Lagu 39
Katentreman Sejati
1. Gusti Allah Yéhuwah,
Sing nentremaké.
’Ra ana manèh susah,
P’rang disingkir’ké.
Katentreman sejati,
Yésus Rajané.
Sing bener dibélani,
Nglawan mungsuhé.
2. Wis ora gampang nesu,
Lan ora sengit.
Tombak lan pedang iku,
Dadi ’nggo ngarit.
Kaya muridé Yésus,
Kudu ngupaya.
Nèk péngin rukun terus,
Gelem ngapura.
3. Sinau Kitab Suci,
Bèn urip ayem.
T’rus nyuwun marang Gusti,
Bèn isa tentrem.
Rukun sing dipéngini,
Wis tak lakoni.
Nganti Kratoné Gusti,
Nentrem’ké bumi.
(Delengen uga Ms. 46:10; Yé. 2:4; Yb. 3:17, 18.)