PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • yc pelajaran 6 hlm. 14-15
  • Dawud Ora Tau Wedi

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Dawud Ora Tau Wedi
  • Wulangen Anakmu
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Daud lan Goliat
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • “Peperangan Iku Ana ing Astane Sang Yéhuwah”
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Ngendelké Yéhuwah Bèn Kendel
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
Wulangen Anakmu
yc pelajaran 6 hlm. 14-15

BAB 6

Dawud Ora Tau Wedi

Nèk wedi, biasané kowé piyé?— Mungkin waé kowé nggolèki bapak karo ibumu. Ning, ana sing luwih kuwat sing isa mbantu kowé. Kowé ngerti ra kuwi sapa?— Ya bener, Yéhuwah sing isa mbantu kowé. Ayo, di waca critané cah enom sing jenengé Dawud. Dawud percaya nèk Yéhuwah terus mbantu, mula dhèwèké ora tau wedi.

Pas isih bayi, Dawud diwulang wong tuwané bèn sayang karo Yéhuwah. Dadi, Dawud ora wedi merga percaya nèk Yéhuwah mesthi mbantu. Dawud iya nganggep Yéhuwah kuwi kancané. Pas lagi angon wedhus, Dawud weruh singa sing gedhé lagi nyokot wedhusé, terus digawa mlayu. Dawud terus piyé? Dawud ngoyak singa kuwi, terus dipatèni ora nganggo senjata. Bar kuwi, ana beruang nyerang wedhusé. Beruang kuwi ya dipatèni karo Dawud. Kowé ngerti ora ngapa kok Dawud kendel banget?— Ya, mergané Yéhuwah sing nulungi Dawud.

Bar kuwi, wong-wong Israèl perang karo wong Filisti. Salah siji tentarané Filisti kuwi raksasa, sing awaké gedhé banget, jenengé Goliat. Goliat ngécé lan ngenyèk wong Israèl karo Yéhuwah. Goliat nantang wong Israèl, ning ora ana sing wani. Pas Dawud nèng kono, Dawud krungu, terus ngomong karo Goliat, ’Aku sing arep nglawan kowé. Yéhuwah mesthi nulungi aku lan kowé mesthi kalah’. Kuwi nduduhké nèk Dawud kendel ta?— Ya, Dawud kendel banget. Ayo diwaca menèh critané.

Dawud njupuk bandhil karo watu cacahé lima. Bar kuwi, Dawud nyedhaki raksasa mau. Goliat ngécé Dawud merga isih enom, ning Dawud ngomong, ’Kowé teka nganggo pedhang, ning aku teka nganggo jenengé Yéhuwah!’ Bandhilé dikèki watu dinggo mbalang Goliat. Watuné ngenani pas bathuké. Goliat langsung nggléthak terus mati. Wong-wong Filisti terus wedi merga Goliat wis mati, terus padha mlayu. Ngapa kok Dawud sing isih enom isa matèni raksasa sing jenengé Goliat?— Merga Yéhuwah nulungi Dawud. Yéhuwah luwih kuwat dibandhing raksasa mau!

Dawud matèni Goliat

Dawud ora wedi merga yakin nèk Yéhuwah mesthi bantu

Apa sing isa disinaoni saka critané Dawud?— Yéhuwah luwih kuwat timbang sapa waé. Yéhuwah kuwi kancamu. Kowé kudu éling, nèk pas kowé wedi, Yéhuwah mesthi mbantu bèn kowé isa kendel!

WACANEN ALKITABMU

  • Jabur 56:4, 5

  • 1 Samuèl 17:20-54

PITAKONAN:

  • Pas singa karo beruang nyerang wedhusé Dawud, kéwan kuwi diapakké karo Dawud?

  • Wektu Goliat ngenyèk Yéhuwah, Dawud ngomong apa karo Goliat?

  • Piyé carané Dawud ngalahké Goliat?

  • Ngapa kok Dawud ora wedi karo singa, beruang, lan raksasa?

  • Apa sing isa disinaoni saka critané Dawud?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim