Lagu 2
Nuwun Yéhuwah
1. Nuwun ya Yéhuwah, ’nggo saben dina,
Uripku wis dituntun asta-Mu.
Nuwun wis paring kaurmatan ndonga,
S’najan asalku mung saka lebu.
2. Nuwun ya Yéhuwah kanggo putra-Mu,
Sing imané wis ngalah’ké donya.
Nuwun dituntun nindak’ké kersa-Mu,
Janjiku ngabdi isa tak jaga.
3. Nuwun ya Yéhuwah isa martak’ké
Sabda-Mu lan asma-Mu sing mulya.
Nuwun kraton-Mu mréntah saklawasé,
Bakal nyingkir’ké kabèh sing ala.
(Delengen uga Ms. 50:14; 95:2; 147:7; Kl. 3:15.)