PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bt bab 27 hlm. 211-217
  • ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap”
  • ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Paulus Ngucap Syukur marang Gusti Allah lan Ngrasa Dikuwatké” (Kis. 28:14, 15)
  • ”Sèkte Iki Ditentang ing Endi-Endi” (Kis. 28:16-22)
  • Niru Paulus sing ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap” (Kis. 28:23-29)
  • ”Martakké soal Kerajaané Gusti Allah” (Kis. 28:30, 31)
  • Aja Wedi Merga Yéhuwah Bakal Nulungi
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • ”Nèk Nganti Wong-Wong Kuwi Mati, Kuwi Wis Dudu Tanggung Jawabku Manèh”
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • ”Tulung Rungokna Pembélaanku”
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Paulus Digawa ing Roma
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
bt bab 27 hlm. 211-217

BAB 27

”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap”

Wektu dipenjara ing Roma, Paulus terus nginjil

Kisah 28:11-31

1. Paulus karo kanca-kancané yakin soal apa, lan kenapa?

KIRA-KIRA taun 59 M, Paulus arep nglanjutké perjalanan ing Italia. Dhèwèké dikancani Lukas lan Aristarkhus. Meréka numpak kapal saka Pulau Malta ing Laut Tengah. Wektu kuwi Paulus isih dadi tahanan lan dijaga karo prajurit. Meréka numpak kapal sing ana lambangé ”Anak-Anak Zéus” lan biasané dienggo ngangkut biji-bijian. (Kis. 27:2) Awak kapal yakin nèk bakal dilindhungi anaké Déwa Zéus yaiku Kastor lan Poluks. (Deloken keterangan tambahan Kis. 28:11 saka Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru edisi pelajaran.) Tapi Paulus karo kanca-kancané yakin nèk bakal dilindhungi Yéhuwah, soalé Yéhuwah dhéwé sing ngomong nèk Paulus bakal mènèhi kesaksian ing ngarepé Kaisar ing Roma.​—Kis. 23:11; 27:24.

2, 3. Kapal sing ditumpaki Paulus liwat endi waé, lan sapa sing terus ngancani Paulus selama perjalanan ing Roma?

2 Kapal sing ditumpaki Paulus mandheg ing Sirakusé. Sirakusé kuwi kuthané apik lan mèh padha kaya Athéna lan Roma. Sakwisé telung dina ing Sirakusé, kapalé mangkat ing Règium sing ana ing kidulé Italia. Kapal kuwi mlaku adohé 320 kilomèter lan tekan ing pelabuhan Putéoli ing Italia (cedhaké Napoli jaman saiki). Merga ana angin saka arah kidul, perjalanané isa luwih cepet, malah mung rong dina thok.​—Kis. 28:12, 13.

3 Sedhéla manèh Paulus wis mèh tekan Roma kanggo ngadeg ing ngarepé Kaisar Néro. Selama perjalanan menuju Roma, ”Gusti Allah sing mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé” terus ndhukung Paulus. (2 Kor. 1:3) Awaké dhéwé bakal mbahas nèk Yéhuwah terus ndhukung Paulus bèn terus kendel lan semangat nginjil.

”Paulus Ngucap Syukur marang Gusti Allah lan Ngrasa Dikuwatké” (Kis. 28:14, 15)

4, 5. (a) Apa buktiné nèk sedulur-sedulur ing Putéoli murah hati? (b) Kok isa Paulus ketemu karo sedulur-sedulur ing Putéoli padahal Paulus kuwi tahanan? (c) Wektu dipenjara, ngapa kok umaté Yéhuwah tingkah lakuné kudu tetep apik?

4 Ing Putéoli, Paulus karo kanca-kancané ’ketemu karo murid-murid liyané lan dikongkon nginep nganti seminggu ing kono’. (Kis. 28:14) Kuwi mbuktèkké nèk sedulur-sedulur ing Putéoli bener-bener murah hati. Hasilé, sedulur-sedulur ing kono mesthi ngrasakké akèh berkah merga dikuwatké karo Paulus lan kanca-kancané. Paulus kuwi tahanan, tapi dhèwèké éntuk ketemu karo sedulur-sedulur lan nginep ing kono. Lha kok isa? Kétoké merga tingkah lakuné Paulus apik, mula dhèwèké isa dipercaya karo prajurit Romawi.

5 Jaman saiki, umaté Yéhuwah sing dipenjara lan sing dilebokké kamp konsèntrasi ya kerep diwènèhi luwih akèh kebébasan merga tingkah lakuné apik. Misalé, ing Rumania ana wong lanang sing dihukum 75 taun penjara merga ngrampok. Pas ing penjara dhèwèké sinau Alkitab lan sipaté berubah dadi luwih apik. Merga wis bener-bener berubah, dhèwèké nganti ditugasi penjaga penjara kanggo lunga ing kutha lan tuku barang-barang sing dibutuhké ing penjara, malah lungané ya ora diawasi penjaga penjara. Sing paling penting, nèk tingkah lakuné awaké dhéwé apik kuwi isa ngluhurké Yéhuwah.​—1 Ptr. 2:12.

6, 7. Apa buktiné nèk sedulur-sedulur saka Roma sayang karo Paulus?

6 Saka Putéoli, Paulus karo kanca-kancané mlaku kira-kira 50 kilomèter nganti tekan Kapua. Meréka liwat Dalan Apia sing tujuané ing Roma. Dalan kuwi digawé saka watu-watu sing gedhé. Wong-wong sing liwat dalan kuwi isa ndelok désa-désa ing Italia sing indah banget, terus kadhang-kadhang ya isa ndelok Laut Tengah. Wong-wong sing liwat kono ya ngliwati Pasar Apius lan Rawa Pontin sing adohé kira-kira 60 kilomèter saka Roma. Lukas nulis, ”Wektu ngerti nèk aku teka, sedulur-sedulur ing Roma methuk aku ing Pasar Apius.” Terus, ana sedulur-sedulur liyané saka Roma sing ngentèni Paulus karo kanca-kancané ing Telung Penginepan sing adohé kira-kira 50 kilomèter saka Roma. Sedulur-sedulur saka Roma mbuktèkké nèk bener-bener sayang karo Paulus.​—Kis. 28:15.

7 Pasar Apius kuwi sakjané panggonané ora pénak kanggo istirahat, apa manèh nèk bar lunga adoh. Penulis sing jenengé Horatius nulis nèk Pasar Apius kuwi ”ramé banget, akèh pelaut, terus sing nduwé penginepan ya ora ramah”. Terus, Horatius ya nulis nèk ing kono ”banyuné reged banget”, malah dhèwèké nganti ora gelem mangan ing kono. Meskipun keadaané kaya ngono, tapi sedulur-sedulur saka Roma gelem ngentèni ing kono merga péngin ngancani Paulus lan kanca-kancané.

8. Ngapa kok Paulus bersyukur banget karo Gusti Allah ”wektu ndelok sedulur-sedulur”?

8 Lukas nulis, ”Wektu ndelok sedulur-sedulur kuwi, Paulus ngucap syukur marang Gusti Allah lan ngrasa dikuwatké.” (Kis. 28:15) Mungkin Paulus kenal karo sedulur-sedulur kuwi. Dadi pas ndelok meréka, Paulus dadi dikuwatké lan disemangati. Paulus bersyukur banget karo Gusti Allah merga sedulur-sedulur kuwi nduwé katresnan lan kuwi nduduhké nèk meréka dituntun roh suci. (Gal. 5:22) Jaman saiki, wong Kristen sing dituntun roh suci ya gelem réla berkorban kanggo mbantu lan nyemangati sedulur-sedulur liyané.​—1 Tés. 5:11, 14.

9. Piyé carané awaké dhéwé isa niru sedulur-sedulur saka Roma sing gelem nemoni Paulus?

9 Wong-wong sing dituntun roh suci bakal murah hati karo sedulur-sedulur sing wis berkorban kanggo nglayani Yéhuwah, misalé karo pinituwa wilayah, utusan injil, lan sedulur-sedulur liyané sing nglayani sepenuh waktu. Awaké dhéwé isa mikirké pertanyaan iki, ’Wektu ana kunjungan pinituwa wilayah, apa aku ya gelem ndhukung, misalé ngejak mangan utawa nyedhiakké panggonan kanggo nginep? Apa aku gelem ndaftar bèn isa nginjil bareng meréka?’ Nèk awaké dhéwé réla berkorban lan murah hati, awaké dhéwé bakal diberkahi Yéhuwah lan dikuwatké kaya sedulur-sedulur ing Roma sing ngrungokké pengalamané Paulus lan kanca-kancané sing dibantu Yéhuwah.​—Kis. 15:3, 4.

”Sèkte Iki Ditentang ing Endi-Endi” (Kis. 28:16-22)

10. (a) Piyé keadaané Paulus ing Roma? (b) Telung dina sakwisé tekan Roma, Paulus ngapa?

10 Paulus karo sedulur-sedulur akhiré tekan Roma. Terus, ”Paulus diijinké kanggo nyéwa omah dhéwé, ning dijaga karo salah siji prajurit”. (Kis. 28:16) Wong sing ditahan ing omah biasané tangané tetep diranté ing tangané prajurit bèn ora mlayu. Meskipun tangané diranté, tapi Paulus tetep semangat martakké Kerajaané Gusti Allah. Mula sakwisé istirahat telung dina, Paulus ngundang para pemimpiné wong Yahudi ing Roma bèn isa ketemu lan mènèhi kesaksian karo meréka.

11, 12. Wektu ngomong karo wong-wong Yahudi ing Roma, piyé carané Paulus ngomong bèn meréka ora mikir èlèk soal Paulus?

11 Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, senajan aku ora nglawan bangsa utawa ora nglanggar kebiasaané nènèk moyangé awaké dhéwé, ning aku digawa dadi tahanan saka Yérusalèm lan diserahké marang pamréntah Romawi. Sakwisé mriksa aku, wong Romawi malah péngin mbébaské aku merga ora ana dhasar kanggo ngukum mati aku. Ning, merga wong Yahudi ora setuju, aku kepeksa njaluk bandhing marang Kaisar. Aku nindakké kuwi dudu merga aku arep nglawan bangsaku.”​—Kis. 28:17-19.

12 Paulus nyebut para pemimpin Yahudi kuwi ”sedulur-sedulur”. Kenapa? Paulus péngin nduduhké persamaané karo wong-wong kuwi, yaiku meréka padha-padha wong Yahudi. Paulus ya péngin bèn wong-wong kuwi ora mikir èlèk soal Paulus. (1 Kor. 9:20) Sakliyané kuwi, Paulus ya njelaské nèk dhèwèké ing kono dudu merga arep nyalahké wong Yahudi, tapi merga dhèwèké péngin njaluk bandhing marang Kaisar. Tapi, kétoké wong-wong Yahudi ing Roma durung éntuk kabar saka wong-wong Yahudi ing Yudéa nèk Paulus arep njaluk bandhing. (Kis. 28:21) Lha kok isa? Ana buku sing nulis ngéné, ”Kapal sing ditumpaki Paulus kuwi mesthi kapal pertama sing teka ing Italia sakwisé musim dingin. Wong Yahudi saka Yérusalèm sing diutus ing Roma, utawa surat soal kasusé Paulus mesthi durung tekan ing Roma.”

13, 14. (a) Piyé carané Paulus mulai ngomongké soal Kerajaané Gusti Allah? (b) Piyé awaké dhéwé isa niru contoné Paulus?

13 Paulus mulai ngomongké soal Kerajaané Gusti Allah. Dhèwèké nggawé wong-wong Yahudi ing kono penasaran. Paulus ngomong, ”Kuwi sebabé, aku njaluk kanggo ketemu lan ngomong karo njenengan kabèh. Aku diranté kaya ngéné iki merga percaya nèk Gusti Allah bakal nepati janjiné sing wis disampèkké marang wong Israèl.” (Kis. 28:20) Janji sing disebutké Paulus kuwi ana hubungané karo Mésias lan Kerajaané Gusti Allah, kaya sing diwartakké wong Kristen. Terus para pemimpin Yahudi kuwi kandha, ”Ning, aku krungu nèk sèkte iki ditentang ing endi-endi. Mula, saiki aku péngin ngerti pendapatmu soal kuwi.”​—Kis. 28:22.

14 Wektu nginjil, awaké dhéwé isa niru Paulus. Awaké dhéwé isa mènèhi penjelasan utawa pertanyaan sing nggawé wong-wong penasaran. Ana saran-saran sing apik saka buku Bertukar Pikiran mengenai Ayat-Ayat Alkitab, Memperoleh Manfaat dari Pendidikan Sekolah Pelayanan Teokratis, lan Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang. Apa njenengan gelem ngetrapké saran-saran saka buku kuwi?

Niru Paulus sing ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap” (Kis. 28:23-29)

15. Apa waé sing isa ditiru saka Paulus?

15 Wong Yahudi ing Roma nentokké dina bèn isa ketemu Paulus manèh. Meréka ”ngejak luwih akèh wong” teka ing panggonané Paulus. Terus, ”Saka ésuk nganti bengi, Paulus nggunakké Hukum Musa lan Tulisané Para Nabi bèn isa mènèhi penjelasan sing lengkap soal Kerajaané Gusti Allah lan mbantu wong-wong kuwi bèn isa percaya karo Yésus”. (Kis. 28:23) Ana papat sing isa ditiru saka Paulus. Pertama, Paulus mbahas soal Kerajaané Gusti Allah. Keloro, dhèwèké nggawé wong-wong yakin nèk sing dhèwèké omongké kuwi bener. Ketelu, dhèwèké ngejak mikir wong-wong nggunakké Kitab Suci. Kepapat, Paulus réla berkorban merga dhèwèké ”saka ésuk nganti bengi” gelem mènèhi penjelasan karo wong-wong kuwi. Contoné Paulus apik banget. Apa hasilé? ”Ana wong-wong sing mulai percaya karo omongané Paulus”, tapi ya ana sing ora. Merga pendapaté béda-béda, wong-wong kuwi ”mulai lunga saka kono”.​—Kis. 28:24, 25a.

16-18. (a) Ngapa kok Paulus ora kagèt wektu ana wong-wong Yahudi ing Roma sing ora gelem nampa kabar apik? (b) Nèk ana wong-wong sing ora gelem nampa kabar apik, awaké dhéwé ora perlu ngrasa piyé?

16 Paulus ora kagèt karo tanggepané wong-wong kuwi, soalé kuwi cocog karo ramalané Alkitab lan mbiyèn dhèwèké ya wis tau ditolak kaya ngono. (Kis. 13:42-47; 18:5, 6; 19:8, 9) Mula wektu ana wong-wong sing ora percaya karo penjelasané Paulus lan arep lunga, Paulus ngomong, ”Apa sing diomongké roh suci liwat Nabi Yésaya marang nènèk moyangmu kuwi pancèn bener, yaiku, ’Kowé kudu ngomong ngéné marang bangsa iki, ”Kowé bakal krungu ning babar blas ora paham artiné, lan kowé bakal ndelok ning babar blas ora ngerti. Bangsa iki ndableg.”’” (Kis. 28:25b-27) Ing basa asliné, kata sing diterjemahké dadi ”ndableg” kuwi maksudé ati sing ketutup ”lemak”, dadi kabar apik ora isa mlebu atiné meréka. Kuwi parah banget.

17 Ing akhir omongané, Paulus kandha nèk ora kaya wong-wong Yahudi, ”bangsa-bangsa liya . . . mesthi bakal gelem ngrungokké”. (Kis. 28:28; Mzm. 67:2; Yés. 11:10) Paulus isa ngomong kaya ngono merga ndelok dhéwé akèh wong sing dudu Yahudi gelem nampa kabar apik.​—Kis. 13:48; 14:27.

18 Kaya Paulus, awaké dhéwé ya ora perlu kecéwa nèk ana wong-wong sing ora gelem nampa kabar apik. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya ngerti nèk wong-wong sing gelem nampa kabar apik kuwi mung sithik. (Mat. 7:13, 14) Nèk ana sing gelem nampa lan dadi umaté Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi seneng banget lan gelem nyambut meréka.​—Luk. 15:7.

”Martakké soal Kerajaané Gusti Allah” (Kis. 28:30, 31)

19. Meskipun ditahan ing omah, Paulus tetep ngapa?

19 Ing akhir buku Kisah, Lukas nulis kata-kata sing nyemangati lan nguwatké. Lukas nulis, ”Paulus manggon ing kono nganti rong taun ing omah sing diséwa dhéwé. Dhèwèké nyambut kabèh wong sing teka marani dhèwèké. Paulus ya martakké soal Kerajaané Gusti Allah marang wong-wong kuwi lan kendel banget wektu mulang soal Gusti Yésus Kristus. Paulus nindakké kuwi tanpa ana sing ngalang-ngalangi.” (Kis. 28:30, 31) Paulus dadi conto sing apik. Dhèwèké nduwé iman sing kuwat, semangat nginjil, lan seneng nyambut kabèh wong.

20, 21. Sapa waé sing éntuk manfaat merga Paulus tetep nginjil wektu ditahan ing Roma?

20 Salah siji wong sing disambut Paulus kuwi Onésimus, budhak sing minggat saka Kolose. Paulus mbantu Onésimus dadi wong Kristen lan nyebut Onésimus kuwi ”sedulur sing setya lan sing tak tresnani”. Paulus ya nyebut Onésimus kuwi ”anakku”. Paulus ngomong, ”Aku wis dadi kaya bapaké.” (Kol. 4:9; Flm. 10-12) Onésimus bener-bener nguwatké Paulus.a

21 Sakliyané Onésimus, ana manèh sing éntuk manfaat merga Paulus tetep nginjil wektu ditahan ing Roma. Paulus nulis ngéné kanggo wong-wong ing Filipi, ”Kabèh sing tak alami kuwi nggawé kabar apik saya nyebar ing endi-endi. Para Pengawal Kerajaan lan kabèh wong liyané wis ngerti nèk aku dipenjara merga dadi muridé Kristus. Akèh sedulur sing ngabdi marang Gusti dadi dikuwatké merga aku dipenjara, lan wong-wong kuwi dadi saya kendel martakké omongané Gusti Allah lan ora wedi.”​—Flp. 1:12-14.

22. Selama ditahan ing Roma, Paulus ngapa?

22 Selama ditahan ing Roma, Paulus nulis beberapa surat sing saiki dadi bagéan saka Kitab-Kitab Yunani Kristen.b Surat-suraté Paulus kuwi nguwatké sedulur-sedulur jamané para rasul sing nampa surat kuwi. Awaké dhéwé ya isa éntuk manfaat saka surat-suraté Paulus nèk ngetrapké naséhat-naséhaté.​—2 Tim. 3:16, 17.

LIMA SURAT SAKA PAULUS PAS PERTAMA KALI DIPENJARA ING ROMA

Ana lima surat sing ditulis Paulus kira-kira taun 60-61 M. Wektu kuwi Paulus pertama kali dipenjara ing Roma. Wektu nulis surat kanggo sedulur seiman sing jenengé Filémon, Paulus nyritakké nèk budhaké Filémon sing tau kabur, yaiku Onésimus, wis dadi wong Kristen. Paulus nganggep Onésimus kaya anaké dhéwé. Paulus ya ngongkon Onésimus, sing mbiyèn ”ora ana gunané”, kanggo bali manèh ing panggonané Filémon lan dianggep dadi sedulur seiman.​—Flm. 10-12, 16.

Wektu nulis surat kanggo wong-wong Kolose, Paulus nyritakké nèk Onésimus kuwi ”asalé saka” kono. (Kol. 4:9) Onésimus karo sedulur seiman sing jenengé Tikhikus, diutus ngeterké surat sing ditulis Paulus kanggo sedulur-sedulur ing Éfésus, Kolose, lan kanggo Filémon.—Éf. 6:21.

Wektu nulis surat kanggo wong-wong Filipi, Paulus nyritakké wektu dhèwèké ”dipenjara”. Paulus ya nyritakké keadaané Épafroditus sing ngeterké surat kuwi. Mbiyèn, sedulur-sedulur ing Filipi ngutus Épafroditus kanggo mbantu Paulus, tapi Épafroditus lara bahkan nganti mèh mati. Épafroditus ya sedhih banget merga sedulur-sedulur ing Filipi ”krungu nèk dhèwèké lara”. Mula, Paulus ngandhani wong-wong Filipi supaya sayang karo ”sedulur-sedulur sing kaya ngono kuwi”.​—Flp. 1:7; 2:25-30.

Surat kanggo wong-wong Ibrani ditulis kanggo wong-wong Kristen Ibrani sing ana ing Yudéa. Meskipun ing surat kuwi ora disebutké sapa sing nulis, tapi nèk nggatèkké kata-katané, awaké dhéwé isa ngerti nèk sing nulis kuwi Paulus. Paulus ngirim salam saka Italia lan nyebutké soal Timotius sing ngancani dhèwèké ing Roma.​—Flp. 1:1; Kol. 1:1; Flm. 1; Ibr. 13:23, 24.

23, 24. Apa buktiné nèk sedulur-sedulur jaman saiki niru contoné Paulus sing tetep semangat lan terus nginjil meskipun dipenjara?

23 Ing buku Kisah mémang ora dicritakké wektu Paulus dibébaské. Paulus wis dipenjara patang taun, yaiku rong taun ing Kaisaréa lan rong taun ing Roma.c (Kis. 23:35; 24:27) Tapi Paulus tetep semangat lan terus nginjil. Paulus terus ngupaya sak isa-isané kanggo nglayani Yéhuwah. Jaman saiki, umaté Yéhuwah ya akèh sing dipenjara merga péngin tetep setya, tapi meréka tetep semangat lan terus nginjil. Contoné, sedulur Adolfo ing Spanyol. Dhèwèké dipenjara merga tetep setya. Petugas penjarané sedulur Adolfo ngomong, ”Para petugas ing kéné kagum karo kowé. Kami wis nggawé kowé sengsara ing penjara, tapi kowé malah tetep ramah lan kerep senyum.”

24 Suwé-suwé Adolfo dipercaya karo para penjaga penjara, bahkan pintu penjarané nganti ora ditutup. Para penjaga penjara kadhang-kadhang ya marani Adolfo merga péngin ngerti isiné Alkitab. Bahkan, ana penjaga penjara sing maca Alkitab ing sèl penjarané Adolfo lan Adolfo kudu jaga-jaga bèn ora konangan karo liyané. Dadi, malah tahanané sing ”ngawasi” penjaga penjarané. Pengalaman kaya ngono kuwi mesthi dadi conto sing apik. Awaké dhéwé mesthi dadi ”saya kendel martakké omongané Gusti Allah lan ora wedi”, bahkan wektu keadaané susah.

25, 26. (a) Ora nganti 30 taun, ramalan apa sing kelakon lan didelok Paulus dhéwé? (b) Piyé ramalan kuwi kelakon jaman saiki?

25 Saka buku Kisah awaké dhéwé ngerti pengalamané wong Kristen sing terus semangat nginjil. Nah, ing bagéan akhir dicritakké nèk meskipun Paulus ditahan ing omah, Paulus tetep ”martakké soal Kerajaané Gusti Allah” karo wong-wong sing teka ing omahé. Pengalamané Paulus kuwi bener-bener nyemangati awaké dhéwé. Kaya sing dibahas ing Bab 1, Yésus ngekèki préntah murid-muridé, ”Pas kowé nampa roh suci, kowé bakal nduwé kuwasa. Kowé ya bakal dadi seksiku ing Yérusalèm, ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi.” (Kis. 1:8) Ora nganti 30 taun bar Yésus ngomong kuwi, kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah wis ”diwartakké marang kabèh ciptaan sing ana ing ngisor langit”.d (Kol. 1:23) Kuwi kabèh kelakon merga bantuané roh suciné Yéhuwah.​—Za. 4:6.

26 Jaman saiki, ”domba-domba liyané” lan sedulur-sedulur sing nduwé harapan munggah swarga isa terus ”mènèhi penjelasan sing lengkap soal Kerajaané Gusti Allah” ing 240 negara merga bantuané roh suci. (Yoh. 10:16; Kis. 28:23) Apa njenengan ya gelem ndhukung gawéan nginjil?

SAKWISÉ TAUN 61 M PAULUS NGAPA WAÉ?

Kira-kira taun 61 M, Paulus ngadhep Kaisar Néro. Kétoké Kaisar Néro sing nganggep nèk Paulus ora salah. Sakwisé dibébaské, Paulus ngapa waé? Ya mémang awaké dhéwé ora ngerti akèh soal kuwi. Tapi nèk misalé Paulus lunga ing Spanyol kaya sing wis direncanakké, kemungkinan lungané ya wektu kuwi. (Rm. 15:28) Kira-kira taun 95 M, Klemens saka Roma nulis nèk Paulus lunga ”ing dhaérah sing paling kulon”.

Sakwisé dibébaské, Paulus nulis telu surat yaiku 1 Timotius, 2 Timotius, lan Titus. Saka telu surat kuwi awaké dhéwé ngerti nèk Paulus ngunjungi Kréta, Makédonia, Nikopolis, lan Troas. (1 Tim. 1:3; 2 Tim. 4:13; Tit. 1:5; 3:12) Mungkin pas ing Nikopolis, Yunani, Paulus ditangkep manèh. Sing jelas, kira-kira taun 65 M, Paulus dipenjara manèh ing Roma. Wektu kuwi Néro mutuské bèn Paulus dihukum mati. Sakliyané kuwi, ing taun 64 M wektu ana kebakaran ing kutha Roma, menurut ahli sejarah Romawi sing jenengé Tacitus, Néro malah nyalahké wong-wong Kristen lan kejem banget nganiaya wong-wong kuwi.

Ing surat 2 Timotius, Paulus ngerti nèk sedhéla manèh bakal mati. Mula dhèwèké ngongkon bèn Timotius karo Markus cepet-cepet marani dhèwèké. Wektu Paulus dipenjara, Lukas karo Onésiforus kendel banget ngancani Paulus padahal kuwi bahaya. (2 Tim. 1:16, 17; 4:6-9, 11) Kenapa kok bahaya? Wektu kuwi nèk ana sing ngaku wong Kristen, dhèwèké bakal ditangkep lan disiksa nganti mati. Paulus kétoké dihukum mati ora suwé sakwisé nulis surat 2 Timotius kira-kira taun 65 M. Terus, telung taun sakwisé Paulus dihukum mati, Néro bunuh diri.

KABAR APIK ”DIWARTAKKÉ MARANG KABÈH CIPTAAN”

Kira-kira taun 61 M wektu Paulus dipenjara ing Roma, Paulus nulis nèk ”kabar apik . . . wis diwartakké marang kabèh ciptaan sing ana ing ngisor langit”. (Kol. 1:23) Apa maksudé?

Kétoké kata-katané Paulus kuwi nduduhké ”kabar apik” wis diwartakké tekan endi. Wektu kuwi, dhaérah endi waé sing wis dikenal wong-wong? Misalé, sekitar taun 400–301 SM, Aleksander Agung nguwasani Asia tekan perbatasan India. Taun 55 SM Julius Caesar nyerang Inggris, terus Klaudius berhasil nguwasani Inggris sisih kidul lan Inggris dadi bagéan pamréntahan Romawi taun 43 M. Dhaérah Asia ya wis dikenal merga dhaérah kuwi ngasilké sutra sing alus.

Apa kuwi berarti kabar apik wis diwartakké nganti tekan Inggris lan Asia? Kayané durung. Taun 56 M Paulus ngomong nèk dhèwèké péngin lunga ing Spanyol, tapi taun 61 M rencanané Paulus kuwi durung kelakon. (Rm. 15:20, 23, 24) Meskipun ngono, pas taun 61 M wektu Paulus nulis surat kanggo wong-wong Kolose, kabar apik wis diwartakké ing endi-endi. Paling ora, kabar apik wis nyebar ing dhaérah asalé wong-wong Yahudi lan dhaérah asalé wong-wong sing pindhah agama dadi Yahudi sing dibaptis pas Péntakosta 33 M. Kabar apik ya wis diwartakké ing dhaérah-dhaérah sing ditekani para rasul.​—Kis. 2:1, 8-11, 41, 42.

a Paulus sakjané péngin Onésimus ngancani dhèwèké tapi ora isa, soalé kuwi nglanggar hukum Romawi. Kuwi ya nglanggar haké majikané Onésimus yaiku Filémon, sing padha-padha wong Kristen. Mula, Onésimus bali ing panggonané Filémon lan dhèwèké nggawa surat saka Paulus kanggo Filémon. Ing surat kuwi Paulus ngomong nèk dhèwèké péngin bèn Filémon ramah lan apikan karo Onésimus lan ora mung nganggep Onésimus kuwi budhak, tapi ya sedulur seimané.​—Flm. 13-19.

b Deloken kothak ”Lima Surat saka Paulus Pas Pertama Kali Dipenjara ing Roma”.

c Deloken kothak ”Sakwisé Taun 61 M Paulus Ngapa Waé?”.

d Deloken kothak ”Kabar Apik ’Diwartakké marang Kabèh Ciptaan’”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim