PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • hf bagéan 4 hlm. 12-14
  • Carané Nggunakké lan Ngatur Dhuwit

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Nggunakké lan Ngatur Dhuwit
  • Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • 1 BLANJAKNA KANTHI SETITI
  • 2 KUDU JUJUR LAN AJA MENTINGKÉ AWAKÉ DHÉWÉ
  • Apa Dhuwit Nggawé Wong Dadi Jahat?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
hf bagéan 4 hlm. 12-14
Wong bebojoan lagi ngrembug carané nggunakké lan ngatur dhuwit

BAGÉAN 4

Carané Nggunakké lan Ngatur Dhuwit

”Rancangan bisané kelakon marga saka panglimbang.”​—Wulang Bebasan 20:18

Kabèh wong butuh dhuwit kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. (Wulang Bebasan 30:8) Sakjané, dhuwit kuwi kanggo pangayoman. (Kohèlèt 7:12) Wong bebojoan kadhangkala angèl nèk arep ngrembug bab dhuwit, ning aja nganti dhuwit dadi masalah ing keluarga. (Éfesus 4:32) Wong bebojoan kudu percaya karo siji lan sijiné, lan isa ngrembug bareng carané nggunakké lan ngatur dhuwit.

1 BLANJAKNA KANTHI SETITI

ALKITAB KANDHA: ”Sabab sapa ta panunggalanmu kang arep ngadegaké manara, ora linggih dhisik ngétung-étung, apa dhuwité cukup kanggo ngragadi nganti sarampungé.” (Lukas 14:28) Dhuwité arep dinggo apa kudu dipikirké tenanan. (Amos 3:3) Nèk péngin tuku-tuku ya kudu dirembug bareng, sepira dhuwit sing isa diblanjakké. (Wulang Bebasan 31:16) Senajan nduwé dhuwit, aja kabèh sing dipéngini dituku. Nèk isa, aja nganti utang. Aja blanja luwih saka dhuwit sing ana.​—Wulang Bebasan 21:5; 22:7.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Nèk sasi iki isih ana dhuwit turah, wong loro isa mutuské dhuwité arep dinggo apa

  • Nèk sasi iki ora ana dhuwit turah, sasi ngarep wong loro isa nggawé itung-itungan manèh pira dhuwit sing diduwèni lan sing dinggo blanja, terus nyuda dhuwit sing metu. Contoné, panjenengan isa masak dhéwé timbang jajan

Wong bebojoan mikirké apa sing arep dituku dhisik

2 KUDU JUJUR LAN AJA MENTINGKÉ AWAKÉ DHÉWÉ

ALKITAB KANDHA: Penting banget ”tumindak jujur, ora mung ana ing ngarsané Gusti, nanging uga ana ing ngarepé manungsa”. (2 Korinta 8:21, Basa Jawi Padintenan) Kandhanana bojomu sepira dhuwit sing ditampa karo sing diwetokké.

Kudu kerep rembugan bareng bab keputusan-keputusan sing ana gandhèngané karo dhuwit. (Wulang Bebasan 13:10) Merga iki isa njaga urip bebojan panjenengan tetep rukun. Dhuwit kuwi ora mung duwèké panjenengan, ning duwèké keluarga.​—1 Timotéus 5:8.

Wong bebojoan ndelok dhaftar pas blanja bareng-bareng

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Rembugen karo bojomu, pira dhuwit sing éntuk langsung diblanjakké tanpa tarèn dhisik

  • Ndang rembugen carané ngatur lan nggunakké dhuwit, aja ngentèni ana masalah, lagi dirembug

CARANÉ BÈN ORA MENTINGKÉ DHUWIT

Senajan dhuwit kuwi penting, ning aja nganti nggawé keluarga ora ayem lan kuwatir terus. (Matéus 6:25-34) Wong bebojoan ora kudu nduwé dhuwit sing akèh nèk arep urip seneng. Alkitab kandha nèk wong bebojoan kuwi ora éntuk srakah. (Lukas 12:15) Urip bebojoan panjenengan kuwi luwih aji katimbang dhuwit. Dadi, kudu nduwé rasa cukup lan sesambungan sing apik karo Yéhuwah. Kuwi luwih penting, merga isa ndadèkké keluarga ayem tentrem lan nyenengké Yéhuwah.​—Ibrani 13:5.

COBA DIPIKIR . . .

  • Aku karo bojoku kudu piyé bèn ora nduwé utang?

  • Kapan aku karo bojoku ngrembug bab dhuwit?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim