PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • fg pelajaran 4 ptkn. 1-5
  • Sapa Yésus Kuwi?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sapa Yésus Kuwi?
  • Kabar Apik saka Gusti Allah!
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Tebusan Kuwi Hadiah saka Gusti Allah
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Yésus Mati Bèn Manungsa Urip Saklawasé
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Kabar Apik saka Gusti Allah!
fg pelajaran 4 ptkn. 1-5

BAB 4

Sapa Yésus Kuwi?

1. Kapan Yésus mulai ana?

1. Yésus ing swarga; 2. Yésus pas isih bayi karo Maryam lan Yusuf; 3. Yésus lagi mulang bocah-bocah. Kena apa wong-wong seneng cedhak karo Yésus?

Kena apa wong-wong seneng cedhak karo Yésus?​—MATIUS 11:29; MARKUS 10:13-16.

Yésus digawé Gusti Allah sadurungé nggawé liya-liyané. Yésus wis ana ing swarga awujud malaékat sadurungé urip ing bumi. Kuwi bédané Yésus karo manungsa liyané. (Yohanes [Yokanan] 8:23) Yésus ora dilairaké saka wong wadon, nanging digawé langsung karo Yéhuwah. Mulané, dhèwèké diarani Putrané Gusti Allah. Yésus uga disebut Sang Sabda, merga Gusti Allah ngendika lantaran dhèwèké. (Yohanes 1:14) Gusti Allah nggawé liya-liyané lantaran Yésus.​—Wacanen Wulang Bebasan 8:22, 23, 30; Kolosé 1:15, 16.

2. Kena apa Yésus rawuh ing bumi?

Gusti Allah nggunakaké kuwasané kanggo mindhah Yésus saka swarga ing wetengé prawan Yahudi sing jenengé Maryam. Dadi, Maryam mbobot ora merga wong lanang. (Lukas 1:30-35) Yésus rawuh ing bumi kanggo (1) mulang katrangan sing bener bab Gusti Allah, (2) maringi conto carané nindakaké kersané Gusti Allah sanadyan angèl, (3) masrahaké nyawané kanggo nebus manungsa.​—Wacanen Matius 20:28.

3. Kena apa manungsa mbutuhaké tebusan?

Tebusan tegesé sing kudu dibayaraké kanggo ngijoli nyawané wong supaya ora mati. (Pangentasan 21:29, 30) Wektu nggawé manungsa, Gusti Allah ora kepéngin yèn manungsa dadi tuwa lan mati. Apa buktiné? Gusti Allah ngendika yèn manungsa kapisan sing jenengé Adam nindakaké dosa, dhèwèké bakal mati. Dadi, upama ora nindakaké dosa, dhèwèké ora bakal mati. (Purwaning Dumadi 2:16, 17; 5:5) Alkitab kandha, pati sing dadi ukumané dosa mlebu donya lantaran Adam. Mulané, dosa lan ukuman pati kuwi diwarisaké ing anak putuné. Dadi, supaya ora mati merga dosa saka Adam, manungsa mbutuhaké tebusan.​—Wacanen Rum 5:12; 6:23.

Sapa sing bisa mènèhi tebusan supaya awaké dhéwé ora mati? Wong sing mati kuwi mung bisa mbayar dosané dhéwé. Merga kabèh manungsa nduwé dosa, ora ana sing bisa mbayar tebusan kanggo dosané wong liya.​—Wacanen Jabur 49:8-10.

4. Kena apa Yésus kudu séda?

Yésus sekarat ing kayu, banjur diuripaké manèh lan saiki wis dadi Raja ing swarga

Ora kaya awaké dhéwé, Yésus manungsa sing ora nduwé dosa merga lairé saka kuwasané Gusti Allah. Yésus ora tau nindakaké dosa. Dadi, Yésus mesthiné ora kudu séda. Nanging, Yésus séda kanggo nanggung dosané wong liya. Kuwi kersané Gusti Allah merga nresnani manungsa. Yésus uga nresnani manungsa, mula Yésus manut kersané Gusti Allah lan masrahaké nyawané kanggo manungsa.​—Wacanen Yohanes 3:16; Rum 5:18, 19.

Deloken vidéo Apa Sebabé Yésus Séda?

5. Apa sing ditindakaké Yésus saiki?

Wektu ing bumi, Yésus nambani wong lara, nguripaké wong mati, lan nulungi wong sing susah. Saka tumindaké kuwi, awaké dhéwé ngerti sing bakal ditindakaké Yésus kanggo wong sing manut karo Gusti Allah. (Matius 15:30, 31; Yohanes 5:28) Sawisé Yésus séda, Gusti Allah nguripaké Yésus ing swarga awujud malaékat. (1 Pétrus 3:18) Terus, Yésus nunggu ing sisih tengené Gusti Allah nganti diwènèhi kuwasa dadi Raja kanggo mréntah bumi. (Ibrani 10:12, 13) Saiki, Yésus wis dadi Raja ing swarga lan kabar apik iki diwartakaké umaté kanggo wong sadonya.​—Wacanen Dhanièl 7:13, 14; Matius 24:14.

Ora suwé manèh, Yésus sing wis dadi Raja bakal nyingkiraké kasusahané manungsa lan wong sing nggawé kasusahan kuwi. Wong sing percaya lan manut karo Yésus bakal urip ing pirdus sing ana ing bumi.​—Wacanen Masmur 37:9-11.

Kanggo katrangan sing luwih akèh, wacanen buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? bab 4 lan 5

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim