Lagu 32
Kuwat lan Setya Ngabdi
1. Bangsa-bangsa padha dadi wedi,
Merga sing bakal k’lakon ’ra ngerti.
Umaté Yah aja nganti wedi,
Lan setya sing ngabekti.
(REFREIN)
Kuwat lan setya ngabdi,
’Ra mèlu donya iki,
Maca Kitab Suci, setya marang Gusti.
2. Akèh godha saka donya iki,
Aja nganti padha dituruti.
Nèk kabèh sabda-Mu tak lakoni,
Nampa urip sejati.
(REFREIN)
Kuwat lan setya ngabdi,
’Ra mèlu donya iki,
Maca Kitab Suci, setya marang Gusti.
3. Ngabdi kanthi lila saka ati.
Martak’ké Injil ing endi-endi.
Kabar apik bab Kratoné Gusti.
Sing mèh ngowahi bumi.
(REFREIN)
Kuwat lan setya ngabdi,
’Ra mèlu donya iki,
Maca Kitab Suci, setya marang Gusti.