PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ll bagéan 3 hlm. 8-9
  • Urip ing Firdaus Kuwi Kaya Apa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Urip ing Firdaus Kuwi Kaya Apa?
  • Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Merga Adam lan Hawa Manut Sétan, Apa Akibaté?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
  • Bagéan 3
    Rungokna Gusti Allah
  • Adam lan Hawa Ora Manut Gusti Allah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Wong Lanang lan Wong Wédok sing Pertama
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Delok Kabèh
Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
ll bagéan 3 hlm. 8-9

BAGÉAN 3

Urip ing Firdaus Kuwi Kaya Apa?

Yéhuwah mberkahi Adam lan Hawa. Purwaning Dumadi 1:28

Yéhuwah mènèhké Hawa marang Adam

Yéhuwah nyiptakké wong wédok sing pertama, yaiku Hawa, bèn dadi bojoné Adam.​—Purwaning Dumadi 2:21, 22.

Pikiran lan badané Adam lan Hawa kuwi sampurna, ora ana cacadé.

Adam lan Hawa ing Firdaus

Adam lan Hawa manggon ing Taman Èden. Taman Èden utawa Firdaus kuwi panggonan sing apik banget. Ing kono ana kaliné, ana akèh wit sing buahé énak dipangan, lan ana kéwan-kéwan.

Yéhuwah ya omong-omongan lan mulang Adam lan Hawa. Nèk gelem ngrungokké Gusti Allah, Adam lan Hawa bakal urip saklawasé ing bumi.

Yéhuwah ngomong nèk ana wit sing buahé ora éntuk dipangan. Purwaning Dumadi 2:16, 17

Wit ing Taman Èden sing buahé ora éntuk dipangan

Ing taman kuwi ana wit sing buahé ora éntuk dipangan. Yéhuwah ngomong nèk mangan buah kuwi Adam lan Hawa bakal mati.

Liwat ula, Sétan si Iblis omong-omongan karo Hawa

Ana malaékat sing nglawan Gusti Allah. Malaékat sing jahat kuwi disebut Sétan si Iblis.

Sétan péngin Adam lan Hawa ora manut Yéhuwah. Mula liwat ula, dhèwèké ngapusi Hawa. Dhèwèké ngomong nèk Hawa mangan buah kuwi, Hawa ora bakal mati, ning malah dadi kaya Gusti Allah.​—Purwaning Dumadi 3:1-5.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim