PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jl pelajaran 25
  • Apa Sebabé Balé Ibadah Dibangun lan Kepriyé Carané?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Sebabé Balé Ibadah Dibangun lan Kepriyé Carané?
  • Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Proyèk Pembangunan Ngluhurké Yéhuwah
    Kratoné Allah Wis Mréntah
Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
jl pelajaran 25

BAB 25

Apa Sebabé Balé Ibadah Dibangun lan Kepriyé Carané?

Sukarelawan sing mbangun Balé Ibadah ing Bolivia

Bolivia

Balé Ibadah ing Nigeria sakdurungé didandani
Balé Ibadah ing Nigeria sakwisé didandani

Nigeria, sakdurungé lan sakwisé dibangun

Proyèk mbangun Balé Ibadah ing Tahiti

Tahiti

Balé Ibadah iku panggonan kanggo ngrembug Alkitab, utamané bab Kratoné Gusti Allah. Iku uga bab sing diwartakaké Yésus.​—Lukas 8:1.

Panggonan kanggo ibadah sing sejati. Seksi-Seksi Yéhuwah ngatur panginjilan saka panggonan iku. (Matéus 24:14) Gedhéné lan rancangané saben Balé Ibadah béda-béda, nanging kabèh bentuké biasa waé. Akèh Balé Ibadah dienggo luwih saka sajemaat. Nganti saiki, wis ana éwon Balé Ibadah sing dibangun (kira-kira limang Balé saben dina) kanggo nyukupi cacahé jemaat sing tambah akèh. Kepriyé iku bisa ditindakaké?​—Matéus 19:26.

Dibangun saka dhuwit sumbangan. Sumbangané diklumpukaké ing kantor cabang supaya bisa digunakaké déning jemaat sing arep mbangun utawa ndandani Balé Ibadah.

Dibangun déning sedulur-sedulur sing ngréwangi tanpa bayaran. Ing akèh negara, ana Kelompok sing Mbangun Balé Ibadah. Sing klebu ing kelompok iki yaiku abdi sing kusus mbangun Balé Ibadah lan wong-wong sing gelem ngréwangi. Kelompok iki lunga menyang panggonan ngendi waé kanggo mbangun Balé Ibadah, klebu dhaérah plosok. Ing negara-negara liya, ana Seksi Yéhuwah sing ditetepaké kanggo ngawasi Balé Ibadah sing lagi dibangun lan didandani ing sawijiné wilayah. Senajan ana kelompok sing kusus mbangun Balé Ibadah, sing ngréwangi akèh-akèhé ya anggota jemaat sing lagi mbangun Balé Ibadah. Iku bisa kelakon merga berkahé Yéhuwah lan upaya sing tenanan saka umaté Yéhuwah.​—Jabur 127:1; Kolosé 3:23.

  • Balé Ibadah iku panggonan kanggo apa?

  • Kepriyé Balé Ibadah bisa dibangun ing akèh panggonan sadonya?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim