Lagu 35
Nuwun, Sabar-Mu Terus Ana
1. Yéhuwah sing Mahakuwasa,
Sipat adilé wis nyata.
Akèh sing nindak’ké ala,
Nggawé atiné Yah lara.
Yéhuwah isa dipercaya,
Wong-wong sing jahat bakal sirna.
Lan matur nuwunku merga,
Sabaré Huwah tetep ana.
2. Kanggo Yéhuwah mung sedina,
Sèwu taun ’nggo manungsa.
Armagédhon wis mèh teka,
Ora mungkin ora sida.
S’najan Yah sengit karo dosa,
Wong sing mertobat diapura.
Kanggoku janji-Mu nyata,
Nuwun sabar-Mu terus ana.
(Delengen uga Lk. 15:7; 2 Pt. 3:8, 9.)