Mau lan Keluargané Dibaptis” (Kis. 16:25-34)
  • ”Saiki, Meneng-Meneng Wong-Wong Kuwi Arep Mbébaské Aku?” (Kis. 16:35-40)
  • ”Tentrem-Rahayu kang saka ing Gusti Allah, . . . Ngungkuli Saliring Budi”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Penjaga Penjara Dadi Wong Kristen
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • ”Paulus Mulang lan Mbantu Wong-Wong Kuwi Bèn Isa Paham Isiné Kitab Suci”
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
bt bab 16 hlm. 124-132

BAB 16

”Maraa ing Makédonia”

Berkahé nèk gelem nampa tugas lan tetep setya meskipun dianiaya

Kisah 16:6-40

1-3. (a) Piyé critané kok Paulus lan kanca-kancané isa éntuk arahané roh suci? (b) Peristiwa apa sing bakal dibahas?

ANA wong-wong wédok sing lunga saka Filipi sing ana ing Makédonia. Terus meréka tekan ing Kali Gangites. Kaya biasané, meréka lungguh ing pinggir kali lan ndonga karo Yéhuwah. Yéhuwah nggatèkké wong-wong kuwi.​—2 Bb. 16:9; Mzm. 65:2.

2 Luwih saka 800 kilomèter ing sisih wétané Filipi, Paulus, Silas, lan Timotius lunga saka Listra sing ana ing sisih kidulé Galatia. Pirang-pirang dina bar kuwi, meréka mlaku ing dalan sing digawé karo Roma. Meréka ngulon terus bèn isa tekan ing wilayah Asia. Meréka wis ora sabar ngunjungi Éfésus lan kutha-kutha liyané sing wong-wongé durung ngerti soal Yésus. Tapi sakdurungé tekan kono, embuh piyé carané, Yésus ngandhani liwat roh suci nèk meréka ora éntuk nginjil ing wilayah Asia. Kenapa? Merga Yésus kepéngin Paulus lan kanca-kancané ngliwati Asia Kecil, nyebrang Laut Aegea, lan tekan ing Kali Gangites.

3 Yésus nuntun Paulus lan kanca-kancané selama perjalanan ing Makédonia. Awaké dhéwé isa sinau saka kisah kuwi. Nah saiki, ayo mbahas beberapa peristiwa sing kelakon selama perjalanan utusan injilé Paulus sing keloro kira-kira saka taun 49 M.

”Gusti Allah Wis Ngundang Aku lan Sedulur-Sedulur” (Kis. 16:6-15)

4, 5. (a) Apa sing dialami Paulus lan kanca-kancané sakwisé mèh tekan Bitinia? (b) Paulus karo kanca-kancané malah lunga ing endi, lan apa hasilé?

4 Paulus karo kanca-kancané mlaku ngalor ing kutha-kutha Bitinia merga meréka éntuk arahan bèn ora nginjil ing Asia. Bèn isa tekan Bitinia, meréka kudu mlaku beberapa hari ngliwati dalan sing èlèk lan ngliwati dhaérah-dhaérah Frigia lan Galatia sing ora akèh penduduké. Tapi pas mèh tekan Bitinia, liwat roh suci Yésus ora ngijinké meréka mrana. (Kis. 16:6, 7) Paulus karo kanca-kancané mesthi bingung banget. Meréka ngerti apa sing kudu disampèkké lan piyé carané nyampèkké kuwi, tapi meréka ora ngerti kudu nginjil ing endi. Awalé, meréka nduwé kesempatan nginjil ing Asia tapi ora diéntukké. Terus meréka ya nduwé kesempatan nginjil ing Bitinia tapi ya ora diéntukké manèh. Tapi, Paulus karo kanca-kancané ora meneng waé. Meréka ngupaya nggolèk dhaérah liya bèn isa tetep nginjil. Bar kuwi meréka nggawé keputusan sing anèh. Meréka mlaku ngulon kira-kira 550 kilomèter ngliwati kutha-kutha, terus tekan ing pelabuhan Troas. Saka pelabuhan Troas, meréka nyebrang ing Makédonia. (Kis. 16:8) Nah, ing kono Paulus lan kanca-kancané akhiré isa nginjil.

5 Saka Troas, Lukas mèlu karo Paulus lan kanca-kancané. Lukas nulis, ”Bengi kuwi, Paulus éntuk wahyu: Ana wong lanang saka Makédonia sing ngadeg lan kandha, ’Maraa ing Makédonia. Wong-wong ing kéné butuh bantuanmu.’ Sakwisé éntuk wahyu kuwi, aku lan sedulur-sedulur nyimpulké nèk Gusti Allah wis ngundang aku lan sedulur-sedulur kanggo martakké kabar apik marang wong-wong ing kana. Mula, aku lan sedulur-sedulur langsung ngupaya bèn isa menyang Makédonia.”a (Kis. 16:9, 10) Akhiré, Paulus lan kanca-kancané ngerti kudu nginjil ing endi. Meréka mesthi seneng banget merga ora meneng waé lan ngupaya bèn isa tetep nginjil. Terus meréka lunga ing Makédonia numpak kapal.

Paulus karo Timotius ing ndhuwur kapal. Timotius nunjuk sesuatu lan awak kapal lagi padha kerja.

”Mula saka Troas, aku lan sedulur-sedulur langsung numpak kapal.”—Kisah 16:11

6, 7. (a) Apa sing isa dipelajari saka kisahé Paulus lan kanca-kancané? (b) Saka kisahé Paulus, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

6 Apa sing isa dipelajari saka kisahé Paulus lan kanca-kancané? Coba dipikir, roh suci ngarahké Paulus lan kanca-kancané sakwisé meréka lunga ing Asia, terus Yésus ya ngarahké Paulus lan kanca-kancané sakwisé meréka lunga ing Bitinia. Bar kuwi, Yésus ngarahké Paulus lan kanca-kancané nginjil ing Makédonia sakwisé meréka tekan Troas. Jaman saiki, Yésus sing dadi kepalané jemaat ya ngarahké awaké dhéwé. (Kol. 1:18) Misalé, awaké dhéwé mungkin nduwé rencana dadi perintis utawa pindhah ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Bèn rencanané kelakon awaké dhéwé kudu ngupaya dhisik. Nah, sakwisé kuwi Yésus isa ngarahké awaké dhéwé liwat roh suciné. Perumpamaané ngéné, mobil isa diénggokké ngiwa utawa nengen nèk mobilé wis mlaku. Padha kaya ngono, Yésus ya bakal ngarahké nèk awaké dhéwé wis ngupaya dhisik.

7 Nèk wis ngupaya tapi ora berhasil, piyé? Aja nyerah. Aja nganggep nèk Yésus ora ngarahké awaké dhéwé. Meskipun kétoké ora berhasil, Paulus mbiyèn ora nyerah. Paulus terus ngupaya lan akhiré dhèwèké éntuk arahan kudu nginjil ing endi. Awaké dhéwé isa yakin nèk berusaha nggolèki ’kesempatan sing gedhé kanggo ngrampungi gawéan nginjil’, awaké dhéwé bakal diberkahi Yéhuwah.​—1 Kor. 16:9.

8. (a) Critakna soal kutha Filipi. (b) Merga Paulus lan kanca-kancané nginjil ing ”panggonan kanggo ndonga”, apa hasilé?

8 Sakwisé tekan ing Makédonia, Paulus lan kanca-kancané lunga ing Filipi. Penduduk Filipi bangga dadi warga negara Romawi. Ing kono ana akèh pènsiunan prajurit Romawi. Kutha Filipi mèh padha kaya Roma, makané pènsiunan prajurit Romawi sing manggon ing kono ngrasa seolah-olah manggon ing Roma. Ing njaba gerbang kutha ana kali cilik, ing kono Paulus karo kanca-kancané ndelok ana ”panggonan kanggo ndonga”.b Pas dina Sabat meréka lunga mrono lan ketemu wong-wong wédok sing lagi ngumpul lan ngibadah. Terus, Paulus lan kanca-kancané lungguh lan ngobrol karo wong-wong wédok kuwi. Ana wong wédok sing jenengé Lidia. Dhèwèké ”mèlu ngrungokké . . . [lan] Yéhuwah mbantu dhèwèké bèn isa nggatèkké lan nampa apa sing diomongké Paulus”. Terus, Lidia lan keluargané dibaptis. Bar kuwi, Lidia njaluk bèn Paulus lan kanca-kancané nginep ing omahé.c—Kis. 16:13-15.

9. Piyé wong Kristen jaman saiki niru Paulus, lan apa berkahé?

9 Sedulur-sedulur mesthi seneng banget wektu Lidia dibaptis. Paulus mesthi ya seneng banget merga nampa arahané roh suci kanggo ’mara ing Makédonia’. Sakliyané kuwi, Paulus ya mesthi seneng banget merga Yéhuwah wis milih Paulus lan kanca-kancané kanggo njawab dongané Lidia lan wong-wong wédok liyané. Jaman saiki ya ana sedulur-sedulur sing enom, tuwa, wis nikah utawa durung nikah, sing pindhah ing dhaérah liya sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Meréka mesthi ngalami akèh tantangan, tapi meréka mesthi ya seneng lan puas merga isa ketemu karo wong-wong kaya Lidia sing gelem nampa wulangan sing bener. Apa njenengan ya isa nggawé rencana kanggo ’mara’ ing dhaérah liya sing mbutuhké luwih akèh penginjil? Nèk awaké dhéwé ngupaya kaya ngono, awaké dhéwé isa ngrasakké akèh berkahé Yéhuwah. Ayo nggatèkké contoné sedulur Aaron sing pindhah ing Amerika Tengah pas umuré 20-an. Dhèwèké ngomong, ”Merga pindhah ing dhaérah liya sing mbutuhké luwih akèh penginjil, imanku dadi tambah kuwat lan aku ya saya akrab karo Yéhuwah. Ing kéné nginjilé nyenengké, ana wolu sing sinau Alkitab karo aku.” Sedulur-sedulur sing pindhah ing dhaérah liya sing mbutuhké luwih akèh penginjil ya ngrasa kaya ngono.

Ana loro sedulur wédok sing mènèhi kesaksian wong wédok ing pinggir dalan. Ing mburiné, ana wong lanang sing ndelok wacan sing diduduhké.

Apa awaké dhéwé isa pindhah ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil?

”Kumpulan Wong ing Kono . . . Nglawan Paulus lan Silas” (Kis. 16:16-24)

10. Piyé roh jahat ngupaya bèn Paulus lan kanca-kancané ora isa nginjil manèh?

10 Sétan mesthi nesu banget merga Paulus karo kanca-kancané berhasil nyampèkké kabar apik lan akèh sing dibaptis, padahal ing dhaérah kuwi pengaruhé Sétan kuwat banget. Mulané, Sétan ngupaya bèn Paulus lan kanca-kancané ora isa nginjil manèh. Pas Paulus lan kanca-kancané teka ing panggonan kanggo ndonga, meréka ketemu pembantu wédok sing kesurupan roh jahat. Para majikané éntuk dhuwit akèh merga pembantuné isa ngramal. Pembantu wédok kuwi ngetutké Paulus lan kanca-kancané karo mbengok-mbengok, ”Wong-wong iki abdiné Gusti Allah sing Mahaluhur lan lagi martakké carané kowé bakal dislametké.” Kétoké, roh jahat nggawé pembantu wédok iki ngomong kaya ngono bèn wong-wong percaya nèk sing diwulangké Paulus asalé saka roh jahat kuwi. Mulané, Paulus ngusir roh jahat saka pembantu wédok kuwi.​—Kis. 16:16-18.

11. Sakwisé Paulus ngusir roh jahat saka pembantu wédok kuwi, Paulus karo Silas diapakké?

11 Majikané nesu banget wektu ngerti nèk meréka ora isa éntuk dhuwit manèh saka pembantu wédok kuwi. Terus, Paulus lan Silas disèrèt ing pasar. Ing kono, ana para pejabat pengadilan sing mewakili pamréntahan Romawi. Para majikan nudhuh Paulus lan Silas bèn para pejabat pengadilan sengit karo meréka. Meréka ya nudhuh nèk Paulus lan Silas ora ngajèni kebiasaan-kebiasaan Romawi. Terus, para majikan kuwi ngomong nèk Paulus lan Silas ”marakké gègèran” merga ’mulangké kebiasaan-kebiasaan sing ora éntuk ditampa wong Romawi’. Akibaté, ”kumpulan wong ing kono [ing Pasar] ya nglawan Paulus lan Silas”. Terus, para pejabat pengadilan mréntahké bèn wong loro kuwi ”digebugi nganggo tongkat”. Bar kuwi, Paulus karo Silas dilebokké ing penjara meskipun keadaané luka-luka. Malah, penjaga penjara nglebokké Paulus lan Silas sing ing kamar penjara sing paling njero lan sikilé wong loro kuwi dipasung. (Kis. 16:19-24) Pas lawang penjarané ditutup, kamar penjarané peteng banget nganti Paulus karo Silas ora isa ndelok apa-apa. Tapi, Yéhuwah nggatèkké meréka.​—Mzm. 139:12.

12. (a) Nèk dianiaya, murid-muridé Yésus kudu ngerti soal apa, lan Yésus ngomong apa? (b) Piyé Sétan lan bala-balané nentang umaté Yéhuwah jaman saiki?

12 Pirang-pirang taun sakdurungé, Yésus tau ngomong, ”Wong-wong kuwi . . . bakal nganiaya kowé.” (Yoh. 15:20) Mula pas Paulus lan kanca-kancané teka ing Makédonia, meréka ya wis siap ngadhepi penganiayaan. Meréka ngerti nèk penganiayaan kuwi merga Sétan nesu, dudu merga Yéhuwah ora seneng karo meréka. Jaman saiki Sétan lan bala-balané ya nganiaya umaté Yéhuwah. Misalé, ing sekolah utawa ing panggonan kerja, ana wong-wong sing ngomongké sing ora bener soal Seksi Yéhuwah bèn wong-wong sengit karo Seksi Yéhuwah. Terus, ing beberapa negara ana pemimpin agama sing nudhuh Seksi Yéhuwah ing pengadilan. Intiné meréka ngomong, ’Seksi-seksi Yéhuwah marakké geger merga mulangké kebiasaan-kebiasaan sing ora cocog karo kebiasaan-kebiasaané awaké dhéwé. Kuwi ora isa awaké dhéwé tampa.’ Ing beberapa dhaérah, umaté Yéhuwah bahkan digebugi lan dilebokké penjara. Tapi kaya jamané Paulus lan Silas, Yéhuwah ya nggatèkké umaté saiki.​—1 Ptr. 3:12.

”Tanpa Mbuwang-Mbuwang Wektu, Penjaga Penjara Mau lan Keluargané Dibaptis” (Kis. 16:25-34)

13. Kenapa kok penjaga penjara takon karo Paulus lan Silas, ”Aku kudu piyé bèn isa dislametké”?

13 Sakwisé digebugi lan dipenjara, Paulus karo Silas mesthi butuh wektu bèn isa tenang lan istirahat. Tapi benginé meréka wis mendhingan, soalé meréka wis isa ”ndonga lan nyanyi lagu pujian”. Terus ngerti-ngerti ana gempa. Penjaga penjarané tangi lan ndelok nèk lawang penjarané kebukak. Dhèwèké wedi nèk para tahanan wis mlayu. Dhèwèké ngerti dhèwèké bakal dihukum nèk para tahanané nganti mlayu. Mula, dhèwèké ”ngetokké pedhangé arep bunuh diri”. Tapi bar kuwi Paulus mbengok, ”Aja bunuh diri. Aku kabèh isih ing kéné.” Terus penjaga penjara kuwi takon, ”Bapak-Bapak, aku kudu piyé bèn isa dislametké?” Paulus lan Silas ngerti nèk mung Yésus sing isa nylametké penjaga penjara kuwi. Terus meréka ngomong, ”Percayaa marang Gusti Yésus supaya kowé lan keluargamu dislametké.”​—Kis. 16:25-31.

14. (a) Paulus karo Silas mbantu penjaga penjara bèn apa? (b) Apa berkahé merga Paulus karo Silas tetep setya meskipun dianiaya?

14 Paulus karo Silas nyritakké carané bèn isa dislametké merga penjaga penjara kuwi mémang bener-bener kepéngin ngerti. Penjaga penjara kuwi dudu wong Yahudi dadi dhèwèké ora ngerti isiné Kitab Suci. Mula bèn isa dadi wong Kristen, dhèwèké kudu sinau Kitab Suci lan ngetrapké apa sing dipelajari. Terus, Paulus lan Silas ”nyampèkké omongané Yéhuwah marang penjaga penjara kuwi”. Saking semangaté mbahas Kitab Suci, Paulus karo Silas mungkin nganti ora ngrasakké lara padahal meréka bar digebugi. Penjaga penjara kuwi ngerti nèk Paulus karo Silas luka-luka, terus dhèwèké nambani luka-lukané. Bar kuwi, ”tanpa mbuwang-mbuwang wektu, penjaga penjara mau lan keluargané dibaptis”. Kuwi dadi berkah kanggo Paulus karo Silas merga tetep setya meskipun dianiaya.​—Kis. 16:32-34.

15. (a) Piyé umaté Yéhuwah saiki niru contoné Paulus lan Silas? (b) Kenapa kok awaké dhéwé kudu marani manèh wong-wong ing dhaérahé awaké dhéwé?

15 Kaya Paulus lan Silas, ana akèh umaté Yéhuwah jaman saiki sing lagi dipenjara. Pas dipenjara meréka tetep nginjil lan hasilé apik banget. Misalé ing negara sing pamréntahé nglarang Seksi Yéhuwah, mèh separoné Seksi-Seksi Yéhuwah ing kono isa ngerti kabar apik ya pas ing penjara. (Yés. 54:17) Sakliyané kuwi, penjaga penjara mau gelem nampa kabar apik sakwisé ana gempa bumi. Padha kaya ngono, ana wong-wong sing akhiré gelem nampa kabar apik sakwisé ngalami masalah. Makané, awaké dhéwé aja nyerah marani manèh wong-wong ing dhaérahé awaké dhéwé, lan siap mulangké sing bener.

”Saiki, Meneng-Meneng Wong-Wong Kuwi Arep Mbébaské Aku?” (Kis. 16:35-40)

16. Critakna sing dialami Paulus lan Silas sésuk ésuké.

16 Sésuk ésuké, pejabat pengadilan ngongkon bèn Paulus lan Silas dibébaské. Tapi, Paulus ngomong, ”Wong-wong kuwi wis nggebugi aku lan kancaku ing ngarepé wong akèh tanpa diadili, padahal aku lan kancaku kuwi wong Romawi. Bar kuwi, aku dilebokké penjara. Saiki, meneng-meneng wong-wong kuwi arep mbébaské aku? Ora isa. Wong-wong kuwi dhéwé sing kudu teka mréné lan ngeterké aku metu saka kéné.” Pas ngerti nèk Paulus lan Silas wong Romawi, pejabat pengadilan kuwi ”dadi wedi” merga meréka wis nglanggar hukumé wong Romawi.d Merga Paulus lan Silas wis digebugi ing ngarepé wong-wong, pejabat pengadilan kuwi ya kudu njaluk ngapura ing ngarepé wong-wong. Sakwisé njaluk ngapura, pejabat pengadilan ngongkon Paulus lan Silas lunga saka Filipi. Tapi sakdurungé lunga, Paulus lan Silas nguwatké sedulur-sedulur ing kono sing lagi waé dadi muridé Yésus.

17. Apa sing isa dipelajari wong-wong sing lagi waé dadi muridé Yésus saka contoné Paulus lan Silas?

17 Nèk Paulus karo Silas ngomong dhisik nèk meréka warga negara Romawi, meréka mungkin ora bakal digebugi. (Kis. 22:25, 26) Tapi nèk kaya ngono, isa waé murid-murid ing Filipi dadi mikir nèk Paulus lan Silas nggunakké haké dadi warga negara Romawi bèn ora dianiaya. Sakliyané kuwi, Paulus lan Silas isa waé nggawé sedulur-sedulur sing dudu warga negara Romawi dadi tersinggung merga wong-wong kuwi ora dilindhungi hukum lan isa waé digebugi pas dianiaya. Tapi, merga Paulus lan Silas mbuktèkké nèk meréka tetep setya meskipun dianiaya, kuwi isa dadi conto sing apik kanggo murid-muridé Yésus liyané. Terus, pas Paulus lan Silas ngomong nèk meréka warga negara Romawi, wong-wong dadi ngerti nèk para pejabat pengadilan wis nglanggar hukum. Kuwi isa nglindhungi murid-murid ing Filipi bèn ora ana sing digebugi kaya Paulus lan Silas, padahal durung diadili.

18. (a) Piyé carané para pinituwa jaman saiki niru Paulus? (b) Piyé umaté Yéhuwah jaman saiki ”nggunakké hukum kanggo mbéla kabar apik”?

18 Jaman saiki, para pinituwa ya ngupaya dadi conto sing apik bèn isa ditiru sedulur-sedulur ing jemaat. Kaya Paulus, umaté Yéhuwah ya nduwé hak nggunakké hukum kanggo nglindhungi sedulur-sedulur. Nèk dibutuhké, awaké dhéwé isa njaluk bandhing ing pengadilan negeri, bahkan ing pengadilan internasional bèn awaké dhéwé isa tetep bébas ngibadah lan nginjil. Tujuané awaké dhéwé ora kanggo mèlu-mèlu urusané pamréntah, tapi awaké dhéwé ”nggunakké hukum kanggo mbéla kabar apik”. Kuwi kaya sing ditulis Paulus kanggo jemaat ing Filipi kira-kira sepuluh taun bar dhèwèké dipenjara ing kono. (Flp. 1:7) Embuh apa waé keputusan pengadilan, awaké dhéwé niru Paulus lan kanca-kancané sing terus manut arahané roh suci kanggo ”martakké kabar apik”.​—Kis. 16:10.

LUKAS KUWI SING NULIS BUKU KISAH

Ing Kisah 1:1–16:9, penulisé mung nyritakké soal wong liya. Tapi ing Kisah 16:10, 11, penulisé ya nyritakké apa sing dhèwèké alami. Misalé ing ayat 11, penulisé ngomong, ”Saka Troas, Aku lan sedulur-sedulur langsung numpak kapal menyang Samotraké.” Saka ayat kuwi awaké dhéwé ngerti nèk Lukas sing nulis buku Kisah ya ana ing peristiwa kuwi. Tapi, jeneng Lukas babar blas ora disebutké ing buku Kisah Para Rasul. Dadi saka endi awaké dhéwé ngerti nèk Lukas sing nulis buku Kisah?

Lukas lagi lungguh karo nulis ing gulungan.

Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk nggatèkké awal buku Kisah lan awal Injil Lukas. Loro-loroné ditulis kanggo ”Téofilus”. (Luk. 1:1, 3; Kis. 1:1) Ing awal buku Kisah disebutké, ”Téofilus sing tak tresnani, ing suratku sing pertama kanggo kowé, aku wis njelaské soal kabèh sing ditindakké lan diwulangké Yésus.” Para ahli yakin nèk sing disebut ”suratku sing pertama” yaiku Injil Lukas, penulisé Lukas. Dadi mesthiné sing nulis buku Kisah kuwi ya Lukas.

Awaké dhéwé ora ngerti akèh soal Lukas. Jenengé waé mung disebutké ping telu ing Alkitab. Paulus nyebut Lukas kuwi ”dokter sing awaké dhéwé tresnani” lan salah siji saka ”kanca-kancaku”. (Kol. 4:14; Flm. 24) Kata ”aku lan sedulur-sedulur” ing buku Kisah nduduhké nèk Lukas ya ana ing peristiwa kuwi. Misalé kira-kira taun 50 M, Lukas pertama kali ngancani Paulus saka Troas ing Filipi. Tapi pas Paulus lunga saka Filipi, Lukas ora karo Paulus manèh. Lukas ketemu manèh karo Paulus kira-kira taun 56 M, meréka karo pitu sedulur liyané lunga saka Filipi ing Yérusalèm. Pas ing Yérusalèm Paulus dipenjara. Rong taun bar kuwi, pas Paulus isih dadi tahanan, Lukas ngancani Paulus lunga saka Kaisaréa ing Roma. (Kis. 16:10-17, 40; 20:5–21:17; 24:27; 27:1–28:16) Terus pas Paulus dipenjara manèh ing Roma lan arep dihukum mati, ”mung Lukas” sing ngancani Paulus. (2 Tim. 4:6, 11) Kisah-kisah kuwi nduduhké nèk Lukas gelem lunga adoh lan gelem berkorban merga péngin ndhukung gawéan nginjil.

Pas Lukas nyritakké soal Yésus ing Injil Lukas, dhèwèké ora tau ngomong nèk dhèwèké ndelok langsung peristiwané. Tapi dhèwèké ngomong, nèk dhèwèké ”ngupaya nliti lan nulis soal kabèh sing wis kelakon” saka critané ”para seksi”. Sakliyané kuwi, Lukas ’wis mriksa lan nliti kuwi kabèh kanggo nulis soal kabèh sing wis kelakon kuwi urut saka awal nganti akhir’. (Luk. 1:1-3) Saka tulisané, awaké dhéwé ngerti nèk Lukas kuwi tliti. Terus, kétoké Lukas ya seneng nggolèk keterangan, misalé takon karo Èlisabèt, Maria ibuné Yésus, lan wong-wong liyané. Makané, keterangan sing ditulis Lukas kuwi luwih rinci lan akèh sing ora ana ing Injil liyané.​—Luk. 1:5-80.

Paulus nyebut Lukas kuwi dokter. Saka sing ditulis Lukas, awaké dhéwé ngerti nèk Lukas nggatèkké lan ngerti sing dirasakké wong lara. Misalé, pas ana wong sing kesurupan lan Yésus berhasil ngusir roh jahat kuwi, Lukas nulis nèk roh jahat kuwi ”metu tanpa nggawé wong mau lara”. Terus, mung Lukas sing nyebutké nèk ibu maratuwané Pétrus ”lagi demam, lan panasé dhuwur banget”. Sakliyané kuwi, pas Yésus ngusir roh jahat saka wong wédok, Lukas nulis, ”Ana wong wédok sing wis 18 taun lara merga diganggu roh jahat. Dhèwèké bungkuk lan babar blas ora isa ngadeg jejeg.”​—Luk. 4:35, 38; 13:11.

Lukas ”nindakké akèh gawéan kanggo nglayani Gusti”. (1 Kor. 15:58) Dhèwèké ora ngutamakké gawéané dadi dokter, tapi dhèwèké péngin mbantu wong liya kenal lan nglayani Yéhuwah.

LIDIA KUWI WONG WÉDOK SING DODOLAN KAIN UNGU

Lidia manggon ing Filipi, kutha sing ana ing Makédonia. Tapi, dhèwèké asalé saka kutha Tiatira, sing ana ing wilayah Lidia, kuloné Asia Kecil. Merga dodolan kain ungu, dhèwèké pindhah ing Filipi. Lidia ngedol barang-barang sing wernané ungu, misalé karpèt, kain, lan bahan pewarna ungu. Ana tulisan-tulisan kuna sing nduduhké nèk ing Filipi ana wong sing dodolan kain ungu.

Lidia nduduhké kain.

Lidia disebut ”abdiné Gusti Allah”, kemungkinan merga dhèwèké pindhah agama dadi Yahudi. (Kis. 16:14) Kétoké dhèwèké wis ngibadah marang Yéhuwah pas isih ing Tiatira. Ing Tiatira ana sinagogé, ora kaya kutha Filipi. Ana wong-wong sing nganggep nèk Lidia kuwi dudu jeneng asliné tapi mung celukané. Meréka ya nganggep nèk wong-wong Filipi nyeluk dhèwèké Lidia, sing artiné ”Wong Wédok saka Lidia”. Tapi ana bukti-bukti nèk wong-wong wektu kuwi ya ana sing jenengé Lidia.

Pas jamané Homèr, kira-kira taun 900-700 SM, wong-wong saka Lidia lan dhaérah sekitar kono, terkenal trampil mewarnai kain dadi werna ungu. Malah, banyu sing ana ing Tiatira terkenal isa nggawé werna dadi ”cerah lan awèt”.

Mbiyèn kain ungu larang banget, mula sing isa tuku mung wong sugih. Ana beberapa bahan pewarna ungu sing digunakké wektu kuwi, tapi sing paling apik lan paling larang yaiku saka kerang ing Laut Tengah. Biasané, bahan pewarna kuwi kanggo mewarnai kain linèn alus. Siji kerang mung isa ngasilké pewarna ungu sing sithik banget. Terus, bèn isa nggawé sak gram pewarna kuwi dibutuhké kira-kira 8.000 kerang. Makané pewarna kuwi berharga banget lan kain sing nggunakké bahan pewarna kuwi larang banget.

Kétoké Lidia kuwi pengusaha sing sugih. Buktiné, Lidia nduwé usaha sing butuh akèh modal. Dhèwèké ya nduwé omah sing gedhé sing isa dienggo nginep Paulus, Silas, Timotius, lan Lukas. Kata ”keluargané” berarti Lidia manggon karo sedulur-seduluré. Tapi kata ”keluarga” ing basa Yunani ya isa berarti nduwé pembantu utawa budhak. (Kis. 16:15) Sakdurungé lunga saka Filipi, Paulus lan Silas ketemu karo sedulur-sedulur ing omahé Lidia. Kuwi nduduhké nèk omahé Lidia dienggo ngibadah wong-wong Kristen ing Filipi.​—Kis. 16:40.

Kira-kira sepuluh taun bar kuwi, Paulus nulis surat kanggo jemaat ing Filipi. Tapi dhèwèké ora nyebutké soal Lidia. Dadi, keterangan soal Lidia mung ana ing Kisah bab 16.

a Deloken kothak ”Lukas Kuwi sing Nulis Buku Kisah”.

b Ing Filipi, kétoké wong Yahudi ora éntuk mbangun sinagogé merga ing kono akèh pènsiunan prajurit Romawi. Alesan liyané merga ing Filipi jumlahé wong lanang Yahudi ora nganti sepuluh. Padahal bèn isa mbangun sinagogé kudu ana wong lanang Yahudi paling ora sepuluh.

c Deloken kothak ”Lidia Kuwi Wong Wédok sing Dodolan Kain Ungu”.

d Ing hukum Romawi disebutké nèk warga negara Romawi kudu diadili nganggo cara sing bener lan ora éntuk dihukum ing ngarepé wong-wong nèk durung diadili lan diputuské bersalah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim