Lagu 12
Gusti Allah Njanjèkké Urip Saklawasé
1. Allah Yéhuwah wis janji,
Wong sing manut dhawuhé.
Nèk bakal urip ing bumi,
Nganti sakterusé.
(REFREIN)
Urip saklawasé,
Nèk diupayak’ké.
Kelakon janjiné,
Nyata sabdané.
2. Manungsa bakal sampurna,
Kabèh isa mardika.
Ing pamréntahané Huwah,
Tentrem dadi berkah.
(REFREIN)
Urip saklawasé,
Nèk diupayak’ké.
Kelakon janjiné,
Nyata sabdané.
3. Wong-wong sing susah lan lara,
Bakalé ora ana.
Lan wong mati diurip’ké,
Tresnané nentrem’ké.
(REFREIN)
Urip saklawasé,
Nèk diupayak’ké.
Kelakon janjiné,
Nyata sabdané.
(Delengen uga Yé. 25:8; Lk. 23:43; Yo. 11:25; Wy. 21:4.)